Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 217 (False Christs)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

7. Almasih-Almasih Palsu (Matéus 24:23-26)


MATÉUS 24:23-26
23 Ing wektu iku, manawa ana wong kang kandha marang kowé: Delengen Kristus ana ing kené utawa Kristus ana ing kana, aja padha ngandel. 24 Sabab Kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakaké tanda-tandha kang nggegirisi lan mukjijat –mukujat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasaraké para wong pilihan uga. 25 Eling-elingen, Aku wis ngandhani kowé bab iku mau sadurungé kalakon. 26 Mulané yén ana wong kandha marang kowé: Panjenegnané ana ing ara-ara samun, kowé aja mrana. Utawa: Panjenegnané ana ing kamar, aja ngandel.
(Pandandaring Torét 13:2-4, Lukas 17:23-24, 2 Tesalonika 2:8-9, Wahyu 13:13)

Wong-wong Yahudi pracaya yén ing titi mangsané Gusti Allah bakal ngutus Sang Mesih Panjenengané minangka Juru selamet, bebarengan karo para malaikat kanggo mitulungi wong-wong Yahudi. Nanging, nalika Panjenengané rawuh, wong-wong Yahudi nampik ngakoni yén Gusti Allah gesang ing antarané wong-wong mau. Ora mung iku, nanging wong-wong Yahudi sebanjuré nyalibaké Putra Panjenengané lan nampik Sang Roh Kudus Panjenengané. Nanging wong Yahudi terus waé ngenténi Sang Mesih, lan ngenténi malah nganti dina iki, ora ngrasakaké yén Panjenengané satemené wis rawuh. Lan Panjenengané bakal énggal-énggal rawuh manéh kanthi panguwasa lan kamulyan, mratélakaké sarirané kang kalimputan pepadhang ing awang-awang!. Kita kudu terus jaga-jaga, waspada lan nyingkiri saka panjirete Anti Kristus, kang bakal tumindak niru-niru Sang Kristus kang nyasaraké lan anak Iblis kang medeni. Kita ora ngakoni Gusti liya kajaba Gusti Yésus Kristus kang wis wungu saka séda, lenggah ing sisih kanan Allah lan kang bakal rawuh manéh ing mega ing angkasa.

Ngreti yén wektuné wis winates, lan donya wis arep tekan pungkasané Iblis sebanjuré ngutus para nabi kang bakal nindakaké apus-apus, para utusan kang kebak culika, lan “mesih-mesih kang ngyakinaké (kang sabeneré iku antikristus) kanggo ngapusi para bangsa (I Yokanan 2:18). Wiwit sédané Sang Kristus ing kayu salib, ratusan nabi palsu lan utusan-utusan palsu saka pangawak dursila wis teka lan ngaku manawa wong-wong mau dijebati Allah minangka juru selamat donya iki. Nanging, wong-wong mau luwih nresnani awaké dhéwé lan golék pangalembana. Wong-wong mau ngidinaké gambar-gambaré kang gedhé banget lan reca-recané diselehké ing ndalan-ndalan supaya wong akéh ngluhuraké lan nyembah. Ora nyembah Gusti Allah. Hitler nindakaké prekara iki ing Jerman kanthi nuntut wong ambengok, “Keselametan asale saka Hitler”. Anggoné gumunggung Hitler uga ditindakaké déning stalin Ing Rusia nalika dhéwéké nggenti lambang-lambang agama nganggo fotoné. Mao Tsé Tung, diakoni déning yutan wong China dadi srengengé kang sumunar saka wétan, lan uga nuntut supaya dhéwéké disembah. Prekara kang anéh yaiku para pemimpin iku, kanthi nistha nindhes agama, yasa agamané dhéwé kang apunjer marang awaké lan ndadekaké siji karo panindhesing negara. Sindyan duwé kekuwatan kang ngedap-edapi lan nggunakaké kekuwatan iku luput, wong-wong mau ora bisa ngendhekaké Sang Roh Kristus kang abudi alus lan andhap asor, kang nuntun tanpa nggunakaké panganiaya pedhang. Panjenengané ora nyirnakaké para satru Panjenengané nanging ngilangi dosané lan ngalahaké wong-wong mau kanthi katresnan Panjenengané kang suci.

Sang Mesih kang sakbeneré iku Sang Mesih kita kang kasalib lan ditampik iku. Panjenengané iku Pribadi kang ngrubah ati lan ngrukunaké kita karo Gusti Allah. Panjenengané nimbali para pandhérék Panjenengané ing sajroné Keraton katresnané Panjenengané. Mesih kang palsu nindakaké kang kosok baléné. Dhéwéké mangkotaké ati kanthi agawé manungsa nyekeli kayektén lan kabecikané pribadi kang palsu. Mesih palsu nyelaki anggoné Gusti Yésus iya dadi jejeré Gusti Allah, ngganti karo keyakinan anané manungsa luwih-luwih kang katon asipat manungsa lan moderen. Mesih palsu mau ngulemi wong-wong kang melu ing sawijining kraton dosa lan pati (I Yokanan 2:22-25, 4:1-5).

Sang Kristus ngandika nganti kaping telu, “Ngati-ati karo Mesih-Mesih palsu”. Wong-wong kang duraka bakal nyurung panjenengan pracaya marang badan panjenengan dhéwé, Nanging cempe Allah iku siji-sijiné kang ngapura dosa-dosa, lan ménéhi urip langgeng marang wong-wong kang pracaya marang Panjenengané lan manunggal ing sajroné Panjenengané. Sing padha ngati-ati, awit antikristus iku bakal dadi pemimpin saka wong-wong kang duraka. Dhéwéké bakal manunggalaké saindhenging jagat lan mbudidaya kanthi tumemen nyelarasaké lan manunggalaké kabéh agama ing donya lan andadekaké sawijining tatanan kang sabeneré banget déning nyasarake. Dhéwéka banjur mratélakaké awaké, awit jagat wis cemawis nampa dhéwé ing sajroné tata pegawéan jagat iki: Ekonomi, agama, teknologi lsp. Aja cilik ati- eling yén si pangawak dursila iku pancen kudu teka dhisik sadurungi Sang Mesis kang bener iku rawuh.

PANDONGA: Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit maringi kawula kelairan énggal kanthi cara kasukman kaliyan rah Panjenenganipun ingkang Paduka sihi lumantar panguwaos Sang Roh Suci. Paduka sampun andadosaken kawula pantes kanggé Kraton Paduka. Paduka jangkung kawula ing salebetipun andhap asor kanthi makaten kawula saget cepengan dhumateng salib Paduka, lan mboten namun pitados dhumateng kasaénan limrah manungsa. Paduka tutup talingan kawula supados kawula mboten mireng dhumateng pambujuk saking antikristus lan para utusanipun. Paduka paringi kasagetan kawula supados tansah manunggal ing salebetipun putra Paduka ingkang Paduka tresnani sesarengan kaliyan sadaya umat Paduka ingkang kapiji.

PITAKONAN

  1. Sapa ta si antikristus iku? apa ciri-ciriné lan pegawéane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:11 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)