Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 216 (Destruction of Jerusalem)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

6. Rusaké kutha Yérusalém (Matéus 24:15-22)


MATÉUS 24:15-22
15 “Anadené manawa kowé padha weruh pangrusak kang ambegsiya ngadeg ana ing papan suci, miturut pangandikané kang kadhawuhaké lumantar Nabi Dhaniel—sing sapa maca migatekna—16 wong-wong ing Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan. 17 Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahe. 18 lan wong sing lagi ana ing pategalan aja mulih njupuk sandhangané. 19 Mesakaké banget wong kang lagi ngandheg lan kang lagi nusoni ing wektu iku. 20 Nynyuwuna, supaya anggonmu padha ngunsi aja piunju mangsa padhidhing lan aja mbeneri dina Sabat. 21 Amarga ing wektu iku bakal kalakoné panganiaya kang nggegirisi, kang durung tau kalakon wiwit ing wiwitaning jagd nganti saprené lan kang bakal ora kalakon manéh. 22 Saupama wektuné ora dicendhakaké, sakabéhing kang urip iki ora ana kang slamet, nanging marga saka anané wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakake.
(Daniel 12:1, Markus 13:14-23, Lukas 21:20-24, 23:29).

Ing kené Sang Kristus paring reringkesané pengadilan langgeng bakal ditibakaké marang jagat ing dina-dina pungkasan sadurungé anggoné Panjenengané rawuh. Panjenengané nyethakaké marang para murid Panjenengané gegayutan paukuman Allah kang bakal teka, mliginé atas Yerusalém, awit bangsa Yahudi wis nampik lan nyalibaké Putra Allah. Gusti Yésus Kristus nyuwun pangapura kanggo bangsa Yahudi marang Rama Panjenengané lan Sang Rama mirengaké Pandonga Panjenengané.

Bangsa Yahudi nalika iku kapara loro golongan. Wong-wong Zelot seneng nggunakaké panganiaya lumawan para imam kang ana ing sajroné Pedaleman Suci, nyawati para imam mau nganggo watu lan geni. Getih saka para imam kang mati milik ing cedhakan Mezbeh suci, nutupi jogané Pedalamen Suci iku. Ing pungkasan tahun 70 M, nalika bangsa Romawi teka lan ngepung Yerusalém, wong-wong Kristen kang asal usule wong Yahudi duwé panemu yén anggoné mateni para imam ing Pedaleman Suci iku sawijining patrap najis kang diweca bakal kelakon lan dadi cemer ing tengah-tengah Pedalamen Suci. Mungguh kang dadi akibate, selaras karo tuntunan saka pameca Sang Kristus kang banget déning cetha, wong-wong mau bakal lunga ing sawijining kutha kang jenengé Pella, kang mapan ing sabrang kali Yordan ing antarané sepuluh kutha kang merdika. Wong-wong mau mlayu sadurungé kelakon dikepung, lan nylametaké awaké saka bilai gedhé kang sebanjuré nempuh kabéh wong kang ana kutha Suci iku.

Nalika Titus, panglima Rum, teka binarengan prajurite kang banget déning kuwat, Panglima Titus ngepung Yerusalém ing wayahé Paskah, nalika kutha iku kebak wong-wong kang ziarah. Anggoné ngepung iku suwéné 5 wulan, kang dadi jalaran kurang mangan nempuh kutha iku. Akéh ing antarané wong-wong kang ninggalaké kutha iku teluk lan pasrah marang prajurit Rum, kang sebanjuré nyalibaké wong-wong mau tanpa ana welas babar pisan. Ewon saka antarané wong-wong mau gumantung ing kayu salib kang diedekaké ing sakiwa tengené tembok Yerusalém. Sakwisé nelukaké kutha mau, ngobong Pedaleman Suci, lan ngrusak gedung-gedung kang éndah lan santosa, bangsa Romawi ndadekaké batur tukon bangsa Yahudi. Mengkono kawiwitan mangsa kasangsaran lan panganiaya kang banget déning nggegirisi selaras karo apa kang dadi pambengoké ing ngarepané Pontius Pilatus nalika Gusti Yésus disalib, “Kersanipun rah Panjenenganipun, kawula sangga lan dipun sangga atas anak-anak kawula!”

