Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 185 (Jesus Cleanses the Temple)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

2. Gusti Yésus Nyucekaken Pedalemané Gusti Allah (Matéus 21:10-17)


MATÉUS 21:10-13
10 Nalika Panjenengané lumebet ing Yerusalaem, wong sakutha kabéh padha horeg, lan padha ngucap: “Sapa ta wong iki?” 11 Wong akéh padha mangsuli: “Iku Nabi Yésus saka Nasaret ing tanah Galilea”.12 Gusti Yésus banjur lumebet ing Padaleman Suci sarta nundhugi wong kang padha dol-tinuku ana ing plataraning Padaleman Suci, meja-mejané wong pareyalan lan bangku-bangkuné wong adol manuk dara padha digolingaké, 13 apamanéh wong-wong mau padha dipangandikani: “Ana tulisan mangkéné: PadalemaningSun bakal kasebut dalem pamujan, nanging kokdadekaké kedhung begal.”
(Markus 11:15-19, Lukas 19:45-48, Yokanan 2:13-16, Yérémia 7:11)

Sakwisé Sang Kristus mlebu menyang Yerusalém, Panjenengané ora lunga menyang Bank, menyang Makamah agama, ing lataré papan pangibadah, marang walikota, utawa marang Panglima prajurit Romawi. Panjenengané kesah dhateng pedaleman Allah lan manembah Gusti allah, kang dadi punjering kabéh masyarakat kang becik. Gusti Yésus rawuh ing Pedaleman Allah, awit kraton Panjenengané iku Krajan kasukman lan “dudu saka jagat iki”. Manawa Gusti ora paring parintah kanthi Roh Suci Panjenengané ing kantor-kantor, omah-omah, perusahaan-perusahaan lan sekolah-sekolah, roh apus-apus kanthi anggoné apus-apus, ngakali lan patrap cemeré kang bakal nguwasani ing kana.

Akéh wong kang ndhérékaké Gusti Yésus kang ngarani Panjenengané iku nabi saka Nazaret ing Galilea. Senajana wong-wong kang ndhérékaké iku ora ngakoni Panjenengané minangka Sang Mesih kang diprasetyakaké, Putra Allah Kang Gesang, kang ndhérékaké tetap bisa ngrasakaké panguwasa, kawenangan, lan katresnan Panjenengané. Para murid nyuwun pirsa uga, “Apa bener ana kang becik saka Nazareth?”. Laladan pagunungan iku duwé sesebutan kang ala awit para begal ing dalanan lan gunggungé penduduké kang campur-campur. Wong-wong kang manggon ing kutha padha takon-takon, “Sapa ta Panjenengané kang nitih kuldi iki?”

Sang Kristus mirsani yén Pedaleman Allah wis karubah dadi pasar papan dol tinuku. Ati manungsa isiné makantar-kantar nanging kothong kunjuk gusti Allah. Wong-wong luwih kadudut atiné adol kewan korban, ngijoli dhuwit kangg mbayar ing Pedalamen Allah, lan tuku sandhangan éndah uga wangi-wanginan. Tundhoné anggoné manembah Gusti Allah ing sajroné roh lan kayektén sebanjuré ilang. Pikirané kang ngibadah diundereké marang dhuwit, prekara, lan rasa kuwatir. Gunggungé wong-wong kang bener-bener nyucékaké Gusti Allah ing sajroné atiné dadi suda.

Nyalah gunakaké kang ditindakaké kalebu tetuku, dodolan lan ngijolaké dhuwit ing Pedaleman Allah. Prekara-prekara kang sah, manawa ditindakaké ing papan lan wektu kang luput, bisa dadi dosa. Ing prekara iki, sawijining patrap kang banget bisa ditampa manawa ditindakaké ing papan liya sebanjuré iki patrap kang nyemeraké kasucén lan nerak paugeran Sabat. Anggoné tetuku, dodolan, lan nyawisaké ngijoli dhuwit iki ditindakaké kanthi samudana kanggo tujuwan kasukman. Wong-wong adol kewan kanggo korban, kanggo mitulungan wong supaya wong kang ngibadah cukup nggawa dhuwit waé lan tuku kewan ing kono. Wong-wong kang arep ngibadah bisa ngijolaké dhuwe supaya bisa entuk dhuwit setengah syikal minangka dhuwit tebusan. Kabéh iku ditindakaké ing saknjabané wangunan pedaleman Allah; nanging Sang Kristus ora ngidinaké prekara iku.

