Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 193 (Parable of the Great Wedding Feast)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)
5. Gusti Yésus Paring Pasemon Cacah Papat (Matéus 21:28 - 22:14)

d) Pasemon Babagan Pahargyan Pikraman Agung Ing Kraton (Matéus 22:1-14)


MATÉUS 22:1-14
1 Gusti Yésus tumuli paring pasemon manéh marang wong-wong mau, pangandikane: 2 “Kratoning Swarga iku upamané kaya ratu, kang mahargya pikramané ingkang putra. 3 Banjur utusan para abdi nimbali para wong kang kauleman, nanging padha ora gelem sowan. 4 Nuli utusan para abdiné liyané dhawuhé: Sing padha diulemi kandhanana mangkéné: Ingsun wis nyawisaké bujananingsun, sapiningsun lan kewaningsun lemon wis padha kasembelehan, sarta samubarang wis cumepak, padha tekaa ing pahargyan. 5 Ewadené para kang kauleman padha ora maélu. Ana kang padha menyang ing pategalané ana kang lunga ngurus padagangané dené liyané padha nyekel para abdi mau, dikaniaya sarta dipateni. 7 Mulané Sang Nata duka lan banjur utusan wadyabalané kadhawuhan numpes wong-wong dursila mau lan ngobongi kuthané.8 Sakwisé iku nuli ngandika marang para abdine: “Bujana manton wis cumawis, nanging wong-wong sing diulemi padha ora pantes. 9 Mulané padha menyanga ing dalan-dalan prapatan, saben wong kang kokprangguli ing kono pada ulemana menyang ing pahargyan manton iki. 10 Abdi-abdi mau tumuli padha mangkat lan nglumpukaké kabéh wong kang ana ing dalan-dalan, wong ala lan wong becik, nganti ngebaki papan pahargyan manton. 11 Nalika Sang Nata lumebet karsa manggihi tamu-tamu iku, panjenengané mirsa wong siji, sing ora nganggo sandhangan pesta. 12 Panjenengané banjur ngandika marang wong mau: “He, sadulur, kapriye dené sira lumebu ing kené ora nganggo sandhangan pesta? Wong mau meneng bae.13 Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungan tangan lan sikile, nuli uncalna menyang panggonan kang peteng dhéwé, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu. 14 sabab akéh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih”.
(Lukas 14:16-24, Yokanan 3:29, Matéus 21:35, 24:2, Wahyu 19:8).

Awit Sang Kristus pirsa pikiran manungsa, Panjenengané pirsa kepiyé paring jawaban marang manungsa. Pasemon iki nyethakaké gegayutan apa kang ditawakaké Injil lan maneka tanggapan marang apa kang ditawakaké iku. Pasemon babagan kebon anggur mralambangaké dosa-dosa para pemimpin kang nganiaya para nabi. Prekara iku uga nuduhaké dosa-dosa manungsa, kang umume nyepelekaké pawarta para nabi, sawetara para pemimpiné nganiaya kang nggawa pawarta.

Gusti Yésus nyaritakaké gegayutan Raja kang nganakaké bujana pahargyan manton kanggo anak lanangé minangka pasemon babagan bujana kasukman manton kang ngedap-edapi saka Putra Allah. Para tamu minangka pralamanbang pangaten wanitané. Kabéh wong diulemi manunggal ing sajroné iman karo Putra Allah. Patunggalan iman iki nuduhaké babagan kabungahan, kasenenengan, kecukupan lan atur panuwun kang sejati. Kabéh prejanjian Injil iku kaya bujana manton kang kebak kabungahan. Duduk sawijining pepérangan kang kebak raka wedi lan ngwutahaké getih.

Priyayi kang nganakaké bujana milih tamu-tamuné. Para tamu Allah iku anak-anak manungsa. “Gusti, sinten ta manungsa, ngantos piyambakipun dipun luhuraken kados makaten!”. Para tamu kang kawitan pisan diulemi yaiku wong-wong Yahudi. Saben Injil kawartakaké, yaiku uleman kang disebarake. Para utusan iku “para abdi” kang diutus nggawa uleman (Wulang Bebasan 9:4-5).

