Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 054 (Legalists bring an adulteress to Jesus)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
1. Pangandikan gusti Yesus ing dina riyaya Tanceping Tarub (Yokanan 7:1 - 8:59)

c) Golongan kang manembah paugeran nggawa wong laku jina marang gusti Yesus supaya diadhili (Yokanan 8:1-11)


YOKANAN 8:1-6
1 nanging Gusti Yesus tindak menyang ing gunung Zaitun 2 Bareng wayah bangun esuk Panjenengane rawuh maneh ing Padaleman Suci, lan rakyat kabeh pada sowan ing ngarsane, Panjenengane banjur lenggah mulang wong-wong iku 3 Para ulama lan para wong Farisi tumuli padha ngajokake wong wadon kang kacekel kalika laku bandrek marang ngarsane. 4 wong-wong iku sawuse mapanake wong wadon mau ing tengah, banjur padha munjuk marang Gusti Yesus: Rabbi, tiyang estri punika kacepeng nalika saweg lampah bandrek. 5 Wonten ing angger-anggering Toret Nabi Musa ndhawuhaken dhateng kita, supados tiyang-tiyang estri ingkang makaten punika dipun benturana ing sela. Ingkang punika menggah pamanggih Panjenengan kadospundi? 6 Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.

Para anggota Makamah Agama padha mulih karo nesu awit Gusti Yesus ora bisa dicekel. Wong akeh duwe panemu menawa pemimpine pancen ngejarake gusti Yesus bebas mulang ing Pedaleman Allah. Nanging para anggota Makaman iku tetap duwe tekad nggunakake telik sandi kanthi tujuwan njiret Panjenengane. Gusti Yesus sebanjure metu saka tembok kutha mau ing wayah sore nyabrangi laladan Kidron.

Dino esuke gusti Yesus bali menyang tengah kutho, mlebu pedaleman Allah kang kebak dening manungsa. Penjenengane ora mlayu saka ibu kota ing pungkasaing dino riyaoa tanceping Tarub iku, nanging panjenengane tetep njelajah memulang ing antarane para satrue. Wong Farisi dikaya polisi moral, mligine ing dina riyaya kang digunake kanggo seneng-seneng lan ngombe anggur. Wong Farisi mau padha nyekel wong wadon kang lagi nindakaken lagu bedang. Sebanjure wong-wong Farisi iku nggawa wong wadon mau marang Gusti Yesus supaya bisa nyobani Panjenengane. Sithik wae menehi kelonggaran ing babagan iki bakal disawang dening Gusti Allah lan manungsa minangka panerak peradatan bangsa iki. Nanging menawa Gusti Yesus meksa maringi paukuman pati, mula kabukti gusti Yesus wonge kejam lan kamisuwurane bakal ilang. Pengadilan kang ditindakake gusti Yesus atas wanita iku bakal dadi pengadilan atas kabeh manungsa kang luput awit saka anggone nerak secara moral. Awit saka iku wong-wong Farisi mau bener-bener ngenteni pengadilan.

YOKANAN 8:7-9a
7 Bareng olehe padaha takon para wong Farisi iku ora uwis-uwis, Panjenengane tumuli jumeneng sarta ngandika: “Sapa bae panunggalanmu kang tanpa dosa, iku miwitana mbenturi watu wong wadon iku” 8 Panjenengane banjur tumungkul maneh sarta nyerat ing lemah. 9a ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandikan kang kaya mangkoni, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe, ......

Nalik wong-wong Farisi ndakwa wanit kang nindakake jino iku ing ngarsane Gusti Yesus, Panjenengane ndungkluk lan nganggo drijine nulis ana ing lemah. Nanging kita ora ngerti apa kang ditulis Gusti Yesus bisa uga Panjenengane nulis dhawuh enggal mung sak pada yaiku Katresnan.

Pinituwa kang melu rombongan iku ora bisa ndeleng apa kang dadi jalaran gusti Yesus mangu-mangu, lan ora ngerti yen Panjenengane kang ngadili Jagat iki sabar lang ndudut telenging atine wong-wong mau. Wong-wong Farisi iku malah duwe pikiran yang wong-wong mau kasil, njiret gusti Yesus ing prekara kang mbingungake.

Gusti Yesus jumeneng lan mirsani wong akeh iku kanthi prihatin; ya mengkene iki pandelengan wong kang kapenuhan ing Allah, lan pangandikane iku kayektek kang ora bisa di bantah. Panjenengane ngandika ing sajroning “Pengadilan” iku, “ Ing antamu kang ora duwe dosa, kareben wong iku kang kawitan mbalang watu marang wanita iku”. Gusti Yesus babar pisan orang nyimpang saka perangan aturan Paugeran Torat, nanging nindakake apa kang ditulis saka Paugeran torat iku. Wanita kang nindakake laku jina iku pancen pantes nampani paukuman pati; gusti Yesus pirsa babagan iki.

Apa kang ditindakake gusti Yesus iku dadi ngadili “wong-wong kang Mursid” lan uga wong kang nindakake laku jino. Awit saka iku gusti Yesus ngersakake wong-wong kang nggawa wanita iku sing rumangsa ora duwe salah kawitan mbalang watu. Kanthi pangandikan kang mengkono iku wis mbukak patrap mursid lelamisan saka wong-wong iku. Ora ana wong siji wae kang bebas saka dosa. Kita kabeh ringkih, digoda lan gagal. Ana ing ngarsane Gusti Allah ora ana bedane antarane wong dosa karo wong-wong kang ngaku-aku yen awake iku mursid kang bener mung lelamisan (munafik). Awit kabeh wong kuwi wis nyimpang lan dadi cemer. Kabeh wong nerak siji wae saka aturan Paugeran kalebu wis nerak paugeran kabeh, lan pantes nampani kacilakan langgeng.

