Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 215 (They Will Deliver You up to Tribulation)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

5. Kowé Bakal Dipasrahaké Supaya Disiksa (Matéus 24:9-14)


MATÉUS 24:12-14
12 Apamanéh marga saka saya wuwuhé duraka, temahan wong kang akéh-akéh padha suda katresnané. 13 Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu. 14 Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindengaing jagad minangka paseksi marang sakebehing bangsa. Sakwisé iku lagi dina wekasan.
(Matéus 10:22, 28:19, 2 Timotius 3:1-5, Wahyu 13:10).

Saben sopir ing kutha mesti tau nemoni dalam macet lan ndeleng wong kang numpak tetumpakan kang liya gawé prekara awit anggoné numpak tetumpakané sembrono. Kita uga ndeleng kekisruhan nalika bocah-bocah ora manéh mbangun turut marang wong tuwané. Para murid entuk daya pengaruh kang ala lan ngréméhaké saka kanca saklase. Patrap kasar, mentingaké awaké dhéwé lan patrap ora adil dadi pambobot kang umum, sawetara pambobot-pambobot kang kinurmatan lan ajen kenajenan tambah ilang. Culika, apus-apus, lan golék kauntungan pribadi tambah mundhak-mundhak.

Manawa kita ora ngati-ati, wisa saka jagat iki, bakal alon-alon duwé daya pengaruh marang ati kita. Bisa kita uga bakal kalimputan rasa sengit, cemer lan gawé raja pati. Nanging Sang Kristus mulungaké asta Panjenengané marang kita, paring kamardikan kita saka rasa sengit, lan maringi katresnan Panjenengané marang kita. Mung kabecikan Sang Kristus kang bisa ngalahaké peteng ndhedhete jaman iki. Sing sapa kang ora mbudidaya ngadeg jejeg ing sajroné sih rahmat Sang Kristus lan mulang bakal tiba lan ngedoh saka patunggalan karo Panjenengané awit cara iblis banget déning culika lan kuwat.

Sumitra, mangga pirsani Gusti Yésus, kepiyé Panjenengané ngapura dosa-dosa para satru Panjenengané malah ing kayu salib, nylametaké maling kang mratobat, lan ngadeg kanthi setyo ing ngarsané Allah nyangga panerak kita. Sang Kristus nyangga pandhang tanpa sambat, lan nresnani tanpa mandheg. Panjenengan ora bisa nyangga rasa sengit wong-wong liya nganggo kekuwatan panjenengan dhéwé, nanging Gusti bisa nguwataké panjenengan supaya tansah nresnani. Nyuwuna marang Panjenengané kanggo mitulungi panjenengan ngalahaké patrap kebengeten anggoné duwé rasa pangrasa, lan ngedoh saka patunggalan wong-wong suci. Tanpa Panjenengan ora bakal bisa nindakaké apa waé kang positif.

Sing sapa kang tetap jejeg bakal diselametake. Sang Kristus ora njaluk panjenengan supaya ngadeg jejeg mung ing sajroné siji lelakon waé, nanging Panjenengané ngarep-arep anané pangapura, kabungahan, lan rahmat terus nganti marang pungkasan urip panjenengané. Nanging teguhna atimu! Nalika Sang Kristus manggul pasangan bebarengan karo panjenengané Panjenengané lagi mulangaké lan mratélakaké marang panjenengan prekara-prekara kang ngedap-edapi, lan kang siningitan. Sinaua saka Panjenengané awit Panjenengané alus ing bebuden lan andhap asor, lan atimu bakal ngrasakaké katentreman.

Sang Kristus ngandika marang kita yen, sadurungé pungkasané anané kita ing donya kelakon, Injil bakal diwartakaké ing saindenging jagat. Ing sajroné wektu 40 tahun saka sédané Sang Kristus, Injil wis tekan saindhenging laladan Romawi (Roma 10:18. Rasul Paulus martakaké Injil saka Yerusalen menyang Lirikum (Roma 15:19). Para rasul kang liya uga ora mung meneng waé. Panganiaya wong-wong suci ing Yerusalém wis nulungi wong-wong pracaya sumebar, kanthi mengkono wong-wong pracaya ana ing ngendi-endi, martakaken pangandikan (Para Rasul 8:1-4. Sing anéh, para pemimpin Yahudi duwé pikiran malangi, kanthi sédané Sang Kristus, nanging para pemimpin Yahudi kuwi kanthi patrape malangi iki, malah mitulungi Injil sumebar. Nalika bangsa Romawi nglungguhi Yerusalém tahun 70 M, wong-wong pracaya malah luwih sumebar jembar manéh, utawa disebut Diaspora, kelakon. Nalika iku akéh wong kang pracaya marang Panjenengané.

Malah ing mangsa-mangsa pancoban, prekara, lan panganiaya, Injil kraton bakal terus kawartakake. Senajan para satru gereja tambah wengis, sawetara akéh mitrané dadi adhem, nanging Injil tetap uga diwartakake. Pangandikané Allah luwih kuwat tinimbang karo kang lumawan ing ngendi waé. Wong-wong kang wanuh Gusti Allahe, bakal dikuwataké kanggo nresnani lan mulang akéh wong liya.

Gusti Yésus ngandika yén bumi lan alam iki bakal kepungkur. Sebanjuré kena ngapa kita nglakoni urip kaya-kaya ora bakal ana pungkasane? Pungkasé jagat raya bisa uga awujud perang nuklir, nalika planet bumi kita sirna ing sajroné sakedheping netra. Ing tengah-tengah kabéh kang ora gumathok, Nabi Musa ménéhi kita kunci supaya duwé tata laku wicaksana kanthi ngandika: “Kawula mugi sami Paduka wulang ngetang dinten kawula ing saleresipun, supados sageda sami angsal manah ingkang wicaksana. (Jabur 90:12).

PANDONGA: Gusti Yésus, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka rawuh ngayomi kawula. Paduka wucal kawula supados nresnani sadaya manungsa lan martakaké dhumateng sedhérék-sedhérék panguwasanipun Injil ingkang kasil. Padula wucal kawula awatek sabar lan tegen, kados para abdi Paduka ing saindhenging jagat lan ndedonga, “Sowana, Gusti Yésus”

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané kita bisa unggul atas prekara ing jaman pungkasan iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)