Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 264 (The Burial of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)

30. Sang Kristus Kasarékaké (Matéus 27:57-61)


MATÉUS 27:57-61
57 Bareng soré ana wong sugih saka ing kutha Arimatea, jenengé Yusuf, kang uga wis dadi siswané Gusti Yésus, 58 seba marang ing ngarsané Sang Pilatus nyuwun layoné Gusti Yésus. Sang Pilatus banjur dhaswuh masrahaké marang wong mau. 59 Layon tinampa déning Yusuf, nuli diulesi nganggo mori putih kang resik, 60 banjur kasarekaké ing pakuburané dhéwé kang anyar, kang digawé ing sajroning gumuk karang, lan sakwisé nglundungkae watu gedyhé ing lawanging pasarenan mau, nuli mulih. 61 Nanging Maryam Magdalena lan Maryam sijiné padha ana ing kono padha linggih ing ngareping pasarean.
(Pengandharing Torét 21:22-23)

Ana wong sugih saka Arimatea, kang jenengé Yusuf, katulis ing sajroné Injil iki. Wong iki duwé kalungguhan kang kinurmatan, wong iki yaiku anggota Sanhendrin. Bisa uga Yusuf ora ménéhi suwarané kanggo lumawan Sang Kristus awit Yusuf ngurmati Sang dukun kang duwé sipat Allah kang wis dikuwataké déning astané Allah iku. Yusuf banget déning nesu kanthi pasekuton ala saka Kayafas, Imam Agung kang culika lan seduluré kang uga cidra. Yusuf lunga marang Pilatus, sang gubernur, Yusuf banjur ditampa awit kalungguhané kang kinurmatan, lan Yusuf nyuwun layon Gusti Yésus. Kanthi apa kang ditindakaké iki, dhéwéké nuduhaké anggoné lumawan marang kabéh anggota Sanhendrin kanggo mbela Gusti Yésus.

Nikodemus, anggota Sanhedrin kang liya, melu karo para wanita nulungi Yusuf ngudhunaké layon Gusti Yésus saka Salib, diresiké, dijebadi, lan dibuntel mori. Prekara-prekara iku kudu ditindakaké cepet-cepet sadurungé dina riyaya yaiku nalika srengengé angslup. Sebanjuré wong-wong mau nyelehaké ing kubur anyar kang wis dicawisaké kanggo Yusuf dhéwé. Panjenengané kang diukum dadi wong dursila dikubur minangka dadi wong sugih.

Sang Kristus bener-bener séda kang sabeneré séda. Rah Panjenengané kapecah dadi banyu lan getih. Nafas Panjenengané mandheg, lan badan Panjenengané dadi anyep lan kaku. Gusti Yésus iku manungsa sejati. Panjenengané lahir kanggo ménéhi sarira Panjenengané minangka korban. Panjenengané séda kanggo kita. Nalika Panjenengané dikuburkan ing kuburan iku, wong-wong nggulingaké watu di lawang kuburé kanggo njaga badan Panjenengané iku saka kewan galak.

Sédané Sang Kristus ora kok ora eling utawa mati suri. Panjenengané ora mung saré lan sebanjuré mingkrat marang Allah. Panjenengané séda ing kayu salib, lan layon Panjenengané dikuburaké ing sawijining kubur. Kabéh katarangan kang beda gegayutan séda Panjenengané mung ngimpi kang ora bener utawa apus-apus kang disengaja.

Nalika Panjenengané sugeng, Sang Kristus ora kagungan omah kang kanggo nyelehaké mestakané. Nalika Panjenengané séda, Panjenengané ora duwé kuburan Panjenengané piyambak, kanggo nyelehaké badan Panjenengané. Iki conto kahanan anggoné Panjenengnae ora nduwé. Nanging, ana sawijining prekara kang dadi kengkeran. Jagate wong mati iku siji-sijiné warisan kang dicawisaké kanggo wong dosa (Ayub 24:19). Ora ana siji prakara kang bisa bener-bener kita sebut duwéké kita kajaba dosa-dosa lan kuburan kita. Nalika kita mlebu ing sajroné kuburan kita, kita lunga ing papan kita dhéwé. Nanging kanggo Gusti Yésus, kang babar pisan ora duwé dosa ing sajroné sarira Panjenengané Panjenengané babar pisan ora duwé kubur kang dadi kagungan Panjenengané dhéwé. Mati kabawah dosa kang disangga Panjenengané pas banget yén Panjenengané uga dikubur ing sajroné kubur kang disilih Panjenengané. Wong-wong Yahudi kagungan karsa kanggo gawé kuburan Panjenengané ing antarané wong dursila lan Panjenengané dikubur bebarengan kanthi begal loro kang disalib bebarengan karo Panjenengané. Nanging Gusti Allah ngrubah rancangan iku lan netepaké yén Panjenengané bakak dikuburaké “ing antarané wong sugih-sugih” (Yésaya 53:9 TL)

Wong-wong Yahudi banjur énggal mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé, awit Paskah bakal kawiwitan ing jam 6 soré iku. Ora ana wong siji waé kang dientuki nyambut gawé utawa obah kang kaya biasanya sakwisé jam iku. Manut Paugeran Torét wong-wong kang cawe-cawe ing ngubur wong mati dadi najis lan ora pantes melu riyaya Paskah. Ing kené kita ndeleng karingkihan Paugeran Prejanjian Lawas. Wong kang leladi Gusti Yésus Kristus luwih pantes nampani pikurmatan lan pasucén. Sing sapa nampa Panjenengané kang disalib bakal disucékaké nganti salawase.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula manembah Paduka awit Paduka saéstu-estu séda, Paduka dipun kubur wonten ing guwa ingkang dipun tatah, lan angganepi ngaso Sabat sasampunipun Paduka séda ing dinten Jemuah, ing wekdal menda-menda dipun korbanaken kanggé Paskah. Paduka ngganepaken sadaya pranatan Paskah. Rah Paduka dadi pangayoman kawula saking bebendunipun Allah. Kawula nresnani Paduka leladi Paduka, masrahaken badan kawula sawetahipun dhumateng Paduka, lan mboten gadhah pepinginan menapa kemawon kajawi ngluhuraken asma Paduka ingkang suci.

PITAKONAN

  1. Apa kang panjenengan sinau saka babagan Gusti Yésus kang dikubur iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)