Para pinituwa golongan kang manembah Paugeran gawe korban kewan ing pedaleman suci supaya bisa ngilangi dosane, lan kanthi korban kewan iku ngakoni yen dheweke iku wong dosa. Pangandikane Sang Kristus ngenani telenging atine wong-wong iku. Wong-wong mau wis mbudidaya nyekel priyayi Nazaret iku, nanging malah sebanjuri Panjenengane mbukak tindak alane lan ngadili wong-wong mau. Nalika semana Gusti Yesus uga mbangun turut marang paugeran Torat. Wong-wong kang ndakwa iku ndingkluk, wong-wong mau rumangsa ana ing ngarsani Putra Allah, lan gumur gegayutan karo anggone Panjenengane suci.

Para pinituwa lan kang nyengkuyung wong-wong Farisi iku banjur lunga, lan papan iku dadi sepi mung gusti Yesus kang isih ana ing kono.

YOKANAN 8:9b-11
9b ...tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasane mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetap ana ing kono iku. 10 Gusti Yesus tumuli jumeneng, sarta ngandika: “He, wong wadon, ana ngendi wong-wong mau? Apa ora ana kang ngukum kowe?” 11 Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti. “ Pangandikane gusti Yesus:”Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”

Ana ing kana wanita iku isih ngadeg kanthi gumeter. Gusti Yesus mirsani kanthi kebak welas asih kanthi alus ndangu wanita iku: “Ana ngendi wong-wong kang ndakwa kowe iku? Apa ora ana kang ngadili lan menehi paukuman kowe?” Wanita iku rumangsa yen gusti Yesus, kang Maha Suci ora bakal paring paukuman marang dheweke, kamangka dheweke iku wong kang siji-sijine duwe hak paring paukuman marang dheweke.

Gusti Yesus nresnani wong-wong dosa; Panjenengane rawuh nggoleki wong kang kesasar, Panjenengane ora paring paukuman marang wanita kang dosa iku, nanging Panjenengane nawakake marang wanita mau sih rahmat kang saka Panjenengane. Awit ya Panjenengane iku kang nyangga kabeh dosa kita, nyawisake sarirane seda kanggo jagat. Panjenengane nyangga paukuman wanita iku.

Sebanjure Gusti Yesus nawani panjenengan pangapura kang wutuh, awit Panjenengane seda kanggo panjenengan. Pracaya marang katresnan Panjenengane kanthi mangkono Panjenengane bisa paring merdika marang panjenengan saka paukuman. Tampanen Roh pangapura saka Panjenengane uga, kanthi mangkono panjenengan ora ngadhili wong-wong liya. Aja lali yen panjenengan uga wong dosa, lan panjenengan ora luwih becik saka wong liya-liyane. Manawa wong liya wis nindakake laku jina, rak panjenengan uga nindakaken tindak cemer? Manawa dheweke nyolong, apa panjenengan setyo? Aja ngadhili supaya panjenengan ora diadhili. Kanthi ukuran kang panjenengan anggo ngkukur, kaya mengkono uga panjenengan diukur. Kenapa panjenengan nggatekake tatal ing mripate pepadha panjenengan, lan panjenengan ora nggatekake nglondhong kang ana ing mripat panjenengan?

Gusti Yesus ora marengake wanita iku bali marang kaluputan wiwit wektu iku. Dawuh Gusti Allah gegayutan kasucen ditetepake lan babar pisan ora kena ana kelonggaran. Panjenengane nuntun wanita kang kangen bab katresnan iku supaya bali marang gusti Allah, lan ngakoni dosa-dosane. Wanita mau sebanjure bakal nampa sang Roh Suci saka rah cempening Allah. Gusti Yesus ora nuntut apa-apa kang mokal kanggo wanita iku, nanging maringi panguwasa kang wis cemawis kanggo wong-wong kang coklek atine; supaya urip ing sajroning kasucen. Mengkono uga Panjenengane ora marengake panjenengan nindakake dosa maneh; Panjenengane siap mirengake pangakon saka ati panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yesus, kula pekewuh wong ing ngarsa Paduka, awit kula mboten langkung sae kalih wanita ingkang laku jino menika. Paduka paring pangapunten dhumateng kawula ingkang sampun ngadhili utawi nyakiti tiyang sanes. Paduka sucekake kula saking karingkihan. Kula ngaturaken panuwun atas pangapunten ingkang dipun paringaken dhumateng kawula. Kula ngluhuraken Paduka awit anggen paduka sabar lan ugi sih rahmat paduka. Paduka paring pitulungan dhumateng kula supados kula mboten nindakaken dosa wiwit ing wekdal menika. Paduka kiyataken tekad kula lan teguhake kula ing salebetipun kasucen. Pimpin kawula ing salebetipun gesang ingkang suci.

PITAKONAN:

  1. kenapa wong-wong kang ndakwa wanita kang laku jino mau padha lunga saka ngarsane gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:49 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)