Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 263 (Witnesses for the Death of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

29. Para Seksi Babagan Sédané Sang Kristus (Matéus 27:54-56)


MATÉUS 27:54-56
54 Panggedhéning prajurit dalah para wadyabalané sing padha njaga Gusti Yésus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkéné:”Sanyata Panjenengané iku Putraning Allah” 55 Ing kono ana wong wadon akéh kang padha nyawang saka ing kadohan, yaiku wong-wong wadon kang padha nderekaké Gusti Yésus saka ing Galilea prelu ngladosi Panjenengané 56 kayata: Maryam Magdalena, lan Maryam ibuné Yakobus lan Yusuf, lan ibuné anak-anak Zebedheus.
(Lukas 8:2-3)

Panggedhéning prajurit Rumawi iku ngreti yén Gusti Yésus disalib kanthi dakwan anyenyamah, ngapusi wong akéh, lan ngaku yén sarira Panjenengané iku Ratu wong Yahudi lan Putra Allah. Nanging apa kang dideleng panggedhéning prajurit iki nalika dhéwéké swetara jam ngadeg cerak salib? Panggedhéning prajurit iku ora ndeleng patiné wong duraka nanging patiné wong gedhé. Panggedhéning prajurit Gusti Yésus nguwuh kaping pindho marang Gusti Allah ing sajroné donga kang tulus. Panjenengané ora ngipati-ipati para satru Panjenengané lan ora dadi nesu marang wong-wong kang moyoki Panjenengané. Awit saka iku, panggedhéning prajurit iku pungkasané nguwuh, “Sanyata Panjenengané iku Putrané Allah”. Wong kang ora wanuh Gusti Allah iki kang kawitan nemokaké pengalaman kang ora anda bandhingané ing ceraké salib yén Gusti Yésus iku Putra Allah kang ngedap-edapi, lan panggedhéning prajurit iku ngakoni yén Panjenengané Putra Allah ing ngarep umum.

Apa kang dimangreteni iki dikumandhangaké uga déning para prajurit kang wis ngundhi marang jubah Gusti Yésus. Ing wiwitané para prajurit banget kapengeruh déning gerhana srengengé lan lindhu kang ngegirisi iku. Saiki para prajurit iku ora bisa lali karo pribadiné Sang Penebus kang séda iku kanthi para prajurit uga mbaléni pangakon saka pemimpin para prajurit, “Sanyata Panjenengané iku Putraning Allah”

Ora mung bangsa Romawi iku kang dadi seksi marang pangandikan pungkasan Gusti Yésus. Ana uga sawetara wong wadon kang teka marang Panjenengané kang Disalibaké iku kanthi pikurmatan lan rasa prihati kang banget. Sawetara wong wadon iku wis ndhérék Gusti Yésus wiwit saka Galilea lan leladi Panjenengané kanthi pisusunge, nyawisaké tetedhan, ngumbahi rasukané lan terus cecaketan karo Panjenengané lan panguwasa kang asipat Allah saka Panjenengané ing sajroné kasucén lan asipat murni.

Para wong wadon iku ngrasakaké kangelan mangreti yén Panjenengané kang wis menang atas penyakit lan roh ala iku saiki gumantung ing kayu salib. Nanging, sawetara wong wadon iku dadi seksi saka kabéh kang sebanjuré kelakon ing kayu salib. Kawruh kita babagan pitu pratéla Sang Kristus ing kayu salib, lan uga kandhané para imam kepala, déning begal loro, lan para prajurit iku, dilandhesi marang paseksen para wong wadon iku. Wong-wong wadon iku seksi kang ndeleng sédané Sang Kristus. Papat saka ing antarané wong wadon mau padha wanuh jenenge. Kanthi paseksen wong-wong wadon mau, dadi cetha banget yén golongan wong wadon uga duwé guna mupangat kang banget penting ing sajroné Kraton Swarga. Tanpa wong-wong wadon kita ora bakal ngreti kabéh katarangan cetha lelakon sédané saka sang Ratu-néng Para Ratu.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Gusti Yésus Kristus, awit Paduka mbikak manah pangageng prajurit menika kanthi makaten tiyang menika paham lan pitados dhumateng sipat keallahan Paduka lan ngakeni Paduka minangka jejering tiyang manca ingkang kawitan, menawi Paduka menika Putra Allah. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka gegayutan tiyang wadon ingkang kinurmatan ingkang ndhérék Paduka wiwit saking Galilea, leladi Paduka lan nyaket dhateng Salib Paduka kanthi makaten kawula saget mangertos kanthi gamblang ing wekdal pungkasan Paduka wonten ing kajeng salib kang asor lan kaipat-ipati menika. Para tiyang wadon uga ngaturaken paseksen gegayutan pangandikan pungkasan Paduka ingkang kebak katresnan, iman lan pengajeng-ajeng ngadhepi séda. Kawula asukarena ing salebetipun Paduka lan ngluhuraken Paduka awit mitayakaken dhumateng para wanita menika nyeksekaké kawilujengan saking Paduka ingkang dipun ganepaké kanggé kawula.

PITAKONAN

  1. Apa kang ditindakaké para wong wadon iku ing sajroné Gusti Yésus disalib?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:41 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)