Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 271 (The Unlimited Authority of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

6. Pangwasané Sang Kristus Kang Ora Winates (Matéus 28:18-19)


MATÉUS 28:18-19
18....”Aku wis kaparingan sakabéhing panguwasa ing swarga lan ing bumi. 19 Mulané padha lungaa, sakabéhing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmané Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,.....”
(Matéus 10:16, 11:27, Efesus 1:20-22)

Sakwisé Gusti Yésus ngrukukunaken jagat kang cemer kanthi Kang Nitahaken langit dan bumi kang suci lumantar séda lan wungu Panjenengané. Panjenengané kagungan tekad kanggé maringi keselametan kang ora perlu mbayar itu dhumateng sadaya manungsa. Nanging, ora ana wong siji ing antarané para murid Panjenengané kang sampun mlayu ing ndalu Gusti Yésus dicekel, kang cukup pantes kanggo nampi peladosan kerasulan menikal. Dudu awit kabecikané dudu wit kapinterané kang agawé wong-wong mau ngganepi syarat dadi rasul Sang Kristus, nanging mung awit timbalan Sang Kristus lan pilihan Panjenengané atas wong-wong iku.

Sang Kristus mratélakaké yén Rama kasuwargan Panjenengan wis maringi marang Panjenengané kabéh panguwasa ing Suwarga lan ing Bumi. Prekara iku nyakup kabéh panguwasa, kekuwatan lan kawenangan. Kang Mahakuasa maringi kabéh kapenuhan Panjenengané. Kapenuhan Rama tetap kebak sinadya Panjenengané maringi Panjenengan marang Sang Putra uga. Dadi Rama lan bakal kanthi bareng ngendalieni kabéh panguwasa lan kabéh Anané kanggo jaman ngejaman.

Kepiyé anggoné Kang Maha Kuwasa nyangga resiku kanthi ménéhi kabéh panguasa lan pemerintahan marang Gusti Yésus? Apa Panjenengané kuwatir bakal ana pambalela utawa kisruh ing Suwarga awit pakaryan iki? Rama kasuwargan banget dimangerti yén Putra Panjenengan Alusing berbudi lan andhap asor, lan yén Panjenengané tansah ngurmati Rama-Panjenengané. Luwih manéh, Sang Roh Suci tansah ngluhuraké Sang Kristus. Gusti Yésus ora dadi gumunggung, nanging maringi kasugengan Panjenengané minangka tebusan kanggo wong-wong dosa. Awit saka iku, Rama maringi kabéh panguwasa ing suwarga lan ing bumi marang putra Panjenengané kang kinasih, lan ora wedi babagan anané pambelela utawa watek gumunggung.

Salawasé mangsa kaasoran Panjenengané ing jagat, Gusti Yésus ora nggunakaké panguwasa Panjenengané kanggo ngedekaké negara kang asipat politik kanthi kumpulan prajurit kang gedhé lan gaman kang dadi jalaran sédané. Panjenengané ora mboboti wong-wong mlarat kanthi pajeg nanging marasaké wong-wong kang lara, nundhung roh-roh ala, ngampuni dosa, ngesokaké Sang Roh Suci marang para pandhérék Panjenengané kang ndedonga, neguhaken mangsa kasukman kang anyar, lan nganyaraké ati para pandhérék Panjenengané.

Sang Kristus paring dhawuh supaya para utusan Panjenengané ngadeg lan lunga. Kanthi mratélakaké panguawas lan panguwasas Panjenengané. Panjenengané nitahaken ing salebetipun para murid kapercayaan yén para murid bisa nyawijekaké wong-wong liya ing sajroné asma Panjenengané. Gusti Yésus nuntut para pandhérék Panjenengané kanggo madosi ingkang ical. Panjenengané kang Wungu iku uga paring dhawuh kita supaya lunga, lan ora mung lungguhan waé!

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, ingkang sampun wungu saka séda, awit sadaya panguwaos ing suwarga lan ing bumi sampun diparingaké dhumateng Paduka. Paduka apunten kawula gegayutan raos ajrih kawula dhumateng panguwaos-panguwaos ing jagat menika, lan dadosna mripat kawula ningali dhumateng Paduka kemawon kanthi makaten kawula saget tansah ningali Paduka saking cecaketan. Kawula pitados dhumateng kasaénan panguwaos Paduka, lan ndedonga kanggo para mitra kawula ingkang wonten ing salebetipun prekawis kanthi makaten tiyang-tiyang menika saget dipun kiyataken kanthi kaagungan panguwaos Paduka lan nampi saking Paduka tuntunan Paduka lan keselametan saking Paduka ing salebetipun kraton langgeng Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus paring dhawuh kita kanggo ngadeg lan lunga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 10:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)