Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 230 (Christ’s Judgment on His Loving Followers)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

15. Pengadhilané Sang Kristus marang Para Pandhérék Panjenengané Kang nresnani Panjenengané (Matéus 25:34-40)


MATÉUS 25:34-40
34 Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan déning RamangingSun, mara, padha tamanana warisan Kraton, kang wis kacawisaké marang sira wiwit dumadining jagad. 35 Awit dené nalika Ingsun kerapan, sira caosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira caosi ngunjuk; nalika Ingsun lelana, sira caosi palereban; 36nalika Ingsun kelukaran, sira caosi pangageman, nalika Ingsun gerang, sira tiliki; nalika Ingsun kinjuara, sira sowani. 37 Ing kono wong-wong kang mursid iku bakal padha munjuk: Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan lajeng kawula caosi dhahar, saha kasatan kawula caosi ngunjuk? 38 Kala punapa kawula sumerep Paduka lelana lajeng kawula caosi palereban, saha kelukaran kawula caosi pangageman? 39 Kala punapa kawula sumerep Paduka gerah utawi kinunjara, lajeng kawula sowani? 40 Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemené pituturingSung marang sira: Samubarang kabéh kang sira tindakaké kanggo salah sawijining saduluringSung kang asor dhéwé iki, iku iya sira tindakaké kagem Ingsung.
(Yésaya 58:7, Amsal 19:17, Matéus 10:42, Ibrani 11:2)

Sang Kristus mestani para pandhérék Panjenengané minangka “wong kang diberkahi déning RamaningSun”, awit para pandhérék Panjenengané iku wis, lumantar iman marang Panjenengané dadi para putra Allah ing sajroné kayektén. Kang Maha Suci iku Sang Rama pandereké Gusti Yésus. Panjenengané ngesokaké Sang Roh Suci ing sajroné para pandhéréké Gusti Yésus, ngalimputi atiné karo katresnan, lan maringi para pandhéréké Gusti Yésus iku berkah. Para pandhéréké Gusti Yésus ora becik saka awaké dhéwé, nanging lumantar imané marang Sang Kristus, para pandhéréké iku dirubah lan dianyaraké ing samukabéhé pérangan uripe. Ing sajroné atiné para pandhéréké Gusti Yésus nggawa Kratoné Allah kang sinimpen ing kana kang bakal katon sumunar ing praupané nalika Sang Kristus rawuh. Sebanjuré Sang Kristus bakal ngandika manéh, “Binerkahan wong kang alus bebudné awit wong-wong iku bakal ngwarisi bumi,” lan prekara iku bakal dadi kasunyatan.

Sang Kristus nyethakaké yén Kraton Suwarga iku, Krajan saka Sang Rama. Umat ing sajroné krajan Panjenengané iku sedulur –sedulur ing sajroné Sang Roh suci, lair saka siji Rama, lan Sang Kristus nampani wong-wong iku kabéh dadi sedulur Panjenengané. Apa panjenengan warga keluwarga Allah? Apa panjenengan ngreti yén Kang Maha Suci iku Sang Rama panjengan kang langgeng? Rah Sang Kristus nyucékaké panjenengan sawutuhe, lan Sang Roh suci Panjenengané mberek panjenengan supaya nindakaké kabecikan lan tegen ing sajroné leladi Panjenengané. Kita kaparingan mangerti yén Sang Roh suci iku jaminan kanggo warisan kita kang gumathok ing sajroné krajan iku.

Ing mangsa pengadhilan, Sang Kristus ora bakal nimbang prekara iman intelektual utawa iman emosional panjenengané nanging woh saka katresnan kang sabenere. Panjenengané ora bakal wawan pangandikan karo panjenengan gegayutan wulangan (doktrin) lan upacara agama panjenengan, lan Panjenengané uga ora bakal ndangu panjenengan saka denominasi endi panjenengan asale. Panjenengané bakal ndangu panjenengan apa panjenengan nglegakaké wong-wong kang luwe nganggo panganan lan gizi kasukman. Panjenengané pirsa saben tuwung banyu kang panjenengan wenehaké marang wong-wong kang ngelak. Panjenengan duwé cathetan gegayutan kabéh tembung panglipur kang panjenengan pocakaké kanggo nguwataké wong-wong kang lagi kasusahan, nalika panjenengan ménéhi wong-wong mau wewengan teka ing sajroné patemon panjenengan kang kebak kabungahan. Apa tau panjenengan ménéhi sandhangan utawa sandhangan kang wis dienggo panjenengan marang wong-wong kang mlarat? Sang Kristus dhéwé kang nampa lan nganggokaké paweweh panjenengan iku, awit Panjenengané metung sarira Panjenengané padha karo wong-wong kang mbutuhake. Apa waé kang panjenengan tindakaké marang wong-wong liya padha karo kang panjenengan tindakaké marang Kristus dhéwé. Panjenengané bener-bener nggatekaké wong-wong kang ana ing sajroné panandhang.

