Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 005 (The Baptist prepares the way of Christ)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 1 - CAHYA SAKA PEPEDHANG ILAHI (Yokanan 1:1 - 4:54)
A - PANGEJAWANTAHING SABDA ALLAH ING SAJRONING GUSTI YESUS (Yokanan 1:1-18)

2. Yokanan Pembaptis nyawisake dalan kanggo Sang Kristus (Yokanan 1:6-13)


YOKANAN 1:6-8
6 Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan. 7 Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadio lantarane wong kabeh padha pracaya. 8 Panjenengane iku dudu Sang Padhang piyambak, mung kapatah nekseni bab Sang Padhang.

Gusti Allah ngutus Yokanan Pembaptis ing sajroning pepetenging jagat kanggo nimbali manungsa supaya sowan marang sumoroting pepadhang ilahi. Kabeh wong ngerti manawa akeh dosa kang ditindakake ing sajroning pepeteng. Nanging sapa wae kang ngakoni kaluputane ing ngarsane Gusti Allah, kanthi kebak pamratobat lan ati kang ajur, wis teka marang pepadhang. Kepiye gegayutan karo panjenengan? Apa panjenengan wis teka marang pepadhang utawa panjenengan isih nyingidake awak panjenengan ing sajroning pepeteng?

Yokanan Pembaptis nyethakake marang manungsa kahanan atine. Ing sajroning gegayutane karo paugerane Allah, wong-wong kabeh iku katelah ala. Wong-wong perlu mratobat lan ngrubah uripe selaras kersane Allah kang temenan, kanthi mengkono wong-wong mau ora bakal nampani kacilakan langgeng ing Dinane Gusti. Timbalan Yokanan Pembatis ndadekake bingunge wong akeh mau lan wong-wong mau mlayu marang Yokanan kang ngundang wong-wong mau supaya mratobat saka ara-ara samun. Wong-wong mau ngakoni dosa-dosane kanthi tinarbuka lan njaluk dibaptis ing kali Yarden, minangka pralambang resike dosa, dilarung patrap mentingake awak dhewe, lan wong-wong mau mlebu ing urip kang anyar saka iline banyu kali mau.

Gusti Allah milih Yokanan Pembaptis. Panjenengane maringi pepadhang marang dheweke lan nugasake dheweke supaya ngelingake kabeh wong kanthi mengkono wong-wong ngrumangsane, ngrubah pikirane lan nyawisake awake mapak rawuhe Sang Kristus. Wong-wong ing jaman Prejanjian Lawas ngerti akeh bab Yokanan kang tekane atas asmane Gusti. Nabi Yesaya mratelakake bab dheweke: “Bangsa kang lumaku ing pepeteng wus sumurup pepadhang gedhe; wong kang padha manggon ing nagara kang peteng ndhedhet (Yesaya 9:1). Yokanan Pambaptis uga mratelakake atas asmane Gusti: “Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira”(Yesaya 60:1). Yokanan Pambaptis mulangake rawuhe pepadhang ing sajroning pepeteng ora mung winates kanggo wong-wong Prejanjian Lawas, nanging tinarbuka kanggo wong kabeh. Dadi pawarto saka Yokanan Pembaptis iki ngalimputi saindhenging jagat, yaiku wong-wong wiwit saka Asia Cilik lan kabeh laladan liyane ing sakiwa tengene Laut Tengah melu Yokanan Pembaptis sawetara tahun sakwise patine.

Ewon uwong melu Yokanan Pembaptis sinadyano Yokanan Pembaptis ngakoni yen dheweke iku dudu pepadhang iku, dheweke ngakoni yen mung utusan kang didhawuhi ndhisiki pepadhang mau. Yokanan Pambatis agawe wong supaya ora ngeblat marang dheweke nanging wong ditutun marang sang Kristus. Ya mangkene iki tandha kang cetha minangka jejering utusane Allah. Utusane Allah ora nuntun wong marang awake dhewe, nanging nuntun wong mung marang Sang Kristus wae.

Tujuan pelayanan Kristus ora mung pamratobat lan baptisan wae nanging iman marang Sang Kristus. Yokanan Pembaptis ngerti manawa wong akeh duwe pepinginan supaya dheweke mratelakaken awake minangka sang Kristus. Nanging Yokanan Pembaptis ora gelem ana ing pancoban iku, dheweke mung nyawisake dalan kanggo Gusti. Yokanan Pembaptis ngerti Yen sang Kristus bakal rawuh ya Panjenengane kang bakal mbaptis kabeh wong nganggo Sang Roh suci. Yokanan ngerti yen pamratobat secara jiwani manungsa ora cukup babar blas, sinadyana wis nampani baptisan pengapurane dosa. Yokanan Pembaptis ngerti manawa kita mbutuhaken kaanyarake kanthi sempurna saka panguripan kasukman kita. Gusti Allah ora maringake jejibahan iki marang nabi ngendi wae ing Prejanjian Lawas. Hak luwih-luwih iki mung dimligekake kanggo pepadang sejati kang nyipta, sabda kang paring panguripan, kang kagungan panguwasa nganyarake manungsa nalika manungsa pracaya marang asmane lan mbuka awake marang padhang iku. Kanthi cara iki, Yokanan nggawa wong akeh tumuju iman marang Sang Kristus, kanthi pemahaman amung iman wae kang bakal nuntun wong-wong mau mlebu ing jaman kang anyar.

Apolos iku ahli pikir utawa ahli filsafat kang duwe semangat makantar-kantar lan ahli, kang melu wulangan Yokanan Pembaptis. Dheweke kotbah kanggo Sang Kristus kang andayani tanpa ngalami pepadhang saka prejanjian kang anyar iku. Nanging nalika dheweke masrahake awake marang Sang Kristus, pepadhang mlebu ing sajroning atine lan dheweke dadi pepadhang ing sajroning gusti lan mercusuar ing sajroning pepeteng. Dheweke madhangi wong akeh. (Para Rasul 18:24-28)

PANDONGA: Oh Gusti Kristus, kawula ngagungaken asma Paduka lan ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka kemawon lan pengajeng-ajeng tiyang ingkang asor. Paduka madhangi pepeteng manah kawula, mratelakaken dosa-dosa kawula lan paring pangapunten atas dosa menika. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka andadosaken kawula putra-putra pepadhang lan maringi kamardikan kawula ing salebetipun gesang langgeng. Kawula nyuwun supados pancaran pepadhang paduka badhe ngrengkuh mitra lan keluarga kawula kanthi makaten mitra lan keluarwa kawula menika saget mratobat sejati lan kanthi iman mlebet ing salebetipun pepadhang Paduka ingkang agung.

PITAKONAN:

  1. Apa ta tujuan utama saka leladi kang ditindakake Yokanan Pembaptis?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 10:14 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)