Saka pasemon iki, kita nyemak yén para tamu ditimbali lan diulemi menyang ing sajroné bujana iku. Uleman iki diparingaké marang kabéh kang krungu suwara Injil kang kebak kabungahan. Para abdi kang nggawa uleman iki ora duwé cathetan jeneng kang gumathok saka para tamuné. Ora diprélokaké cathetan iku awit kabéh wong diulemi. Ora ana siji waé kang ora diulemi kajaba wong-wong kang ora gelem nampa uleman iku. Kabéh kang diulemi ing sajroné bujana diulemi uga ing sajroné manton iku. Wong-wong diulemi ing sajroné manton iku, kanthi mengkono wong-wong bisa ketemu karo pengantin lanang, awit pancen karsa Sang Rama yén kabéh wong bakal ngurmati Sang Putra ( Yokanan 5:23).

Ing sajroné Injil, ora mung ana pawarta kang kebak rahmat, nanging uga ajakan kang kebak rahmat. Kita ngyakinaké manungsa, “Mulané aku iki iya padha dadi utusané Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowé kabéh lumantar aku” (2 Korinta 5:11;20). Gatekna kepiyé manah Sang Kristus ditetepaké kanggo kabejan saka jiwa-jiwa kang apes iku! Panjenengané ora mung nyawisaké marang wong-wong mau, selaras karo kabutuhané nanging Panjenengané uga kemutan karingkihan lan anggoné ora kawigaten.

Nalika wong-wong kang diulemi ora uga teka, Sang Raja ngutus manéh para abdi kang liyané. Nanging para nabi ing Prejanjian Lawas ora dirungokaké, mengkono uga Yokanan Pembaptis, lan malah Sang Kristus piyambak (kang martakaké yén Kratoné Allah wis cedhak). Pungkasané para rasul lan peladen Injil diutus sakwisé patangené Sang Kristus kanggo martakaké yén bujana wis kacawisaké sing sapa kang cemawis lan ngyakinaké wong-wong mau nampani uleman iku énggal-énggal.

Manawa kita nampani Injil (“Sabeneré suguhan, wis dicawisaké, sapi lanang, lan kewan ingon-ingonku wis dibeleh; kabéh wis cemawis teka ing bujana manton iki”), Rama cemawis nampani kita, Sang Putra dadi pantara kanggo kita, lan Sang Roh Suci nyucékaké kita. Pangapura wis cemawis, tentrem rahayu wis cemawis, lan panglipuran wis cemawis. Janji iku wis cemawis minangka etuking banyu urip. Para malaikat cemawis ngladeni kita, panjangkung cemawis lan kacawisaké kanggo kabecikan kita, lan suwarga, pungkasané cemawis kanggo nampa kita. Iki babagan Kratoné kang wis dicawisaké, “wis cumawis lan kang bakal kawedharaké ing jaman wekasan” (I Petrus 1:5).

Gusti Allah ngutus para nabi lan utusan Panjenengané kawitan pisan marang wong-wong Yahudi, sakwisé iku menyang saindhenging jagat. Anggoné leladi para nabi lan utusan ditindaké ora kok ditindakaké awit sawijining kewajiban, utawa kanthi kepeksa, nanging kanthi cara sukarila lan kabungahan. Para nabi lan para utusan ora dadi semplah. Para nabi lan para utusan ora mburu kaluhuran awaké dhéwé nanging kabéh iku kunjuk kaluhurané Gusti. Pawarta kang dilantaraken iku, “kabéh wis cemawis, tekaa ing bujana manton Putra Allah.” Prekara kang anéh ing sajroné bujana manton iki yaiku yén penganten lanangé uga kang dadi korbané. Panjenengané séda kanggé mbeneraké para tamuné. Gusti Allah wis nyawisaké sakabéhé kanggé bujana manton ing suwarga itu. Keselametan wis sawutuhé diujudaké lan dicawisaké kanggo kabéh wong. Aku kabéh nyuwun panjenengan, ing sajroné asma Allah, “Rawuha, kabéh wis dicawisake”.

Prakara kang anéh liyané ing sajroné pasemon iki yaiku yén akéh-akéh saka wong-wong kang diulemi ora teka. Alesané wong-wong mau ora duwé landhesan, kang iku pancen nandhakaké yén wong-wong mau ora gelem bebarengan karo Gusti Allah. Wong-wong mau ora nresnani Panjenengané nanging nresnani awaké dhéwé lan kepéngin uwal saka katresnan Panjenengané.

Kang dadi jalaran wong-wong dosa ora gelem sowan marang Sang Kristus lan nampa keselametan ora awit wong-wong mau ora bisa, nanging awit wong-wong mau ora gelem (Yokanan 5:40). Sikep iki ngundhakaké panandang wong-wong dosa. Wong-wong mau bisa uga nampani kaben manawa wong-wong mau gelem sowan, nanging wong-wong mau milih nampik uleman iku.

