Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 186 (Jesus Cleanses the Temple)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

2. Gusti Yésus Nyucekaken Pedalemané Gusti Allah (Matéus 21:10-17)


MATÉUS 21:14-17
14 Tumuli ana wong wuta lan wong pincang padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus ana ing Padaleman Suci lan banjur padha kawarasake. 15 Ewadené bareng para pangareping imam lan para ahli Torét padha weruh mukjijat kang ditindakaké sarta bocah-bocah kang padha nguwuh-wuwuh ana ing Padaleman Suci: “Hosana konjuk ing Putranipun Sang Prabu Dawud!”, atiné jengkel benget, 16 banjur matur marang Panjenengane: “ Panjenengan punapa mireng ingkang dipun cariyosaké lare-laré punika?” Gusti Yésus ngandika: “Iya, krungu; apa kowé durung tau maca: Paduka sampun nyawisaken puji medal ing cangkemipun lare-laré saha bayi-bayi?” 17 Gusti Yésus banjur nilar wong-wong mau, tindak miyos saka ing kutha menyang ing desa Betania lan nyaré ana ing kono.

Sang Kristus iku Pedaleman Allah, lan ing sajroné Panjenengané manunggal kabéh kapenuhané Allah ing sajroné rupa manungsa. Gusti Allah makarya lumantar Panjenengané kanggo nylametaké manungsa. Gusti Yésus uga Imam Agung kang agung, lan Cempening Allah kang maringké sariraNé kanggo kita kanthi mengkono kalimputan berkah Sang Roh Suci bisa manunggal ing sajroné kita. Kanthi mangkono, mula Panjenengané iku Pedaleman Allah, lan uga Imam Agung, lan korban karukunan kanggo dosa-dosa jagat. Telu paraga iku nyukupi syarate paugeran gegayutan tugas kaimaman kanggo karukunan karo gusti Allah.

Ing ngendi ana Sang Kristus, mukjijat bakal dumadi. Nalika Panjenengané marasaké wong lara, wuta, lan lumpuh, Panjenengané ora mung mbuktekaké sipat keallahané nanging Panjenengané uga ndudut atiné manungsa saka anggoné nggatekaké watu-watu bahan pembangunan pedaleman Allah kanthi cara kajasmanen iku marang Sang Kristtus piyambak kang dadi Pedaleman Allah kang bener.

Wong kang wuta lan lumpuh ora kaidinan mlebu ing kraton Sang Prabu Daud (2 Samuel 5:8), nanging wong wuta lan lumpun kena mlebu ana ing sajroné manunggale Allah awit kaurmatan Pedalaman manunggale Gusti Allah ora gumantung marang kamulyan kadonyan. Wong kang wuta lan lumpuh kudu ngedoh saka kraton para priyayi, nanging mung wong-wong mau kang ora gelem mratobt, ala lan cemer ora kena mlebu ing sajroné Pedaleman manunggale Gusti Allah.

Pedaleman Allah dadi cemer nalika didadekaké pasar, nanging bakal dadi kinurmatan manawa didadekaké rumah sakit. Nindakaké kabecikan ing sajroné pidaleman makuwoné Gusti Allah luwih kinurmatan tinimbang karo ngasilaké dhuwit ing kono.

Kala-kala bocah-bocah luwih bisa ngreti hakikat saka pribadi sawijining wong tinimbang karo wong tuwa. Ing sajroné pérangan Kitab Suci, bocah-bocah wiwit nguwuh, “Hosanna Kunjuk Putra Dawud”. Bocah-bocah bisa uga ora krasa yén bocah-bocah mau lagi nampani Sang Raja ilahi. Bocah-bocah mau mung duwé karep mapag Gusti Yésus, Sang Tabib kang kebak Rahmat kang wis dipuja puji déning wong akéh sedna sadurunge.

Bocah-bocah niru apa kang dideleng lan dirungu kanthi gampang kanthi mengkono kita kudu ngati-ati banget supaya bisa dadi patuladan kang becik kanggo bocah-bocah. Sawijining tembung wicakcana saka basa Latin mratélakake: “Kita kudu paling ngati-ati ing sajroné nuduhaké patrap kita ing ngarepe bocah cilik”. Bocah-bocah sinau saka wong-wong kang cerak dhéwéké, becik kanggo ngipat-ipati utawa ngomong saru, uga kanggo ndedonga lan ngluhurake. Wong-wong Yahudi mulang bocah-bocahé kanggo nggawa pang-pang wit lan nguwuh, “Hosanna” ing saben dina riyaya Tarub, nanging ing sajroné nats kita, Allah kang mulangaké marang bocah-bocah mau supaya nindakaké prekara iku marang Sang Kristus.

Para guru lan pemimpin ing antarané wong akéh iku dadi nepsu banget atas pratéla pujian kang dumadi ing Pedaleman Allah iku. Wedi bab anané kekisruhan kang asipat politik lan asipat nasional, para pemimpin lan guru nggatekaké gusti Yésus kanthi permati. Apa Panjenengané duwé karsa ngrampas kalungguhan kanthi kekerasan? Nalika prekara iku ora dumadi, lan ora ana malaikat kang nguwuh saka langit kanggo cilakané bangsa Rumawi, wong akéh sowan marang Gusti Yésus lan nyuwun pirsa, “Menapa ingkang Paduka ngandikaaken ing wekdal Paduka mireng para pandhérék Paduka nyebat Paduka minangka Putra Daud?” Gusti Yésus paring jawaban yén Sang Roh Suci bakal ngandikan lumantar cangkeme bayi-bayi lan bocah-bocah kang isih nyusuni manawa para pemimpin lan golongan bangsawan ora manembah Panjenengané. Kanthi tembung iku, Panjenengané dhawuh marang para pangareping agama Yahudi supaya mbangun turut marang panjenengané kanthi rila. Nanging prekara iku ora dumadi, lan wong akéh iku malah sebanjuré ngrancang nyedani Panjenengané. Dadi Gusti Yésus ninggalaké Yerusalém lan tindak menyang Betania.

PANDONGA: Rama, kawula saéstu mbetahaken kasucékaken, wungu kanthi cara kasukman, lan kelairan énggal ing salebetipun manah kawula supados manah kawula mboten badhé dados papanipun begal. Paduka bucal sadaya pikiran kawula saking lebetipun badan kawula supados kawula saget dipun sucékaken déning rah Putra Paduka, supados Sang Roh Suci Paduka saget manunggal ing salebetipun badan kawula, adamel tutuk lan manah kawula memuji, awit Paduka pantes nampi pujian selaminipun.

PITAKONAN

  1. Apa bedané antarané bocah-bocah kang tetembangan ngluhuraké Gusti Allah ing pedalemané Allah karo para imam kepala lan ahli Torét kang nesu?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)