Anggoné nyirnakaké kanthi kanisthan kang padha uga bakal bisa digatekaké ing jaman saiki nalika ana ceconkrahan kang ora samesthiné ing antarané wong-wong pracaya, kang dadi jalaran kelakoné rasa getir lan pangigit-igit ing antarané wong-wong ing sajroné gereja. Iki bisa kelakon ing sajroné jinis panganiaya kang asale saka wong-wong kang ana ing njaban gereja. Kekristenan kang kapisah-pisah bakal lelawanan karo hakikat asliné kang kuduné kebak katresnan lan pangapura. Lan manéh Sang Juru selamet kita dhéwé ngandika yén omah kang ceconkrahan ora bakal bisa umur suwé. Manawa kita arep melu cawe-cawe ing sajroné cecongkrahan kang mengkono, kita kudu mratobat lan nyuwun pangapura. Kita kudu kurmat kinurmatan antarané siji lan sijiné lan mburu patrap andhap asor. Manawa kita duwé prakara (kajaba saka anané patrap nampik marang wulangan Kristus kan dadi landhesan), kita kudu mbudidaya yasa tentrem supaya kita ora mancing kaweléhaké Gusti kita. Sing sapa kang kanthi sengaja dadi jalaran anané cocongkrahan bakal kudu tanggung jawab atas apa kang dadi akibate.

Ing mangsa-mangsa bebaya lan kangelan tambah cedhak, ora mung becik, nanging uga sawijining tanggung jawab kita, kanggo mbudidaya njaga awak kanthi cara kang becik lan jujur. Manawa Gusti Allah mbuka wewengan kanggo uwal, kita kudu lunga cepet-cepet; manawa ora mengkono, kita ora lagi mitaya Gusti Allah, nanging malah nyoba Panjenengané. Nalika pati ana ing ngarep lawang, yén nganti nungka banget déning mbebayani. Lot diparingi ngerti, “Aja noleh...” (Purwaning Dumadi 19:17). Watonan kang padha ditrapaké marang wong-wong kang isih cekelan marang dosa. Nalika wong-wong mau ndeleng pepesten rusaké awaké ing mangsa tembe, lan akibate, wong-wong mau ora gelem mlayu marang Sang Kristus, wong-wong mau kudu nggatekaké prekara iku. Manawa ora, wong-wong bakal ngalami kacilakan langgeng awit anggoné nungka iku.

Nalika mlayu, wong kang wicaksana ora bakal nuntun kakéhan barang darbeknya, awit kabéh iku bakal dadi momotan, lan malangi anggoné mlayu. Nalika bangsa Asyur digawé geter lan bingung déning Gusti Allah lan padha mlayu, wong-wong mau ninggalaké sandhangan lan bandhané ( 2 Raja 7:15). Wong-wong kang nggawa paling sithik gawan bakal kelakon kang paling aman ing sajroné anggoné ngungsi. Ing mangsa-mangsa bebaya kang mengkono, kita kudu ngaturaken panuwun manawa isih urip, senajan kudu kelangan bangsané awit, “Ajiné urip iku apa ora ngungkuli pangan” (Matius 6:25)? Ana pari basan Yunani mratélakaké, “wong kang bara kang ora nggawa dhuwit ora bakal rugi manawa dirampok” lan mlayu saka rampok mau, ana filsuf kang ora tau nggawa apa-apa ing sajroné dhéwéké mlayu tahu kandha, “kabéh bandha ku wis aku gawa”. Mengkono uga wong kang wis duwé Sang Kristus ing sajroné ati bakal nggawa Panjenengané nganti salawase, malah manawa uga dhéwéké wis kelangan kabéh barang darbeke.

PANDONGA: Rama, kawula pantes nampi bebendu Paduka lan dipun sirnakaké kados tiyang –tiyang sanés, awit kabula gumunggung, gumedhe, kapisah-pisah ing salebetipun golongan lan pérangan-pérangan, lan sengit sinengetan. Paduka apunten kawula atas pamanggih bilih kawula langkung saé tinimbang kaliyan tiyang-tiyang sané lan manunggalaken kawula ing salebetipun andhap asor awit katrsnan kang kalandhesan dhumateng panguwasa Injil Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa teges pangrusak kang ambesiya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:07 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)