Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 195 (Marriage in Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

7. Nalika Wektu Patangen Wong Ora Omah-Omah Lan Ora Diomah-Omahaké (Matéus 22:23-33)


MATÉUS 22:23-33
23 Ing dina iku ana wong Saduki sawatara kang padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus. Wong-wong iku padha ora pracaya marang patangen. Banjur padha munjuk: 24 “Guru, Nabi Musa ngandika, manawi wonten tiyang pejah boten tilar anak, punika sedhérékipun kedah mendhet semah ingkang estri, sageda suka turun dhateng sedhérékipun wau. 25 Kalampahan panunggilan kula wonten sedhérék jaler pitu. Ingkang kapisan emah-emah, namun kemawon lajeng pejah. Sarehning boten nilar anak, dados ingkang estri katilaraken dhateng sedhérékipun. 26 Makaten uga ingkang kaping kalih saha ingkang kaping tiga, ngantos dumugi ingkang kaping pitu pisan. 27 Wasana sapengkeripun sadaya punika wau tiyang estri punika lajeng pejah. 28 Ingkang punika benjing dinten patangen, tiyang pitu wau ingkang pundi ingkang dados semahipun tiyang estri punika, sadaya rak sampun nate gesang sesarengan kaliyan piyambakipun?” 29 Gusti Yésus mangsuli, pangandikane: “Kowé iku padha kesasar, jalaran kowé padha ora sumurup bab Kitab suci lan panguwasaning Allah. 30 Awit besuk ing jaman patangen ora ana wong kang omah-omah utawa diomah-omahaké, nanging uripe kaya malaekat ing swarga. 31 Apa kowé padha ora maca pangandikaning Allah marang kowé bab patangen, kang Sabdané mangkéné: 32 Ingsun iki Allahé Abraham, Allahé Iskak lan Allahé Yakub? Allah iku dudu Allahé wong mati, nanging Allahé wong urip.” 33 Wong akéh kang padha ngrungokaké, padha kaéraman ing bab piwulange.
(Markus 12:18-27, Lukas 20:27-40, Para Rasul 4:2, 23:6, 8).

Ing sajroné nas mau kita maca gegayutan lelawanané antara Sang Kristus karo wong-wong Saduki gegayutan patangen. Prekara iku dumadi ing dina kang padha karo dina nalika wong-wong Farisi nyerang Gusti Yésus gegayutan mbayar pajek marang Sang nata Agung. Iblis banget déning repot nalika iku ngluwihi wektu-wektu sadurunge, mbudidaya supaya mbungkem lan ngganggu Panjenengané. Wahyu 3:10 nyethakaké patemon iki minangka mangsa-mangsa pancoban. Kayektén ing sajroné gusti Yésus bakal tansah nemoni wong-wong kang luwmacan kanthi maneka warna cara.

Ing mangsa Sang Kristus, ana loro golongan fanatik. Sawijining golongan pracaya marang dedelengan, babagan anané malaika lan jagatting roh, lan daya pengaruhé ing sajroné jagat kang ora katon. Golongan liyané nyelaki anané panguripan sakwisé wong mati lan nyelaki anané mangsa tembe. Wong-wong mau yaiku golongan wong kang ora bisa nyakep kayektén kasukman apa waé. Awit saka iku, wong-wong mau mung pracaya marang anané prekara-prekara kang bisa didemek lan dideleng. Wong-wong Saduki ana ing golongan iki. Wong-wong iki ora duwé rancangan nyingkiraké gusti Yésus kanthi nggunaké cara keras, nanging wong-wong mau kepéngin ngréméhaké Panjenengané lan ngréméhaké ajining diri Panjenengané ing ngarepe wong akéh. Wong-wong Yahudi ngarang sawijining kahanan kang dikarepaké kanggo mbuktekaké yén ora ana panguripan sakwisé wong mati. Manawa Gusti Yésus nyarujuki bisa uga bakal dadi kasunyatan babagan iku, Panjenengané bakal kelangan rasa kurmat saka wong-wong kang nggunakaké pikirané. Manawa Panjenengané nyelaki prekara iku, wong-wong Saduki yang wangkot bakal gawé daya pengaruh marang wong-wong pracaya supaya lumawan Panjenengané awit apa kang diyakini wong-wogn mau gegayutan panguripan sakwisé ana pati.

Wong-wong Farisi, kang ngaku pracaya marang patangen, duwé panemu kang asipat kamanungsan gegayutan prekara iku. Ing sajrong panguripan sakwisé patangen, wong-wong ngangen bakal anané rasa seneng lan rasa bungah babagan panguripan kang asipat biasa, kang bisa uga dadi sebab apa sebabé wong-wong Saduki nyelaki anané panguripan sakwisé ana pepati. Ora ana kang luwih ménéhi kauntungan marang wong-wong kang ora pracaya anané Gusti lan wong-wong kang ora pracaya kajaba saka panguripan kang asipat kamanungsan kan dilakoni déning wong-wong kang andadekaké agama dadi sarana nguja hara nefsu lan kepentingan kadonyané. Lan nalika iku wong-wong Saduki, ing sajroné pambudidaya kanggo nyengkolong Gusti Yésus atindak kaya-kaya wong-wong mau nampa panemu saka wong-wong Farisi.

