Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 194 (Caesar’s and God’s Things)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

6. Kang Dadi Hak Kanggo Sang Nata, Lan Kang Dadi Hak Kagem Gusti Allah (Matéus 22:15-22)


MATÉUS 22:15-22
15 Sakwisé mangkono wong-wong Farisi banjur lunga, padha rerembugan bab kapriye anggoné bisa nyengkolong Gusti Yésus sarana pitakonan. 16 Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengané punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dené Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang. 17 Awit saking punika mugi karsaa paring katrangan: Mbayar paos dhateng Sang Nata Agung punika kening punapa boten?” 18 Nanging Gusti Yésus mirsa bab kaculikaning atiné wong-wong mau, mulané banjur ngandika: He, wong lamis, yagené kowé padha nyoba marang Aku? 19 Aku tuduhana dhuwit kanggo pajeg iku!” Banjur dicaosi dhuwit dinar siji. 20 Panjenengané nuli ndangu: “Iki gambaré lan tulisané sapa?” 21 Atur wansulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yésus banjur ngandika: Mulané Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosaké marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah.” 22 Bareng wong-wong mau krungu pangandika mangkono iku padha kaéraman, tumuli Gusti Yésus ditinggal lunga.
(Markus 12:13-17, Lukas 20:20-26, Yokanan 3:2, Rum 13:1, 7)

Salah siji panandhang Sang Kristus kang nglarani ati banget, yaiku “Panjenengané kang mantep anggoné nahanaké pambatahé para wong dosa” (Ibrani 12:3). Wong-wong kang mbudidaya jlomprongaké Panjenengané mbudidaya gawé cengkolong kanggo Panjenengané. Ing sajroné ayat iki, kita nyemak Panjenengané diserang déning wong-wong Farisi lan golongan Herodhian kanthi pitakonan gegayutan mbayar pajek marang Sang Nata Agung.

Wong-wong Yahudi sengit marang pemerintahan Rum awit pemerintahan Rum ngecakaké pajek kang abot atas bangsa iku lan ora ménéhi kamarikan sawutuhé kanggo wong Yahudi supaya nindakaké paugeran lan nindakaké paugeran pangibadahe. Wong Yahudi duwé panemu yén panguwasa Sang Nata agung iku lelawangan karo panguwasané Gusti.

Para satru Sang Kristus ngaturaken pitakonan kang culika kang bisa mapanaké Sang Kristus ing kahanan kang ora kepenak, becik kanggo pemerintahan Rum uga kanggo bangsa iku. Prajurit saka Sang Prabu Hérodhés bakal nekani nggawa ahli Hukum kanggo nyekel Gusti Yésus manawa Panjenengan ngandika sawijining prekara lelawanan karo panguwasané para kang duwé kuwasa. Kang kudu diadhepi Sang Kristus mengkéné: Manwa Panjenengané sarujuk mbayar pajek, rakya bakal nampik Panjenengané. Manawa Panjenengan ngandika yén mung Gusti Allah kang pantes disembah tanpa kudu mbayar pajek, prajurit Romawi bakal nyepeng Panjenengané.

Para satru Sang Kristus duwé kekarepan kanggo “nyengkolong Gusti Yésus nganggo pitakonan”. Para satru duwé pengarep-arep yén kanthi ngaturaké pitakonan kang angel, para satru mau bakal bisa entuk kamenangan atas Panjenengané. Asring sawijining pakaryan para abdi Iblis kanggo ndakwa wong nindakaké panerak kanthi tembung kang dipapanaké kang luput, disalah mangerti- tembung-tembung lumrah kang diselewengaké kanthi cara kang culika. Mengkené patrape wong duraka: “Wong duraka nganam-anak pitenah nglawan wong mursid, sarta nggeget-nggeget untu ana ing ngarepe. Nanging digegujeng ing Pangéran, amarga Pangéran mirsa, yén dinané wong iku wus cedhak” (Jabur 37:12-13).

Ana cara loro kang bisa uga dienggo déning para satru Sang Kristus ing sajroné lumawan Panjenengane: Nganggo paugeran utawa nganggo kekuwatan. Nek nganggo Paugeran, wong-wong mau kudu ngajak Panjenengané menyang pemerintahan rakyat biasa minangka wong kang nerak paugeran, awit para satru “boten sami kawenangaken matrapi paukuman pejang dhateng tiyang” (Yokanan 18:31). Panguwasa Rum ora gelem repot banget ngurus gegayutan pitakonan babagan pangandikan, jeneng-jeneng, lan paugerané wong Yahudi. Kanggo ngadhepi Panjenengané nganggo kekuwatan, para satru kudu metung wong akéh yén arep lumawan Panjenengané. Nanging krana wong akéh pracaya yén Sang Kristus iku nabi, para satru Panjenengané ora bisa ngobong masyarakat kanggo lumawan Panjenengané.