Korupsi lan patrap nyeleweng kang gedhé dumadi ing sajroné gereja déning wong-wong kang “entuk kauntungan ing sajroné patrap mursid”, tegesé, kauntungan asipat kadonyan sabeneré iku tujuwan utamané. Wong-wong iku nyipta kamursidan kang palsu minangka cara supaya entuk kauntungan kang asipat kadonyan. Rasul Paulus mratélakaké, “...ngedohana iku kabéh” (I Timotius 6:11).

Nalika Sang Kristus rawuh ing Pedaleman Allah (papan kalenggahané Gusti Allah), Panjenengané banjur nyucékake. Manungsa mung bisa dianyaraké lumantar anyaré kapiyandelan. Dudu ekonomi kang mbangun bnagsa, nanging iman. Ndedongaa marang Gusti kanggo nganyaraké masyarakat panjenengan. Apa panjenengan pirsa saka ngendi anggoné nganyaraké iku kawiwitan? Anggoné nganyaraké iku kudu kawiwitan saka awak panjenengan dhisik.

Ing sajroné nyuplik pameca ing sajroné Kitab Suci (Yésaya 56:7), Sang Kristus nyethakaké apa ta tujuan anané pedaleman Allah iku, “pedaleman Ingsun bakal sinebut dalem pamujan” . Omah kanggo korban kuduné dadi dalem pamujan. Iki dudu mung papan kanggo ngibadah, nanging juga sarana kanggo ngibadah. Awit saka iku, donga kang diunjukaké ing sajroné utawa ing cerak omah iku, duwé prasetya mligi bakal kapirengaké (II Babat 6:21). Sang Kristus maringi bukti alandhesan Kitab suci gegayutan kepiyé wong-wong iku wis nyeleweng nggunakaké Pedaleman Allah lan nyalah gunakaké anggoné nggunakake. “sira anggep pandhodhotaning begal”, (Yermia 7:11). “Apa wis dadi pandodotaning begal ing mripatmu?” Dalem pamujan wis dadi pandhodhotaning begal awit papan nindakaké kaculikan ing sajroné dol tinuku. Pasar ing Pedaleman Allah iku nyirnakaké kaluhurané Allah, prekara kang banget nistha ditindakaké (Maleakhi 3:8). Senajané para imam urip makmur saka pisusung kang digawa menyang mesbeh, para imam mau ora lege. Para iman golék cara kang liyané yaiku meres dhuwit saka bangsa iku. Sang Kristus mestani wong-wowong mau begal, awit para imam iku ngrampas apa kang sejatiné dudu darbeke.

Kang dadi godha lan anggoné manembah ing ati panjenengan? Apa panjenengan nresnani Sang Kristus kanthi golonging ati? Apa panjenengan mirengaké pangandikan Panjenengané kanthi premati? Apa kang nguwasani ati panjenengan ing dina-dina panjenengan? Apa Rama kasuwargan dadi undering ati panjenengan sawutuhe? Aja ngejaraké karem dhuwit nguwasani ati panjenengané. Manawa prekara iku dumadi, mula ati panjenengan bakal dadi pandhodhoting begal kang kebak rasa sengit, kaculkan lan cemer. Apa Sang Roh Allah manunggal ing sajroné urip panjenengan? Apa panjenengan dadi pedaleman Allah kang suci?

PANDONGA: Haleluya, Sang Ratu kasuwargan, Paduka rawuh dhumateng umat kagungan Paduka, nanging umat kagungan Paduka mboten wanuh Paduka. Ingkang paling saé piyambak ing antawisipun umat nampeni Paduka kanthi panguwuh lan kabingahan. Paduka nyucékaké Pedaleman Allah langkung rumiyin kanthi makaten sadaya tiyang saget manembah Rama Kasuwargan lan sanés mamon. Paduka apunten kawula awit mboten nampi Paduka ing wekdal kawula kajamah déning Sang Roh suci Paduka. Kawula nyuwun supados Padula ngumbah ati kawula saking pikiran najis utawa karem arta kanthi makaten manah kawula saget dados Pedaleman Paduka ingkang suci ngantos selaminipun.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus banjur nyucékaké pedaleman Allah nalika Panjenengané mlebu menyang Yerusalém?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 08:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)