Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 160 (Epileptic Boy Cured)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

o) Bocah Duwé Lara Ayan Diwarasaké (Matéus 17:14-21)


MATÉUS 17:19-21
19 Para sakabat tumuli padha sowan ngadhep ing ngarsané lan bareng wis karo Panjenengané piyambakan, padha matur: Punapa dené kawula sami boten saget nundhung dhemit wau?” 20 Banjur padha kaparingan wangsulan: “Jalaran pracayamu kurang. Sabab satemené pituturKu marang kowé: Saupama kowé duwé pangandel sawiji sawi bae, kowé bisa akon gunung: sumingkira saka ing kené mrana. Gunungé iku mesthi ngalih, sarta ora ana barang kang mokal tumrap kowé. 21[jinis iki ora bisa katundhung yén ora sarana ndedonga lan pasa].”
(Matéus 10:1; 21:21, Lukas 17:6, 1 Korintus 13:2).

Pelayanan Kristen bisa uga nuntut panjenengan kanggo terus ndedonga lan pasa supaya merdekaaké wong-wong kang dikuwasani roh ala. Pasa ngothongaké panjenengan saka rasa kuwatir kadonyan lan ngarahaké pikiran panjenengan marang suwarga kanthi mengkono panjenengan bisa terus rerembugan karo gusti ing sajroné batin panjenengané. Donga iki ana mupangate ing sajroné panguripan mangsa saiki lan panguripan mangsa kang bakal teka, awit donga iki pracaya yén asma Sang Kristus ngilangaké dosa-dosa saka ing sajroné ati kita lan nundhung roh-roh ala. Manawa panjenengan mapanaké tangan panjenengan ing asta Panjenengané Panjenengané bakal nuntun panjenengan ing sajroné tumindak kang élok kanggo nguwalaké, lumantar iman panjenengané cancangan Iblis kang nyancang akéh bandan.

Ora prelu mangu-mangu yén panjenengan ora bakal bisa mindhahaké gunung kanthi kekuwatan awak dhéwé. Sang Kristus lan para murid Panjenengané uga ora kanthi cara langsung nindakaké janji iku. Sang Kristus lan para murid Panjenengané ora mindhahaké gunung, awit prekara iku ora bakal mitulungi sapa waé. Katresnan Gusti Allah nyurung panjenengaen supaya nindakaké pelayanan kang gampang dhéwé kanthi mengkono gunung gumunggung bakal dipindhahno saka panguripan panjenengané lan panjenengan bisa dadi abdi kanggo wong-wong kang mlarat ing sajroné asma lan sihé Sang Kristus. Apa kang mokal kanggo manungsa yaiku ora mokal tumrape Gusti Allah. Panjenengané agawé panjenengan dadi titah anyar kang bakal dumindak ing sajroning keselarasan karo kabecikan lan anggoné andap asor Panjenengané lan melu cawe-cawe ing sajroné panguwasa Kang Maha Murah iku lumantar iman. Wong-wong kang andhap asor bisa nindakaké apa kang dikarsakaké gusti Yésus bisa ditindakaké wong iku, awit Kang Maha kuwasa ora mangu-mangu kanggo manunggal ana ing sajroné atiné.

Pasa lan donga iku cara kang paling pas kanggo ngebrukaké panguwasa Iblis lumawan kita lan kanggo nampani panguwasa kang sipat ilahi kanggo mitulungan kita. Pasa banget migunani kanggo nambahi anggoné kita tegen ing pandonga. Prekara iku uga dadi bukti lan pratéla saka anggon kita andhap asor, kang banget prelu ing sajroné pandonga. Iki ateges négesaken tata laku ndedonga lan nyawisaké badan kanggo leladi jiwa ing sajroné pandonga.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula menika putra-putra saking jaman kawula menika. Awit saking menika, iman kawula asring ringkih lan katresnan kawula alit. Kawula manembah dhumateng Paduka nyuwun Paduka nguwalaken kawula saking anggen kawula dosa lan anggen kawula mboten pitados kanthi makaten kawula saget cepengan putra Paduka. Kawula gadhah kekajengan kapenuhan katresnan, supados sawetahipun saget ngapunten para satru kawula, lan nindakaké manepa ingkang Paduka dhawuhaken kanggo kawilujenganipun sedhérék-sedhérék ingkang wonten ing sakiwa tengen kawula.

PITAKONAN

  1. Apa wadi saka anggoné ngisi panguwasané Gusti Allah marang para abdi Sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)