Sadurungé para satru ngrasakaké, Gusti Yésus wis agawé para satru ngakoni panguwasané Sang Nata Agung atas dhéwéké . Ing sajroné mrangguli karo wong kang golék-golék kaluputan, apik banget kanggo ménéhi alesan kita sadurungé ménéhi jawaban. Kanthi mengkono, bukti kayektén bakal nutup cangkeme para satru kang duwé kekarepan lumawan Panjenengané. Sang Kristus njaluk marang wong-wong mau nuduhaké dhuwit pajek awit Panjenengané ora ngasta dhuwit iku. Wong-wong mau nuduhaké dhuwit dinar Rum, kang diwenehi gambar lan tulisan saka Sang Nata Agung. Nyetak dhuwit diakoni yén kuwi kawenangané Negara utawa kang duwé panguwasa ing Negara iku. Ngakoni menawa dhuwit iku sah lan payu ing sawijining negara nandhakaké yén wong kang ngakoni ikut tundhuk marang panguwasa negara iku.

Sang Kristus paring wangsulan atas cengkolong saka wong-wong lelamisan iku kanthi tembung kang alandhesan kawicaksanan lan panguwasa kayektén kang ngyakinake. Kayektén Allah menang atas rancangan Iblis, Bapak sakabéhing goroh. Kanthi jawaban kang diparingaké, Sang Kristus melehaké piala lelamisan, lan mratélakaken wangkoting ati wong-wong Farisi. Panjenengané mbayar pajeg nganggo mammon kang ora suci kang asale lan duwéké negara. Manawa negara nuntut haké, kita ora kené nolak. Sang Kristus mbereg kita supaya ora gumantung marang dhuwit, bandha kadonyan, utawa barang-barang kang mati, nanging mbayar apa kang kuduné dibayaraké tanpa mangu-mangu.

Apa kang dingandikaaké Sang Kristus kuwi melehaké patrap lamis iku nganti tekan sariné. Panjenengané nuntun wong-wong mau saka anggoné nresnani mammon lan panguwasa ing ngarsané Gusti Allah kanthi ngandika: “Mulané Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosaké marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturaké marang Allah”. Kabéh prakara, malah Sang Nata Agung dhéwé iku kagungané Allah. Mripat, tangan, tutuk lan ati kita iku kagungané Allah, dudu duwéké kita dhéwé. Dhuwit, wektu lan kekuwatan kita kabéh iku kagungané Gusti. Wong tuwa, tangga teparo, pagawéan lan pemimpin kita iku peparingané Allah. Dadi kita kudu mbalekaké kabéh marang asale. Mratobata lan mangertia yén semboyan saka urip langgeng ora marga dhuwit lan kalungguhan, nanging iman marang Allah lan Putra Panjenengané. Panjenengan iku kagungané Allah, banjur kapan panjenengan bakal urip selaras karo kasunyatan iki?

Telukna panguripan panjenengan sawutuhé ing astané Sang Juru selamat panjenengan, lan aja lali masrahaké dompet panjenengan ing ngarsané dhampar sih rahmat Panjenengané. Kita isih urip ing sajroné donya lan ora ana ing Suwarga. Sawetara negara kala-kala njaluk wong-wong pracaya teluk ing sajroné prekara-prekara kang sabeneré mung kagungan Gusti Allah lan dudu duwéké manungsa. Ing sajroné kahanan kang mengkono, kita kudu luwih mbangun turut marang Allah tinimbang karo marang manungsa. Hak pribadi lan hak Negara iku cilik banget manawa tinimbang karo panguwasané Allah atas titah Panjenengané. Pambangun turut marang Gusti Allah ngluwihi anggoné mbangun turut marang negara. Kita aja nganti mbangun turut marang titah lan ora mbantun turut marang Kang Nitahake.

Ayo kita mbangun turut marang Negara kanthi setya ing sajroné prekara-prekara kang ora lelawanan kasucén Gusti Allah utawa karo Injil tentrem rahayu Panjenengané.

Nalika kita ménéhi marang Sang nata Agung apa kang dadi hak Sang Nata Agung, kita uga kudu eling kanggo ngaturaken pisusung marang Allah apa kang dadi hak Allah. Panjenengané wis ngandika, “Anak-Ku pasrahna atimu marang Aku”. Panjenengané kudu entuk papan kang jero dhéwé lan dhuwur dhéwé ing kana.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula menika kagungan Paduka. Bedanipun antawis bendara ingkang asipat kadonyan kawula kaliyan Paduka menika kados langit lan bumi. Paduku pitulungi kawula kanggé lelados negara kawula lan mboten kathah mentingaken prekawis-prekawis kadonyan menika, nanging supados kawula gesang ing ngarsanipun Paduka, pitados dhumateng Paduka atas sadaya prekawis kawula kanthi makaten asma Paduka badhé kaluhuraken atas kawicaksan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi haké Sang Nata Agung lan apa kang dadi kagungané Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:35 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)