Kanggoné wong akéh bisnis lan kauntungan usaha donya agawé wong-wong mau ora gelem sowan marang Sang Kristus. Ing sajroné pasemon iku, kabéh kang ora gelem sowan ménéhi apa kang dadi alesané. Wong-wong kang manggon ing ndesa kudu ngurus pakebonané. Wong-wong kang manggon ing Kutho kudu ngurus tokoné. Kang kudu tetuku, dodolan, lan entuk kauntungan. Pancen bener banget, para wong kang gawéané dedagangan lan kang tani kudu nyambut gawé tumemen ing sajroné bisnisé nanging ora kena agawé pegawéané iku malangi anggoné ndhérék Sang Kristus.

Sebanjuré Kang Mahasuci iku uga prihatin, awit katresnan Panjenengané iku adil. Sing sapa nampik sih rahmat Panjenengané misahaké awaké saka pepadhang Panjenengané. Yaiku bebendu Gusti Allah: ngejaraké wong-wong dosa nyilakaaké awaké dhéwé. Apa panjenengan pirsa bebenduné Allah? Panjenengan mbuka koran lan waca kanthi nggunakaké mripat kasukman. Sebanjuré panjenengan bakal bisa ndeleng bebenduné Gusti Allah kanthi cetha.

Sakwisé wong-wong kang diulemi nampik nekani. Gusti Allah ngulemi wong-wong kang dosa, wong-wong manca, wong-wong ala lan wong-wong kang lara ing sajroné bujana mantu Panjenengané. Umat Panjenengané piyambak ora gelem nampa uleman Panjenengan, awit saka iku Panjenengané ngulemi kabéh wong-wong mlarat ing sajroné bujana Putra Panjenengané. Gusti Allah kita kang agung ngulemi panjenengan kanthi cara pribadi, apa panjenengan bakal rawuh? Apa panjenengan nampa kasunyatanyen panjenengan mlarat, lempoh lan kebak panalangsa?

Gusti Allah nawani marang wong-wong kang nampa uleman Panjenengané kanggo nganggo sandhangan kasucén. Apa panjenengan wis nganggo sih rahmat Gusti Allah piyambak lan dandani awak panjenengan nganggo mutiara Sang Roh Suci? Tanpa dandan kang bakal ngalahaké piala panjenengan iki, panjenengan ora bakal pantes ana ing bujana mantu Gusti Allah. Sing sapa kang duwé pikiran yén dhéwéké bisa sowan marang Gusti Allah tanpa nganggo sih rahmat Allah bakal ditundhung lan dibuwang ing sajroné geni kang langgeng. Neraka ora mung siksan awujud geni kang ngemu mawa lan rasa ngorong waé, nanging uga bakal kinanthenan rasa geter lan rasa wedi awit anggoné kapisahaké langgeng ing sajroné pepeteng kang paling ndhedhet.

Sang Kristus ngulemi kabéh supaya nekani ing sajroné bujana mantu Panjenengané nanging mung sethithik kang nekani. Wong-wong kang teka iku wong-wong pilihan Gusti Allah. Apa panjenengan salah siji saka wong-wong mau, ngganggo sandhangan putih kayektén Panjenengane?

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, dhuh Rama, awit Paduka ngulemi kawula, ing wekdal kawula taksih awon, supados kawula ndhérék wonten ing bujana mantu Putra Paduka. Kawula mboten pantes nampi pikurmatan menika, nanging rah Gusti Yésus Kristus nyucékaké kawula saking sadaya dosa kawula, lan Sang Roh Suci ndadosi kawula kanthi katresnan, kabingahan, lan tentrem rahayu menawi kawula sager gesang sesarengan Paduka lan ngluhuraken Paduka sesarengan kanthi sadaya tiyang ingkang sampun dipun murnekaké ing salebetipun jagat menika. Paduka pitulungan kawula supados saget ngulemi lan nyelaki tiyang-tiyang ingkang kasepen, mlarat lan nglokro ugi ngulemi tiyang-tiyang menika ing salebetipun bujana mantu Paduka kanthi makaten Suwarga badhé kebak kabingahan lan kabejan.

PITAKONAN

  1. Apa kang dikarepaké pitu kasunyatan kang bisa kita temokaké ing sajroné bujana pikraman agungé Sang Putra Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:31 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)