Sang Kristus nyebut rekadaya kanggo prekara iki dikaya anggoné reka-reka ora ngerti. Panjenengané ngandika marang wong-wong iki, “kowé kesasar, sebab kowé ora ngerti Kitab Suci uga panguwasané Allah.” Kanthi tembung iku, Panjenengané ngelingaké dalan pikirané ngejur anggoné gumunggung, lan mbuktekaké marang wong-wong iki yén falsafah pikiran manungsa ora bakal bisa ngerti isiné Kitab Suci, siji-sijiné prekara kang mratélakaké panguwasa lan wadiné Allah. Sing sapa kang pracaya bakal bisa wanuh wadi ing sajroné pangandikan kang diwahyoké marang kita, lan nampa panguwasa kasuwargan saka njeroné. Nanging, wong-wong kang gawé pututasn andadekaké pikirané luwih dhuwur saka Sang Roh Suci mung ngapusi awaké dhéwé. Wacanen Injil, lan ndedonga supaya panjenengan bisa nampa tuntunan langgeng, panguwasa lan panglipuran.

Sang Kristus ngandika yén patangen ora mbalekaké wong-wong pracaya ing alam kahanan dikaya wongwong mau sadurunge, nanging nuntun wong-wong pracdaya menyang tingakatan kang luwih dhuwur, menyang jagating roh. Ing sjaroené jagating roh iki, hawa nefsu kang asipat kamanungsa bakal kapungkasi, angenan akan sirna, lan manungsa bakal duwé katresnan kang murni ing sajroné kabungahan lan tentrem rahayu, utawa ngadhepi pepisahan kang langgeng saka Gusti Allah. Sing sapa pracaya marang Sang Kristus kang urip bakal urip kanthi cara kasukman. Kanthi ati kang murni, wong iku bakal ngaturaké leladi kang sawutu atiné.

Wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus bakal dadi kaya malaikat Allah ing Suwarga, tegesé wong-wong pracaya iku ora bakal ditangekaké karo ngrasuk badan kadonyané nanging karo badan kasukman. Ing patangen, wong-wong pracaya ora kacancang ing sajroné omah-omah, lan ora bakal duwé pepinginan lan pamarem kang asipat sawetara. Nanging, wong-wong pracaya bakal urip ing sajroné roh, kayektén, lan kasucén. Sing sapa ngabayangké utawa ngarep-arep anané gegayutan alaku seks ing suwarga, wong iku banget déning kliru. Wong iku ora ngreti Kitab Suci lan durung nglakono panguwasa kaanyaraké saka Gusti Allah.

Kabéh wong kang temen-temen pracaya marang Sang Kristus ditunggalaké karo Panjenengan ing sajroné panguwasa panguripan Panjenengané. Wong-wong mau dadi putra-putra kang disihi Gusti Allah, lan wong-wong pracaya mau wanuh Sang Rama kasuwargan luwih becik tinimbang karo apa kang dipratélakaké ing sajroné Prejanjian Lawas. Ya iki kaluwihané saka Prejanjian kang anyar. Gusti Allah ngangkat minangka putra kabéh wong kang nampani Sang Kristus; Panjenengané ménéhi marang wong-wong mau panguripan langgeng, lan wong-wong mau ora bakal nglakoni paukuman. Wong-wong mau wis pindah saka pati marang urip.

Gusti Yésus mulangaké yén Rama Abraham, Rama Ishak, lan Rama Yakub ora mati nanging urip, awit para bapa mbuka atiné marang suara Sang Roh Suci lan pracaya marang rawuhé Sang Kristus. Sing sapa mratobat marang Gusti Yésus bakal urip. Kanggo wong-wong pracaya, panguwasa Allah ngalahaké coban marang dosa lan winih pati kanthi patangen bisa dadi duwé wong-wong mau saiki. Iman ing sajroné Sang Kristus iku panguripan, kabungahan, lan pengarep-arep, ora duwé rasa wedi lan pati. Awit panguripan kang diparingaken marang kita déning Sang Roh Suci manunggal ing sajroné kita, kita ora duwé pepinginan kasenengan kadonyan, nanging duwé pepinginan patunggalan karo Gusti Allah kang suci lan kebak kaluhuran.

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula ngluhuraké Paduka lan abingah-bingah, awit Paduka sampun mungokaken kawula saking pati lan adamel kawula dados rencang sakpakaryan Paduka ing salebetipun Sang Kristus. Kawula mboten malih mati awit panerak lan dosa kawula, awit Paduka sampun milujengaké kawula kanthi iman ing salebetipun Putra Paduka. Paduka limputi kawula kanthi Sang Roh suci Paduka. Wungokaké sedhérék lan mitra kawula saking pati kasukmanipun kanthi makaten sedhérék lan mitra kula ugi gadhah pepinginan kasucén lan patungalan kaliyan panggesangan Sang Kristu slan sadaya kabingahan suci kang dumados awit prekawis menika.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané Gusti Yésus mbuktekaké marang wong-wong Saduki gegayutan kelanggenan saka wong-wong kang urip karo Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)