Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 156 (Jesus First Prediction of His Death and Resurrection)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

l) Gusti Yésus Maringi Pangertén Babagan Séda Lan Wunguné Panjenengané (Matéus 16:21-28)


MATÉUS 16:28
28 Satemené Aku pitutur marang kowé: Wong-wong kang padha ana ing kené iki ana kang ora bakal padha mati, sadurungé sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratone.”
(Matéus 10:23, Lukas 9:27).

Sang Kristus mratélakaké anggoné séda lan anggoné wungu marang para murid Panjenengané nyethakaké marang para murid babagan kaluhuran Panjenengané kang bakal teka lan kawenangané anggoné ngadhili. Panjenengané ngengakaké kraton Panjenengané mung kanggo wong-wong kang nyingkur awaké dhéwé. Sing sapa mati kanggo awaké dhéwé ora bakal mati nganti salawase. Urip langgeng bakal dadi duwéké sapa waé kang manunggal ing sajroné Kristus, lan wong iku ora bakal tau nglakoni pati, awit wong iku bakal mlebu ing sajroné kratoné Allah.

Sang Kristus négesaké kasunyatan iki nalika Panjenengané ngandika, “Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase.” (Yokanan 11:25-26)

Apa panjenengan pracaya marang prekara iki?

PANDONGA: Dhuh Sang Putra Kang Maha Suci, Paduka wanuh kaliyan kula. Kula awon wiwit lare. Ampun dipun bucal kawula saking ngarsa Paduka, lan ampun dipun pundhut roh Paduka saking kula. Paduka titahaken ing salebetipun manah kula ingkang resik, dhuh Allah, lan anyaraken kanthi roh ingkang teguh ing salebetipun badan kula. Kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka Suci, lan awit Paduka nyethakaké dhumateng kawula cara kanggo nyingkur badan piyambak. Paduka pasangaken salib kula lan Paduka tulungi kula supados mboten mbucal salib menika, nanging ndhérék Paduka sesarengan kalian sadaya tiyang ingkang saweg manggul salib menika, nanging ndhérék Paduka sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang saweg manggul salibipun, pejah kanggo badan piyambak, supados katresnan lan panguwaos Paduka badhé manunggal ing salebetipun gesang kula. Paduka kemawon panggesangan klula, awit kanggénipun kula, pejah satunggalipun kabegjan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Gusti Yésus ngelingaké para pandhérék Panjenengané babagan anggoné rawuh kanggo ngadhili?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:08 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)