Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 157 (Transfiguration of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

m) Gusti Yésus Kaluhuraké Ing Ndhuwur Gunung Hermon (Matéus 17:1-8)


MATÉUS 17:1-8
1 Sakwisé nem dina Petrus lan Yakobus sarta Yokanan saduluré kadhawuhan ndhérék Gusti Yésus minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak. 2 Gusti Yésus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryané mancorong kaya srengenge, sarta pangagemané putih sumorot kaya pepadhang. 3 Tumuli padha dikatingali Nabi Musa lan Nabi Elia, kang padha ngandikan karo Panjenengané. 4 Petrus banjur matur marang gusti Yésus: “Gusti, iba saénipun, bilih kawula sadaya wonten ing ngriki. Manawi Paduka marengaken, kawula badhé damel pondhokan tetiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa saha satunggalipun malih kagem Nabi Elia. 5 Sajroné lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akéh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: Iki PutraningSun, kekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna”. 6 Krungu kang mangkono iku para sakabat padha sumungkem ing bumi lan banget wediné. 7 Gusti Yésus banjru nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega aja wedi.” 8 Lan bareng padha ndengegek, sing katon mung Gusti Yésus piyambak, ora ana wong liyané manéh.
(Matéus 3:17, Markus 5:37; 9:2-13, Lukas 8:51; 9:28-36, Rum 1:16, 2 Petrus 1:16-18).

Enem dina sakwisé nandhang sengsarané awit anggoné kagét krungu pawarto babagan wis nyeraki anggoné panjenengané bakal dicekel, bakal séda lan wulangan kanggo nyingkur awaké dhéwé, gusti Yésus ninggalaké para murid. Pengarep-arepe kanthi cara kadonyan para murid wis ilang, lan para murid kudu nyawisaké awaké ngadhepi panganiaya. Panjenengané milih wong telu saka antarané para murid lan ngajak wong telu mau munggah gunung Hermon kanggo ndedonga. Sawetara Panjenengané ndedonga, Panjenengané salin rupa. Pasuryané sumunar kaya srengenge, awit tutupe wis diangkat saka hakikat keilahian Panjenengané. Kamulyan langgeng Panjenengané dadi nyata banget. Owah-owahan pasuryan iki kedaden nalika Panjenengané ndedonga. Sebanjuré para murid Panjenengané eling kasunyatan saka gesang Panjenengané kang ora bakal ditelukaké déning pati. Gusti Yésus ngrubah pasuryan Panjenengané dadi mulya supaya para murid bisa yakin babagan prasetya Panjenengané nangekaké para murid ing sajroné kamulyan.

Para murid kang awit saka iman ngrasakaké kaéndahan bebarengan karo Gusti lan pepingané tansah ana ing kana salawasé uripe. Banget déning éndah melu mlebu ing sajroné kalimputan kasucéné Allah- tetap ana ing papan kang suciné Allah kaya ana ing omah kang banget déning tentrem, lan ora ana ing njaba dadi wong ilang lang ing sajroné pepeteng.

Sang Kristus paring pameca babagan anggoné nandang Sangsara lan ngandika marang para murid Panjenengané supaya nganti-anti prekara kang padha. Petrus lali prekara iki, utawa, lali nyegah, dhéwéké mbudidaya mbangun tenda ana sak nduwuré gunung kamulyan, adoh saka kabéh prekara. Dhéwéké tetap meksa, “Guru Paduka uwalaken sarira Paduka” senajan dhéwéké wis tahu dielikaké keras prekara iku déning Gusti Yésus.

Ujug-ujug, Nabi Musa lan Nabi Elia katon ngadeg ana ing sandhingé Gusti Yésus. Wong-wong suci kang wis mati sabeneré urip, mikir, ngomong lan leladi Gusti Allah ing sajroné kaéndahan lan kasucén kamulyan. Dedelengan kang banget éndah iki nyethakaké iman saka telu murid iku, nguwataké kasunyatan yén Sang Kristus iku gusti atas kabéh Pranatan Nabi Musa lan kaujudané saka kabéh pameca. Panjenenané bakal séda minangka korban kang ora ana cacade, awit Panjenengané iku Sang Kristus sejati kang diprasetyakaké kanggo wong-wong dudu Yahudi. Sédané Sang Kristus bakal sawutuhé selaras karo Nabi Musa, pantara saka Prejanjian Lawas, lan ing sajroné keselarasan karo pawarto Yokanan Pembaptis, kang nyawisaké mangsa Prejanjian Anyar. Iki uga bakal nuntun para wong-wong pracaya marang kasunyatan yén Gusti Allah piyambak kang ngersakaké Putra Panjenengané séda, awit ora ana kang bakal mlebu ing kamulyan Panjenenané tanpa lumantar pakaryan kang ngrukunaké saka Sang Kristus.