Leladi panjenengan kunjuk Sang Kristus bakal didadar ing dina pengadilan iku, nanging ora kanggo paring paukuman panjenengané awit paukuman panjenengan wis dirampungaké ing Golgota. Hakikat panjenengan kang sabeneré bakal dinyatakaké ing dina Pengadhilan iku. Apa panjenengan ngendhangi wong-wong kang lara? Apa panjenengan macakaké kanggo wong-wong kang wuta? Apa panjenengan mitulungi kanca sekelas kang ringkih? Apa panjenengan ndedonga kanggo wong-wong kang kuatir lan kasepen? Apa panjenengan ngejaraké Sang Roh gusti ngrubah panjenengan dadi abdi kang setya? Kabéh pikiran, donga lan tetesan luh panjenengan ora ana gunané manawa ora dikantheni karo tumindak kang nyata ing sajroné leladi marang wong-wong liya lumantar Sang Kristus. Sang Kristus nyengkuyung umat Panjenengané lan Panjenengané nggatekaké apa kang digatekake. Panjenengané ana ing sajroné para pandhérék Panjenengané lan para pandhérék Panjenengané ana ing sajroné Panjenengané. Manawa Sang Kristus piyambak dingreteni ana ing antarané wong-wong mlarat, kepiyé anggoné cecawis kita kanggo mitulungi Panjenengane? Manawa Panjenengané ana ing sajroné pakunjaran, kaping pira panjenengan ngendhangi? Ana ngendi waé para abdi Panjenengané kang mlarat, sang Kristus cemawis nampani kabecikan kang panjenengan wenehaké marang wong-wong iku, lan kabéh iku bakal dipetung ing sajroné awak kita.

Ing sajroné pasemon iku, anéh banget yén ing dina pengadilan, wongwong kang diberkahi déning Sang Rama bakal nyuwun pirsa marang Sang Kristus, “Wonten pundi kawula sampun leladi Paduka?”. Para pandhéréké Sang Kristus ora ngrumangsani pentingé pagawéan katresnané lan ajiné saka pawarta kang ditindakake. Para pandhéréké Sang Kristus lan atindak saka ing sajroné ati kang luber-luber ing sajroné Katresnan. Para pandhéréké Sang Kristus ngasoraké awaké lan nyelarasaké awaké karo wong-wong kang kabucang lan mlarat, lan ora ngunggulaké awaké bebarengan karo wong-wong kang sugih lan misuwur. Ing sajroné nindakaké prekara iku, para pandhéréké Sang Kristus nuladhani Sang Kristus. Sang Juru selamet rawuh saka suwarga kanggo marasaké kang lara lan nylametaké wong-wong kang dosa. Manawa panjenengan ngersakaké ketemu karo Sang Kristus, golékana wong-wong mlarat lan mbutuhaké pitulungan kang ana ing sakiwa tengen panjenengan. Ing kono panjenengan bakal nemokaké Sang Kristus, lan panjenengan bakal dirubah dadi memper karo gambaran Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Paduka, Ingkang Maha Suci, Paduka kebak katresnan. Paduka apunten kawula babagan patrap kawula ingkang mentingaken badan piyambak lan icali patrap gumunggung kawula supados kula saget leladi sedhérék-sedhérék ingkang mbetahaké Paduka kanthi andhap asor. Kula gadhah kekajengan ngrengkuh sedhérék-sedhérék ingkang mlarat kados Paduka lenggah ing antawisipun sedhérék-sedhérék menika lan milujengaké sedhérék-sedhérék menika. Paduka limputi kawula kanthi katresnan Paduka kanthi makaten kula saget marisi, sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang dipun berkahi Rama Paduka, kraton kasukman Paduka ingkang sampun Paduka tebus lumantar kasédan Paduka. Kawula ngluhuraké Paduka awit Paduka menika hakim ingkang langgeng. Petangan kawula wonten ing asta Paduka. Paduka inggih menika panebus kawula. Lan ing salebetipun anggen Paduka séda, kawula nyelehaken pangajeng-ajeng kawula.

PITAKONAN

  1. Apa ta sebabé Gusti Yésus ing piwulang Panjenengané babagan pengadilan iku ora ngrembuk prekara iman, nanging ngunderaké kawigaten marang panggawé alendhesan katresnan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:50 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)