Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 231 (The Judge’s Judgment on the Evil Ones)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

16. Paukuman Saka Sang Hakim Marang Wong-Wong Duraka (Matéus 25:41-46)


MATÉUS 25:41-46
41 Sasrta Sang Nata bakal ngandika marang kang ana sisih kiwane: Sumingkira saka ing ngarsaningSun, heh, wong kang padha kena ing laknat, sumingkira menyang ing geni langgeng, kang wis kacawisaké kanggo Iblis lan para malaekate. 42 Sabab nalika Ingsun kerapan, sira ora nyaosi dhahar; nalika Ingsun kasatan, sira ora nyaosi ngunjuk; 43 nalika Ingsun lelana, sira ora nyaosi palereban; nalika Ingsun gerah, lan ana ing pakunjaran, sira ora sowan. 44 Ing kono wong-wong mau bakal padha munjuk: Dhuh, Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi pinuju lelana, punapa kelukaran utawi gerah, punapa wonten ing pakunjaran saha boten kewaula ladosi. 45 Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemené pituturingSun marang sira, samubarang kabéh kang ora sira tindakaké kanggo saslah sawijining wong kang asor dhéwé iki, iku iya ora sira tindakaké kagem Ingsun. 46 Wasana wong-wong iku bakal lumebu ing siksa langgeng, dené wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.
(Yokanan 5:29, Yakobus 2:13, Wahyu 20:10, 15)

Nalika duwé pikiran gegayutan pengadhilan pungkasan iku, wong bisa uga pitakon apa bakale bisa wong-wong kang becik iku sempurna ing sajroné kabecikan lan kang ala mung sapérangan waé alané. Rak wong becik uga tau dosa, lan malah wong dosa pisan uga tau mitulungi? Sedulur, malah kabéh wong kang becik pisan ing hakikate ya wong ala, nanging rah Sang Kristus wis nyucékaké wong-wong mau, lan iku hasil saka imané Sang Roh Allah ngalimputi wong-wong mau karo tumindak becik lan kayektén. Wong-wong mau diselametaké déning imané waé ora saka panggawéné.

Nanging, wong-wong mau dadi becik lan ditampa karana imané marang Sang Kristus. Panjenengané dadi korban kanggo dosa-dosané kanthi mangkono wong-wong mau disucékaké, dirubah déning Sang Roh suci lan dadi wong-wong suci. Ora ana tipak dosa apa waé kang isih kari ing sajroné wong-wogn mau sakwisé anggoné kabeneraké iku. Sang Roh Suci sebanjuré yasa pagawéan kang becik ing sajroné wong-wong iku, lan Sang Kristus terus nyuceni wong-wong mau saben dina ing salawasé uripe.

Nanging, wong-wong kang ala tetep ala, awit kabéh manungsa diakoni ala manawa kaukur alandhesan kasucéné Allah. Bejané Gusti Allah ngrancang nylametaké wong-wong kang ala kanthi sédané Sang Krsitus kang ngrukunaké dosa-dosané. Nanging wong-wong kang nampik Panjenengané ora bakal bisa ngerti panguwasané kaselametan, lan ora maélu dalan uwal saka pialané. Awit saka iku, pagawéané isih mentingaké awaké dhéwé lan kayektén pribadiné isih kalandhesan déning lelamisan.

Ing sajroné sih rahmat Panjenengané Sang Kristus madhakaké sarira Panjenengané karo wong-wong kang mlarat lan asor. Nalika ngadhili wong-wong dosa, Panjenengané ngandika yén wong-wong iku ora nresnani Panjenengané lan ora leladi Panjenengané nalika Panjenengané kerapan, ngorong, gerah, wuda, dadi wong manca, utawa ing sajroné pakunjaran. Wong-wong mau matur awit wong-wong mau ora tau ngreti Panjenengané ana ing sajroné prekara utawa mbutuhaké pitulungan. Gusti nyetahaké marang wong-wong mau yén kanthi ora maélu wong-wong kang mbutuhaké, wong-wong mau uga wis ora maélu marang Panjenengané. Awit saka iku, kabéh pagawéané ora ana gunané awit wong-wong mau mung nggatekaké awaké dhéwé lan keluwargané dhéwé luwih saka kang ditindakaké kunjuk Sang Kristus lan para pandhérék Panjenengané. Punjering saka panguripané ora Sang Kristus, nanging awaké dhéwé, dhuwite dhéwé, lan kalungguhané dhéwé ing tengahing masyarakat.

