Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 229 (Christ is the Eternal Judge)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

14. Sang Kristus Hakim Kang Langgeng (Matéus 25:31-33)


MATÉUS 25:31-33
31 “ Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyané lan sakabéhing padha ndhérékeka, Panjenengané banjur lenggah ing dhampar kamulyan. 32 Sakéhing bangsa nuli bakal kaklumpukaké ana ing ngarsané lan bakal kapisah-pisah siji lan sijiné kayadené pangon anggoné ndhéwék-ndhéwékeka wedhus gemel karo wedhus jawa, 33 kang gembel dipapanaké ana ing tengené dené wedhus jawa ana ing kiwané.
(Yehezkiel 34:17, Matéus 13:49, 16:27, Rum 14:10, Wahyu 20:11-13)

Apa panjenengan temen-temen ngenténi rawuhé Sang Kristus, Juru selamet lan Hakim panjenengan? Kabéh panguwasa ing langit lan ing bumi wis diparingaké marang Panjenengané. Saiki Panjenengané lungguh ing sisih kanan Rama Panjenengané lan bakal rawuh ing sajroné kaagungan lan kamulyan, minangka Raja, Hakim lan Gusti. Kabéh mripat bakal nyawang Panjenengané lan kabéh manungsa bakal ngakoni kaluhuran katresnan Allah kang manjalma dadi manungsa ing sajroné Putra Panjenengané kang disalib, dadi panebusing kita. Awit saka iku, kita nyesekaké bab kaluhuran Allah, Rama, lan bab Putra Panjenengané Cempe Allah kang kasembelih. Panjenengané nimbali kabéh wong pracaya supaya mratélakaké kaluhuran Panjenengané kanthi leladi Panjenengané ing sajroné kasucén. Panyuwun ing pandoga Rama kawula, “Kaluhurna asma Paduka”, bakal dipratélakaké ing sajroné kita.

Sang Kristus bakal rawuh manéh minangka Putra Manungsa. Sakwisé anggoné Panjenengané wungu, para murid Panjenengané bisa ngreti saka wujud, lagean, tembung-tembung, lan tandha paku ing asta Panjenengané. Kita, uga bakal wanuh ngreti Panjenengané minangka salah siji saka kita, minangka manungsa sejati. Kita bakal asurak lan bingah awit Panjenengané iki pantara kita kang setya, lan dadi piyayi kang ngrukunané kabéh manungsa karo Gusti Allah. Panjenengané nyanga kabéh dosa kita ing kayu salib, lan nelukaké pati kanggo kita. Panjenengané kang nyurutaké geni bebenduné Allah lan ngrukunaké jagat karo Panjenengané. Minangka pérangan saka karukunan kang banget ora ana bandhingané iki, Sang Roh Rama bakal mlebu ing sajroné wong-wong dosa kang wis mratobat, nindakaké ing sajroné wong-wong mau keselametan kang wis ditampa lumantar kayu salib.

Sing sapa nampik karukunan Sang Kristus kanggo pangapurané dosa bakal nampa kacilakan langgeng, awit ora duwé dalan marang nugraha. Wong iku bakal ngadhepi Putra Manungsa kang bakal ngadhili wong kang urip lan kang mati. Pengadilan Panjenengané iku mesthi. Sang Kristus bakal nglumpukaké kabéh manungsa ing ngareping dhampar pengadilan Panjenengané lan dikaya Panjenengané séda kanggo wong-wong kabéh, mengkono uga Panjenengané bakal ngadhili sakabéhe. Kabéh manungsa kudu sowan ing ngarsané Putra Manungsa lan Panjenengané bakal ngadhili siji mbaka siji.

Wong-wong kang ala lan wong kang mursid bakal nglupuk bebarengan, nanging Gusti Allah pirsa sapa kang dadi kagungané lan Panjenengané bakal misahaké dadi rong golongan iku. Sang Kristus iku Pangon kang becik kang masrahaké urip Panjenengané kanggo wedhus-wedhus Panjenengané. Wedhus-wedhus Panjenengané wanuh suwara Panjenengané lan ndhérékaké Panjenengané. Panjenengané maringi panguripan langgeng marang wong-wong lan wong-wong iku ora bakal nglakoni kacilakan langgeng, lan uga ora ana kang bisa ngrebut saka ing asta Panjenengané. Sing sapa ndhérék Sang Kristus bakal diteguhaké ing sajroné patunggalan katresnan Allah. Kabéh wong kang dadi pandhérék Cempening Allah bakal ngadeg ana ing sisih kanan Panjenengané.

Sing sapa mangkotaké pikiran marang katresnan Allah lan anggoné nebus Panjenengané yaiku wedhus jawa kang ora bisa ditata, kang nggunakaké dina-dinané ngadu sirah marang wong-wong liya lan ora ngrungokaké marang Pangon kang becik iku. Sang Kristus bakal misahaké antarané wedus gembel karo wedhus jawa ing wiwitan pengadilan Panjenengané. Apa panjenengan katon kaya wedhus gembele sang Kristus, apa wedhus jawa, wedusé Iblis?

