Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 109 (The choice; The flogging of Jesus; Pilate awed by Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
A - LELAKON-LELAKON WIWIT KABONDO TUMEKA ANGGONE KAKUBUR (Yokanan 18:1 - 19:42)
3. Pengadilan sipil ing ngarepane Gubernur Romawi (Yokanan 18:28 - 19:16)

b) Milih antarane gusti Yesus utawa Barabas (Yokanan 18:39-40)


YOKANAN 18:39-40
39 Nanging kowe padha duwe adat, samasa riyaya Paskah kowe padha daklilani nyuwun luware wong siji. Kang iku apa karepmu kang daklilakake marang kowe ratune wong Yahudi?” 40 Ing kono wong-wong padha mbengok maneh: “Sampun Piyambakipun, Barabas kemawon!” Anadene Barabas iku sawijining begal.

Pilatus kepengin nyingkiri awake saka Priyagung kang aneh iku, nanging dheweke uga kepengin banget nyenengake atine wong-wong Yahudi. Pilatus duwe usul supaya bandan iku diluwari atas landhesan pakulinan kang ngidinake salah siji kang kaukum diwenehi pangapura ing dina riyaya iku. Pilatus mbudidaya nenangake ati Imam Agung kanthi nyebut gusti Yesus dadi jejere ratu wong Yahudi nanging kanthi tembung kang ngenyek. Manawa Pilatus wis ngluwari Panjenengane, gusti Yesus sebanjure bakal ora diajeni lan kamisuwurane ilang (manut penemune Pilatus), awit Panjenengane dianggep ora bisa ngluwari umat Panjenengane saka pangwasane bangsa Romawi.

Nanging, para imam lan wong akeh dadi nesu banget awit sesebutan “Ratu wong Yahudi”. Wong-wong mau malah duwe pengarep-arep tekane pahlawan prajurit, wong kang kebak kaprabawan lan asikep keras. Awit saka iku wong-wong Yahudi milih Barabas kang sejatine wong ala kang mbebayani; luwih milih manungsa dosa ketimbang karo Panjenengane kang suci saka Gusti Allah.

Ora mung Makamah Agama kang asikep ndadekake gusti Yesus satru, nanging wong akeh uga ngremehake Panjenengane. Apa panjenengane sebanjure bakal ngadeg ndeleng Panjenengane kang dadi jejering kayekten, alusing bebuden, lan ora ngasta gaman, utawa panjenengan uga bakal asikep kaya wong-wong kang manembah Paugeran kang sumendhe marang tindak wengis lan kajuligan, lan ninggalake babar pisan sih rahmat lan kayekten?


c) Gusti Yesus disapu ing ngarepe wong-wong kang ndakwa Panjenengane (Yokanan 19:1-5)


YOKANAN 19:1-3
1 Sang Pilatus tumuli dhawuh nggawa Gusti Yesus supaya disapu. 2 Para prajurit banjur padha nganam eri kanggo makuthan diagemake ing mustakane, sarta diagemi jugah wungu, 3 tumuli padha maju sarta ngucap: “Sugeng, ratunipun tiyang Yahudi!” Wong-wong mau banjur napuk pasuryane.

Sejatine nalika iku kudune Pilatus ngluwari gusti Yesus, lan kosokbaline nyekel wong-wong kang ndakwa Panjenengane. Prekara iku ora ditindakake, nanging malah jungkir walik kayekten lan mbudidaya nindakake kompromi. Awit saka iku Pilatus sebanjure duwe perintah supaya gusti Yesus disapu. Paukuman iku sawijining wujud paukuman kang banget dening ngegirisi lan banget dening nglarani. Pecut kang dianggo bakal ngejur balung lan nunjem jero. Para prajurit sebanjure tumindak kasar marang gusti Yesus lan nyancang Panjenengan ing cagak ing panggung kang tinarbuka lan nglarani Panjenengane. Kulit lan daging gusti Yesus kairis-iris, lan gusti Yesus ngrasakake lara kang ora bisa disebutake mawa tembung. Akeh wong kang nampa paukuman mangkono mati nalika nglakoni paukuman sing kaya mengkene iki. Gusti kita kang ora dosa nandang kasangsaran kang semono ngedap-edapine ing sajrone badan lan jiwa Panjenengane.

