Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 162 (Jesus’ Second Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

p) Keterangan Kaping Pindho Gusti Yésus Gegayutan Anggoné Panjenengané Séda Lan Wungu (Matéus 17:22-27)


MATÉUS 17:24-27
24 Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengané punapa boten asok paos kalih drakhma?” 25 Wangsulané Petrus: “Inggih asok!” Nalika Petrus luebu ing omah, Gusti Yésus ngrumiyini kalawan ndangu: “Simon, panemumu kapriye? Saspa sing dipundhuti beya lan pajeg déning para raja ing donya iki, para putrané apa wong manca?” 26 Aturé Petrus: “Tiyang manca!” Gusti Yésus ngandika: “Dadiné para putra ora. 27 Nanging supaya aku kabéh aja dadi sandhungan tumrap wong-wong iu, kowé mancinga mneyang sagara. Iwak kang kena kokpancing dhisik dhéwé iku cekelen, angapna cangkeme, kowé bakal nemu dhuwit patang drakhma ana ing jeroné. Jupuken bayarna marang wong-wong iku, kanggo Aku lan kowé.”
(Pangentasan 30:13, 2 Raja 12:5-6).

Bea kang dituntut dudu bayaran rakyat marang pemerintahan Rum nanging tanggung jawab kang asipat agama. Bayaran pajeg marang pedaleman Allah diwajibaké kabéh wong kanggo leladi ing sajroné pedaleman Allah. Iki kango gegentené beya gegayutan karo anggoné manembah ing kana. Dhuwit iki disebut “pisungsung minangka penebusing nyawane” (Pangentasan 30:12). Nalika iku, prekara iku ora dituntut kanthi cetha kaya ing wektu-wektu liyané mliginé ing Gelilea.

Sang Kristus ora mratélakaké sarirané mung minangka Putra Manungsa nanging uga minangka Putra Allah ing sajroné lelakon beya Pedaleman Allah iki. Panjenengané ora dipeksa mbayar beya kanggo pedaleman Rama Kasuwargané awit kabéh iku kagungan Sang Rama, kagungan Panjenengané uga. Nanging katresnan Panjenengané marang para satru Panjenengané lan rahmat Panjenengané kanggo wong-wong kang ringkih nyurung Panjenengané mbayar beya iku kanthi sukarila. Panjenengané nyancang sarirané karo Petrus lan para murid liyané lan Panjenengané nimbali para murid “putra-putra Allah kang merdika,” kaya kang asring dingandikaké ing sajroné Injil Matéus. Apa panjenengan cekelan sedulur, marang sesebutan iki lan janji iki uga ngadeg karo Putra Allah, ora awit kabecikan panjenengan, nanging awit panjenengan pracaya marang pangandikané Gusti Yésus? Pangandikan Panjenengané kang kebak panguwasa bakal nyucékaké panjenengan sawutuhe, kanthi mengkono panjenengan bakal dadi kaya kang dikersakaké déning Gusti Allah kanggo panjenengan.

Kawicaksanan lan anggoné andhap asor sang Kristus mulangaké marang kita, ing sajroné akéh prekara, kanggo masrahaké hak kita tinimbang nglarani wong liya awit anggon kita puguh. Kita aja nganti ninggalaké tanggung jawab kita awit wedi nglarani atiné wong, nanging kala-kala kita kudu nyingkur awak kita kang gegayutan karo kepentingan umum kita, tinimbang natoni wong liya.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula manembah Paduka kanthi katresnan lan kabingahan, awit putra Paduka ingkang ontang-anting adamel kawula, lumantar sédanipun, dados putra-putra Paduka. Kawula ing hakikatipun satru Paduka lan tebih saking Paduka, nanging rah Gusti Yésus nuntun kawula dhumateng Paduka. Kawula ngluhuraken Paduka awit sih rahmat Paduka, lan abingah-bingah awit Paduka minangka jejeripun Sang Rama ingkang kanggé kawula. Tulung kawula supados nresnani kados putra Paduka, leladi jagat kanthi sipat keallahan Paduka badhé kapratélakaken ing antawisipun manungsa.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta anggoné gusti Yésus mratélakaké yén Panjenengané iku Putra Manungsa lan Putra Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:48 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)