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula manembah Paduka lan ngluhuraken Paduka awit Paduka badhé dados Hakim ingkang tunggal atas sadayanipun bangsa. Paduka Ingkang Maha Suci, Ingkang Adil ingkang kebak kaliyan katresnan. Paduka dados manungsa, lan Paduka pirsa hakikat karingkihan lan coban kawula. Paduka ngapunten kawula atas dosa-dosa kawula lumantar séda Paduka ingkang nggentosi kawula. Paduka kemawon Sang Juru wilujeng ingkang nyuceni kawula lumantar rah Paduka ingkang aji. Kawula gadhah pengajeng-ajeng ingkang jejeg dhumateng Paduka, bilih Paduka badhé ngayomi lan milih kawula ing dinten agung menika kanthi panguwas kayektén lan kaadilan Paduka. Paduka paringi dhumateng sedhérék-sedhérék ingkang gesang sesarengan kawula wewengan lan kekajengan kanggo mratobat lan pitados saderengipun rawuh Paduka malih.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta Putrané Manungsa bakal mratélakaké sarirané ing dina Pengadhilan?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matéus ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Apa sebabé Gusti Yésus melehaké para ahli Torét lan wong-wong Farisi ing jaman Panjenengane?
  2. Apa tegesé, “Sapa kang ngluhuraké awaké bakal diasoraké, lan sapa kang ngasoraké awaké bakal diluhurake?”
  3. Apa sebabé apa lan kepiyé ta wong-wong lamis nyegah wong-wong kang golék kayektén kanggo mlebu ing sajroné kasuwargan?
  4. Apa sebabé nyalah gunakaké agama disengiti Gusti Allah?
  5. Apa sebabé pawarta kang ditindakaké wong-wong Farisi ing pungkasané malah yasa para ahli neraka?
  6. Kepiyé carané Sang Kristus ngalahaké prekara sumpah palsu?
  7. Apa sebabé dené wong-wong kang ngrasuk agama lan pra guru iku wuta babagan kahanané awaké dhéwé?
  8. Apa ta kaluputané para ahli Torét lan wong-wong Farisi kang ngudokaké reresik gelas lan pirih luwih saka saprelune?
  9. Apa ta tegesé “kuburan kang dilabur putih: gegayutan karo wong-wong kang ngrasuk agama?
  10. Apa sebabé Gusti Yésus mada para pemimpin agama kang ala ing jaman Panjenengane?
  11. Apa sebabé Sang Kristus ngutus para abdi Panjenengané manéh marang para ahli ing antarné bangsa Panjenengane?
  12. Apa ta kang diwulangaké Sang Kristus marang kita babagan kutha Yerusalém?
  13. Gambaran apa kanthi tindaké Panjenengané gusti Yésus kanggo kang pungkasan saka pedaleman Suci ing Yerusalém?
  14. Apa kang dadi tujuwan kengkeran saka pitakonan para murid gegayutan karo dirusaké Pedaleman Suci?
  15. Apa sebabé Sang Kristus ora kersa paring wangsulan pitakonané para pandhérék Panjenengané gegayutan kapan rawuhé Panjenengané kang kapindho?
  16. Apa ta bebaya gedhé kang ngancam manungsa?
  17. Apa kang dadi jalaran panganiaya lan patrap nampak saka sedulur-sedulur ing dina pungkasan?
  18. Kepiyé carané kita bisa unggul atas prekara ing jaman pungkasan iki?
  19. Apa teges pangrusak kang ambesiya?
  20. Sapa ta si antikristus iku? apa ciri-ciriné lan pegawéane?
  21. Apa kang dadi tandha rawuhé Sang Putra Manungsa?
  22. Apa ta kang dipratélakaké Gusti Yésus ing sajroné pasemon babagan wit anjir?
  23. Kepiyé ta anggoné Sang Kristus bakal bali ing donya kita, lan apa kang bakal dumadi atas wong-wong kang disihi Panjenengane?
  24. Kepiyé carané panjenengan gampangé nyawisaké awak panjenengan gegayutan rawuhé Gusti Yésus?
  25. Apa sebabé apa ta Sang Kristus paring dhawuh supaya kita waspada lang jaga-jaga ing sajroné leladi Panjenengane?
  26. Apa ta bedané antarané prawan kang wicaksana lan prawan kang bodho?
  27. Kepiyé ta carané kita bisa nampa panguwasané Sang Roh suci lan manunggal ing sajroné Panjenengane?
  28. Apa sebabé prawan-prawan kang bodho iku ora bisa nampa kayektén lan kasucén Sang Kristus ing jaman pungkasan sadurungé Panjenengané rawuh manéh?
  29. Apa ta ganjaran kang diparingaké marang panjenengan??
  30. Kepiye carané Gusti metung pakaryan para abdi Panjenengané nalika Panjenengané rawuh manéh?
  31. Apa sebabé Gusti mundhut talénta saka abdi kan ala iku lan maringaké marang abdi kang kasil?
  32. Kepiyé ta Putrané Manungsa bakal mratélakaké sarirané ing dina Pengadhilan?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:45 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)