Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 269 (The Artifice of the Elders)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

4. Apus-apus Kang Ditindakaké Para Pinituwa Bangsa Yahudi (Matéus 28:11-15)


MATÉUS 28:11-15
11 Nalika wong-wong mau lagi padha ana ing dalan, ana wong sawatara kang mentas jaga kang padha menyang ing kutha, ngatui uninga marang para pangareping imam, bab apa kang mentas kalakon mau kabéh. Para pangareping imam mau sakwisé pirembagan karo pintituwa, banjur padha gawé putusan, para prajurit kang jaga padha diwenehi dhuwit akéh. 13 lan padha diweling: “Kowé padha martak-martakna, yén ing wayah bengi para sakabate padha teka nyolong layoné nalika kowé kabéh lagi padha turu. 14 Manawa bab iki kaprungu déning wali nagara, aku kang bakal padha matur marang panjenengané supaya aja nganti ndadekaké kasusahanmu”. 15 Para prajurit banjur padha nampani dhuwite lan nindakaké apa kang wis kadhawuhake. Carita mangkono iku banjur sumebar ana ing satenghae wong-wong Yahudi nganti saprené.
(Matéus 27:64)

Para imam kepala krungu saka para prajurit yén Gusti Yésus wis wungu saka séda lan ana malaikat kang ngandikan marang para wong wadon. Awit rasa wedi lan nesuné para imam kepala mau ngrancang carita kang kebak goroh lan lelawanan. Para imam kepala mbeseli para prajurit kang jaga nganggo dhuwit lan njaluk para prajurit mau kandha yén para prajurit mau padha turu ing kubur, banjur para murid nyolong layoné Gusti Yésus. Carita iki banget déning ora bakal dumadi lan malah rasané ngguyoke. Apa kang ditindakaké déning golongan Sanhedrin, yaiku ilangé layon Gusti Yésus saka kubur Panjenengané wis bener-bener dumadi. Nanging, kayektén ora bisa digagalaké karo dhuwit lan apus-apus, awit kayektén dudu sawijining pikiran waé nanging pancen dhéwéké bener-bener wungu lan urip ing antarané kita.

Kaya ngapa gedhé bedané patrap antarané wong wadon kang nyeksekaké malaikat iku kanthi para imam kepala kang njaluk para prajuri supaya goroh. Ing sajroné para wong wadon iku kita nemokaké kayektén, tentrem rahayu lan kabungahan. Ing sajroné awaké para pemimpin agama iku kita ndeleng apus-apus, besel lan rasa wedi.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, Paduka menika Ingkang Suci ingkang gesang selaminipun. Kawula manembah Paduka awit pati mboten saget nahan Paduka. Panguwasa gesang Paduka mbukak pakunjaran ingkang nggegirisi. Paduka mbeneraken kawula kanthi panebusan Paduka ing kajeng salib, lan maringi kawula tentrem rahayu Paduka sasampunipun patangen Paduka. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit nyebut kawula minangka sedherek-sedherek Paduka. Kawula ngluhuraken Paduka lan ngluhuraken ing salebetipun kabingahan awit lumantar Paduka gusti Allah Rama kawula ingkang sejati. Kanthi wungu Paduka, Paduka andadosaken kawula putra-putra Allah ngantos salaminipun.

PITAKONAN

  1. Apa tembung-tembung kang lelawanan kang dikandhakaké para pemimpin bangsa Yahudi marang para prajurit kang jaga kubur Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 10:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)