Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 270 (The Appearance of Christ in Galilee)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

5. Sang Kristus ngetingal ana ing Galiléa lan Nitahaken Supaya Diwartakaké Menyang Saindering Jagad (Matéus 28:16-18)


MATÉUS 28:16-18
16 Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galilea, menyang ing gunung kang wis kapangandikaaké déning Gusti Yésus. 17 Bareng padha ndeleng Panjenengané banjur padha sujud, nanging ana sawatara kang isih mangu-mangu. 18 Gusti Yésus banjur nyelaki lan dhawuh mangkéné: …

Para murid wis krungu gegayutan wunguné Sang Kristus, nanging para murid ora pracaya marang paseksen para wong wadon gegayutan apa kang dingandikaaké Panjenengané. Nanging, prasetya Panjenengané makarya ing sajroné atiné kanthi mangkono para murid kanthi mbangun turut lunga menyang Galilea ing ngendi Gusti leladi marang para murid. Panjenengané ngersakaké mratélakaké kaluhuran anggoné wungu saka séda ing antarané para murid.

Gusti Yésus ujug-ujug ngatingalaké sarirané marang para murid Panjenengané ing gunung kang wis ditetepake. Bisa uga ing kana ana sawetara sakabat kang setyoa bebarengan karo para murid. Sawetara juru tafsir kandha yén patemon iki padha karo patemon kang diwartakaké Rasul Pauls ing sajroné I Korinta 15:5 ing kono Rasul Paulus nyebutaken yén Gusti Yésus disekseké luwih saka limang atus wong.

Sinadya para murid ndeleng Panjenengané nganggo mripate dhéwé, sawetara wong tetep mangu-mangu lan ora bisa pracaya. Anggoné rawuh Panjenengan kang cetha ngyakinaké sapérangan gedhé saka para murid, lan para murit sujud manembah Panjenengané lan manembah Panjenengané kang menang atas pati. Para murid nampani Panjenengan minangka jejeré Gusti, ngrasakaké kaagungan lan kaluhuran Panjenengané lan gemeter awit wedi lan bungah.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka manggihi para murid Paduka ingkang sampun mlajeng saking mangsa pacobaan. Paduka mboten ndukani para murid, nanging maringi tugas dhumateng para murid menika nyepeng obor Injil lan martosaken Injil menika dhateng sadaya bangsa. Mboten sadaya pandhérék Paduka pitados dhumateng anggen Paduka wungu. Tiyang-tiyang menika mangu-mangu. Nanging Paduka mirsani mangsa tembenipun gegayutan kaliyan rawuhipun Sang Roh Suci, pitados dhumateng Rama kasuwargan Paduka, lan ngutus tiyang-tiyang menika. Paduka paringi rahmat dhumateng kawula, sinaosa kawula mboten ngedalaken woh. Ngandikaa dhumateng kawula kanthi makaten kawula badhé mbangun turut dhumateng dhawuh Paduka kanthi kabingahan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus ngutus wong-wong pracaya kang ora ngasilaké wong ing pakebonan Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 10:02 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)