Sebanjure para prajurit iku, kanggo nerusake anggone dolanan Gusti Yesus, njupuk Gusti kang wis rojah-rajeh awake. Sejatine nalika iku para prajurit lagi ana ing sajroning keweden. Yaiku keweden marang teroris Yahudi, lan ora wani lunga yen wayahe wis bengi. Dina iku para prajurit kaya-kaya entuk wewengan mbales, ngetokake pangigit-igite kanthi nyiksa marang wong kang nyebut Sarirane ratunya wong Yahudi. Ya marang gusti Yesus rasa sengit marang wong Yahudi kang seneng gawe gegeran iku kaesokake. Salah siji ing antarane para prajurit iku ana sing mlayu njupuk wit kang ana erine, banjur digawe makutha kang dipasang ana ing mestakane gusti Yesus. Ya marga makutha eri iku dadi jalaran mestakani gusti Yesus ngetokake getih. Ora mung iku wae, Panjenengan sebanjure ditendang lan dikaplengi tanpa petungan. *Sawetara ing antarane para prajurit mau ana sing jengkeng ing ngarsa Panjenengane kaya-kaya lagi nyawisake Panjenengane munggah ing dampar keprabon. Nalika iku prajurit Romawi asale saka maneka bangsa ing Eropa. Kang nggambarake bangsa-bangsa ing jagat iki melu ing sajroning ngremehake lan nyenyamah kang ditujokake Cempening Allah.

YOKANAN 19:4-5
4 Pilatus tumuli miyos maneh sarta ngandika marang wong-wong: “Lah tontonen, iku wonge dakwetokake marang ngarepmu, supaya kowe padha sumurup, yen mungguh ing aku ora ana kaluputane.” 5 Gusti Yesus tumuli miyos, ngagem makutha eri lan jubah wungu. Pangandikane sang Pilatus marang wong-wong:”Sawangen manungsa iku!”

Sang Pilatus ndeleng cathetan bab Gusti Yesus ora nemokake yen Panjenengane iku luput. Nganti kaping telu dheweke metu nemoni pemimpin wong-wong Yahudi lan kandha sepisan maneh, “Aku ora nemokake kaluputan apa wae ing Wong iki”. Lan sebanjure, dheweke mbudidaya nemokake wong-wong adhepan, supaya ngetokake kajuligan lan mratelakake kayekten.

Sang Pilatus nggawa metu gusti Yesus nuduhake kabeh kang diantemi lan tatu-tatu ing badane Panjenengane lan rah kang mili, uga makutha erei kang nancep ing mestaka Panjenengane. Uga ing bahu Panjenengane ana selempang jubah wungu, kang ditelesi dening geting Panjenengane.

Apa panjenengan bisa nggambarake kahanan cempening Allah kang nyangga dosa-dosa jagat iku? Anggone kaasorake kang kudu disangga Panjenengane gedhe banget, lan katresnan Panjenengane kang ora ana bandingake malah katon ing kesabaran Panjenengane. Panjenengane jumeneng ing ngarepan wong-wong kang dadi wakil jagat kulon lan wetan, kang moyoki Panjenengane, matrapake marang Panjenengane tindak kang ala lan menehi makutha eri ing mestaka Panjenengane. Kabeh makutha ing jagat iki kang ngganggo manik-manik kang kemerlap ora ana ajine yen dibandhingake karo makutha eri kang gupak getih kang ngilangi kabeh dosa.

Sinadyan Sang Pilatus kalebu wong kang wengis dhewe dibanding karo kabeh gubernur sadurunge, dheweke kadudut atine ing kahanan iki. Dheweke ndeleng ora ana tandha-tandha sengit ing panone gusti Yesus, utawa ipat-ipat kang metu saka tutuk Panjenengane. Panjenengane ndedonga ing sajroning batin marang Sang Rama, amberkahi para satru Panjnengane lan nyangga dosa-dosane kang nganiaya Panjenengane. Gubernur iku sebanjure ngetokake tembung kang banget dening ngedap-edapi, “Delengan manungsa iku”! Pilatus ngrasakake kaagungan lan kinurmatan saka Manungsa ing ngarepane. Kaya-kaya dheweke lagi kandha bab Sang Kristus, “Yaiki manungsa kang banget ora ana bandhingane kang duwe gambar Allah ing sajrone Sarira Panjenengane”. Sih rahmat Panjenengane sumunar, malah nalika ngadhepi bebaya pati. Panjenengane nandang kasangsaran ora awit saka kaluputan Panjenengane piyambak, nanging awit dosa-dosa panjenengan lan aku, lan kaluputane kabeh manungsa.


