Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 161 (Jesus’ Second Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

p) Keterangan Kaping Pindho Gusti Yésus Gegayutan Anggoné Panjenengané Séda Lan Wungu (Matéus 17:22-27)


MATÉUS 17:22-23
22 Nalika padha ana ing tanah Galilea Gusti Yésus ngandika marang para sakabat: “Putraning Manungsa bakal dipasrahaké marang tanganing wong, 23 sarta bakal disédani lan ing telung dinané bakal kawungokake. “Mulané para sakabat padha susah banget.
(Matéus 16:21; 20:18-19).

Putra Manungsa iku Gusti Allah kang ngejawanthah dadi manungsa, kaluhuran kang langgeng, sumber panguwasa ilahi, lan abdi kabéh manungsa. Kasucén Panjenengané ngadhili kita kabéh, lan tata laku Panjenengané iku ukuran bagi kita ing dina Pengadilan, awit panguripan Panjenengané iku tafsiran kang pas saka sepuluh pepaken Allah. Gusti Yésus sawutuhé Allah lan sawutuhé manungsa. Panjenengané ora nggunakaké panguwasa Panjenengané kanggo kepentingan pribadi Panjenengané. Atas anggoné andhap asor kang sabeneré iki Rama Panjenengané maringi panguwasa ing suwarga lan ing bumi.

Sang Kristus kang alusing bebuden, senajan Panjenengané Maha Kuwasa, nelukaké sarira Panjenengané ing ngarepané wong-wong kang ala iku. Anggoné alusing bebuden banget luwih kuwat tinimbang karo kanisthané para panguwasa.l Panjenengané ngorbanaké sarirané kanggo wong akéh.

Anggoné nyingkur sarirané iki ngalahaké kabéh kekuwatan ala kang nyambut gawé kanggo ngrusak jagat raya iki. kanthi sédané Panjenengané kang ngrukunaké, Panjenengané bakal ngujudi anggoné mbeneraké, nyucékaké, lan anggoné ngayomi kita. Panjenengané kanthi mantep tindak menyang Yerusalém lan nandhang sangsara kanggo wong-wong kang sengit marang Panjenengané nebus para satru Panjenengané kanggo kraton Panjenengané lan nresnani wong-wong iku nganti pungkasané.

Kaya apa gedhé panebusan kita lumantar sédané Sang Kristus ing kayu salib! Katresnan Panjenengané mbukak patrap kita kang mentingaké awaké dhéwé lan gumunggung, nanging sih rahmat Sang Cempe Allah ngrubah lan nyucékaké kita. Pangorbanan Panjenengané nylametaké jiwa kita kang mbalela. Nalika iku, para murid Gusti Yésus ora ngerti jeroné lan kengkeran saka keselametan Panjenengané lan banget déning prihatin nalika Panjenengané ngandika babagan séda Panjenengané kang tambah nyeraki. Para murid ora bisa mbayangaké pentingé prekara iku lan ora bisa pracaya.

PANDONGA: Oh ingkang Mahasuci, kawula ngluhuraken Paduka awit gusti Yésus dipun lahiraké supados séda kanggé kawula, nyangga samukawis dosa jagat, lan supados nandhang sangsara ing tanganipun tiyang-tiyang dosa. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Panjenenganipun lembah manah. Panjenenganipun masrahaken sarira Panjenenganipun dhumatneg karsa Paduka Rama. Kawula mimpang awit séda, gesang, kayektosan lan kasucén Panjenenganipun, lan nampi roh berkah lumantar pangorbanan Panjenenganipun. Paduka tulungi kawula supados mboten dados prihatos atas lelampahan ing pundi kemawon ingkang saget ugi badhé nempuh kawula ing salebetipun lampah gesang kawula, lan mboten nyelaki berkah lang ingkang dados kepareng Paduka. Kawula gadhah kekajengan cepengan Paduka kinanthenan kekiyatan lan semangat, lan terus abingah-bingah lan ngaturaken panuwun dhumateng Panjenenganipun ing wekdal kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka lan abingah-bingah atas rancangan Paduka kanggé kawilujengan sadaya manungsa.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé para murid prihatin lan ora ngaturaké panuwun marang Gusti Yésus nalika Panjenengané ngandika babagan anggoné bakal séda?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)