Nabi Musa lan Nabi Elia iku panggedhé-panggedhé kang kinurmatan lan unggul dhéwé ana ing Swarga, nanging wong loro mau sabeneré mung abdi, abdi kasukman waé, lan abdi kang ora tansah nindakaké apa kang dikersakaké Gusti Allah. Nabi Musa asring ngandikan tanpa dipikir luwih dhisik, lan nabi elia asring dikuwasani déning rerasané. Nanging Sang Kristus iku “Putra” lan ing sajroné Panjenengané Gusti Allah tansah ndadekaké keparengé Panjenengané. Nabi Musa lan Nabi Elia kala-kala dadi sarana kanggo ngrukunané antarané Gusti Allah karo bangsa Israél. Nabi Musa iku kang duwé donga kang ngedap-edapi, lan Nabi Elia yaiku Nabi kang ménéhi pepeling kang ngedap-edapi. Ing sajroné Sang Kristus, Gusti Allah ngrukunaké jagat karo sarira Panjenengané. Donga Panjenengané luwih jembar tinimbang karo dongané Nabi Musa, lan anggoné nganyaraken kang luwih duwé daya pengaruh tinimbang karo kang ditindaké Nabi Elia.

Petrus mratélakaké rasa pepingané wong kabéh babagan anané patemon kang asipat kasuwargan ing sajroné roh kang mulya ing ngarsa kaluhuran Sang Kristus, awit kita kabéh kangen supaya urip bebarengan salawasé karo Gusti Allah ing sajroné suwarga. Ya iki rasa kangen kang dadi wisiké ati kita. Petrus kepéngin cekelan marang suwarga karo mbangun tenda iku kanggo para Bapa kang luhur iku, lan lali blas marang para mitrané lan lali karo awaké dhéwé. Dhéwéké ora sawutuhé eling awit kamulyan Gusti Allah ngluwihi kabéh kawruh.

Gusti Allah ngalimputi para panggedhé iu kanthi pedhut kamulyan Panjenengané kang sumunar padhang, kebak panguripan lan pangayoman. Kaya ngapa ngedap-edapiné jagat manawa pedhut katresnan kang asipat keallahan iku ngalimputi bangsa kita kanthi mengkono kita bisa jengkeng kanthi rasa wedi asih ing ngarsané Allah kang Suci lan manembah Panjenengané. Oh, pangarep-arep kita bisa krungu swara Rama kasuwargan kita kang mratélakaké yén Gusti Yésus Kristus iku katresnan Allah kang dadi manungsa. Dalan Sang Kristus menyang Salib iku rancangan Gusti Allah kanggo nylametaké jagat. Rama kepareng karo pambangun turut putra Panjenengané kanthi mangkono Panjenengané kagungan karso nebus jagat iki nganggo séda Panjenengané kang dadi gegentiné.

Swara Gusti Allah nembus ing sajroné ati para rasul kang ndadekaké kagéte iku. Nanging Sang Kristus ngrangkul para murid Panjenengan lang ngangkat para murid iku manéh. Sing sapa kang krungu swara Panjenengan bakal mati kanggo dosa-dosané nanging bakal urip kanggo kayektén. Ayo kita lalelaké padhang kang sumunar saka jagat iki, lan mung nyawang marang Gusti Yésus, padhang kang sejati iku. Apa panjenengan wis ndeleng Panjenengane? Apa Panjenengané dadi undering ing ati panjenengan, ngener saka panguripan panjenengane?

Beda karo nabi Musa karo Toréte lan nabi elia karo pratéla anggoné lungguh dadi nabi, Sang Kristus bakal tansah kita butuhake. Panuntun kang asipat kadonyan kita bakal kepungkur, nanging Gusti Yésus tetap pada, dhek wingi, saiki, lan nganti selawas-lawasé (Ibrani 13:7-8).

PANDONGA: Rama Kasuwargan, kawula ngluhuraken Paduka awit ngluhuraken Gusti Yésus ing ngajenganipun para murid Paduka ingkang pinilih, lan awit pratéla sarira Panjenenganipun minangka juru wilujeng ing salebetipun kamulyan Panjenenganipun ingkang sejatos. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Panjenenganenipun awit Panjenenganeipun sampun ngosongaken sarira Panjenenganipun lan séda kanggé kawula ngujudaken prasetya Paduka ing salebetipun paugeran nabi Musa lan pratélanipun para nabi. Paduka tulungi kawula supados kawula namung ningali dhumateng Gusti Yésus kemawon, Putra Paduka ingkang tunggal, supados gambaran Paduka kaecap ing salebetipun manah kawula, kanthi makaten kawula saget karibah ing salebetipun pambangun turut ingkang sawutuhipun dhumateng Panjenenganipun, lan supados kawula saget ugi ngabarakané kawilujengan saking Panjenenganipun dhumateng tiyang-tiyang ingkang wonten sakiwa tengen kawula. Kawula ngluhuraken Paduka awit Sang Kristus, lumantar séda Panjenenganipun ngedalaken kawula saking dosa lan nuntun kawula ing salebetipun kamulyan.

PITAKONAN?

  1. Apa sebabé ta Sang Kristus salin rupa mung ana ing ngarepe sakwetara murid waé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:11 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)