d) Pilatus eram dening hakikat sipat keallahan Sang Kristus (Yokanan 19:6-12)


YOKANAN 19:6-7
6 Nalika para pangarepe imam lan para wong jaga ndeleng marang Gusti Yesus, banjur padha mbengok: “Kasaliba, kasaliba!” Pangandikane Sang Pilatus: “wis, gawanen lan saliben; awit mungguh ing aku ora ana kaluputane apa-apa” 7 Wansulane wong-wong Yahudi: “Kula sami gadhah angger-angger, dene miturut angger-angger wau tiyang punika kedah pejah, amargi ngaken-aken putranipun Allah”

Kang nekani anggone gusti Yesus kaaniaya iku dawa banget, nganti akeh wong kang teka ing gapura kratone Gubernur. Para pemimpin wong Yahudi babar pisan ora gelem kendho patrap sengite utawa getun, nanging wis sarujuk nalika iku nuntut patine Gusti Yesus, kanthi bengok-bengok lan nuwuhake kekisruhan gedhe. Wong-wong kang maune kadudut atine marang gusti Yesus sebanjure dadi nglokro lan duwe pikiran yen gusti Allah pancen wis nilarake Gusti Yesus. Gusti Yesus babar pisan ora nuduhake mukjizat kanggo uwal ing ngarep wong-wong iku, kanthi mengkono tuntutan kanggo nyedani gusti Yesus tambah kenceng, lan Pilatus dienteni supaya matrapi paukuman sing paling abot. Sebanjure wong-wong mau nyebratake Panjenengane lan agawe Panjenengane nyanga rasa wirang kang jero banget.

Nalika iku, Pilatus wiwit kuatir bakal ana tanda gegeran, nanging ora gelem mateni wong kanthi cara kang ora sah. Awit saka iku dheweke kandha marang wong-wong Yahudi, “Gawanen wong iki, lan saliben, sinadyana aku yakin banget yen Wong iki ora luput” – ngganti kaping telune Pilatus ngakoni yen Gusti Yesus pancen ora luput. Kanthi iki, Pilatus kandha yen awake kang salah, awit sejatie dheweke ora duwe hak kanggo nyapu wong kang ora luput.

Wong-wong Yahudi ngerti yen Paugeran Romawi nglarang wong Yahudi mateni wong, lan Pilatus bisa wae mbalik ndakwa wong-wong Yahudi nindake prekara iku, sinadyana dheweke kandha lisan babagan prekara iku. Paugeran Yahudi ora duwe pakulinan nyalib wong, lan mung ngreti ngrajam. Gusti Yesus didakwa wis “nyenyamah” lan awit iku pantes nampa paukuman dirajam.

Para pinituwa Yahudi ngerti, yen pengakon Sang Kristus gegayutan Panjenengane minangka Putra Allah kang asipat allah iku bener, wong Yahudi mengkone bakal teluk marang Panjenengane. Anggone nyalib bakal dadi kaya “bukti” yen Panjenengane ora asipat Allah babar pisan awit kabeh panganiaya kang kudu disangga Panjenengane. Wong-wong Yahudi sebanjure bakal dibenerake dening sedane Panjenengane, ora awit rah Panjenengane kang ngrukunake, nanging mung awit anggone nyalib kang dianggep selaras karo karsane Allah.

PANDONGA: Gusti Yesus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas panandhang lan panganiaya Paduka, lan Paduka nyangga sadaya sakit menika. Kawula memuji Paduka awit kesabaran, katresnan lan kaagungan Paduka. Paduka kemawon ratu kawula. Tulung kawula supados mbangun turut dhumateng Paduka; paduka wucal kawula supados amberkahi satru-satru kawula lan nedahaken sih kawelasan dhumateng tiyang-tiyang ingkang senget dhumateng kawula. Kawula memuji Paduka awit rah Paduka sampun nyucekaken kalepatan kawula. Oh, Sang putra Allah, kawula menika kagungan Paduka. Paduka yasa kawula jumeneng ing kasucen paduka, lumapah ing salebetipun sih rahmat Paduka, ngaturaken panuwun atas kaprihatosan Paduka.

PITAKONAN:

  1. Apa kang kita bisa sinau saka gambaran babagan gusti Yesus kang disapu kang ngganggo jubah wungu lan makutha eri?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:48 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)