Sing sapa nampik Sang Juru selamet mangkotaké atiné marang Roh Katresnan Allah. Si pangawak dursila sebanjuré bakal ngalimputi wong-wong mau saka kaculikan, lan wong iku dadi salah siji pandhéréké kanthi taberi. Sang Kristus ora mung mestani wong-wong mau wong-wong ala, nanging dikaya “malaikat-malaikat kang ala”. Kaya apa alané jeneng iku! Panjenengané uga mestani wong-wong mau, “wong-wong kang kaipat-ipati,” awit dadi anak-anak lan abdi-abdiné Iblis, wong-wong mau ngwengakaké panguripané marang apus-apus, laku zina, kaculikan, rasa sengit, lan pangigit-igit.

Suwarga iku panguripan, ing sajroné kasuwargan ana kasucén lan kabungahan. Panguripan nyawa kita gumantung marang patunggalan kita karo Gusti Allah lumantar pantarané Gusti Yésus Kristus, dikaya badan kita gumantung marang patunggalan karo nyawa kita. Panguripan kang asipat kasuwargané bakal ana ing ngarsané Allah, ing sajroné keparengé lan patunggalan kang sempurna karo gusti Allah. Panguripan iku disebut panguripan kang “langgeng” awit anggoné pati ora bakal bisa mungkasi, umur tuwa ora bakal bisa ngrusak kaayemané lan kasusahan ora bisa dadi jalaran susahe. Dadi, panguripan lan pati, kabecikan lan piala, berkah lan pangipat-ipat, ditetepaké ing ngarepan kita lan kita bisa milih dalan endi kang bakal kita lakoni. Pilihan kita banget mawa teges.

Sedulur kang kinasih, Sang Kristus iku siji-sijiné Juru selamet jagat. Panjenengané ngapura kabéh dosa panjenengan. Pracayaa marang pangwasa-Né kanthi mangkono katresna-Né bisa ngalahaké patrap mentingaké awaké dhéwé ing sajroné panjenengan lan dadi jalaran panjenengan dadi pepadhanging Allah lan putra Kang Maha Luhur. Sebanjuré panjenengan ora bakal manéh mbudidaya nampani pikurmatan utawa kamewahan, nanging ngasoraké badan kanggo dadi kang cilik dhéwé ing antarané wong-wong suci, dadi wong kang cemawis ndedonga kanggo para satru panjenengané. Sang Roh Allah kang andadekaké panjenengan wong kang nggawa katentreman lan neguhaké panjenengan ing sajroné ing sajroné panguripan langgeng. Ngaliha saka rasa cuwa lan kacilakan langgeng tanpa pengarep-arep kang asipat kasuwargan! Mangertia yén wong-wong bener ing sajroné Sang Kristus bakal sumunar kaya srengenge, awit Sang Kristus manunggal ing sajroné wong-wong iki, lan ngalimputi wong-wong iki karo katresnan, kayektén lan kasucén. Panjenengané ngrangkul wong-wong iki kanthi kabungahan nalika wong-wong iki mlebu ing ngarsa Panjenengané awit gambarang kalanggengan Allah katon ing panguripané wong-wong iku.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, Paduka sampun wungu saking séda. Kawula ngluhuraken Paduka lan memuji Paduka, awit Paduka sampun nebus kawula lan nylametaken kawula saking sadaya dosa kawula. Si pangawak dursila mboten malih gadhah panguwasa atas kawula. Paduka ngawonaken wiji pati ing salebetipun badan cemer kawula, lan nebus kawula mboten ngangge emas utawi salaka, nanging kanthi panandhang lan séda Paduka, kanthi makaten kawula saget dadi kagungan Paduka lan gesang ing salebetipun Kraton Paduka sesarengan kaliyan sadaya tiyang-tiyang suci ing salebetipun kapenuhan panguwaos Paduka. Paduka wungu saking pati, lan Paduka paring dhawuh sesarengan kaliyan Sang Rama lan Sang Roh Suci, satunggal Allah ngantos salami-laminipun. Paduka paringi kabisan supados kawula saget nggayuh panggesang sesami kawula, mitra kawula lan satru kawula kanthi makaten sadayanipun uga saget mratobat, pitados dhumateng Paduka, lan kaénggalaken saha ksucékaken lumantar sih rahmat Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa ta sebabé wong-wong kang becik bakal muncul tanpa dosa lan wong-wong kang ala bakal katon banget ala ing dina pengadilan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 08:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)