Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 158 (Clarification of Elijah’s Promised Coming)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

n) Katrangan Gegayutan Janji Rawuhi Nabi Elia (Matéus 17:9-13)


MATÉUS 17:9-13
9 Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yésus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakaké marang sapa bae, sadurungé Putraning Manungsa kawungokaké saka ing antarané wong mati.” 10 Para sakabate tumuli padha matur pitaken: “Manawi makaten, punapaa dené para ahli Torét sami cariyos, bilih Nabi Elia pinasthi rawuh rumiyin?” 11 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Pancen Elia bakal teka mbenakaké samubarang kabéh, 12 nanging Aku pitutur marang kowé: Elia wis teka, mung bae wong-wong ora wanuh marang dhéwéké, malah digawé sawenang-wenang. Mangkono uga Putraning Manunga iya bakal nandhang sangsara marga saka panggawéné wong-wong mau.” 13 Nalika iku para sakabate Gusti Yésus padha mangerti, yén kang dipangandikaaké iku Nabi Yokanan Pambaptis.
(Matéus 11:14; 14:9-10; 16:20, Lukas 1:17).

Nalika para murid Panjenengané mudhun saka Gunung Hermon menyang ngaré Yordan, pikirané para murid bingung karo kabéh prakara kang dingandikaaké Gusti Yésus lan karo kabéh kang wis padha di deleng.

Gusti Yésus ora marengaké katelu murid Panjenengané nyaritakaké babagan apa kang wis di deleng yaiku kamulyan Panjenengané lan ora nulis babagan prekara iku nganti dina Panjenengané wungu saka séda, nalika kabéh wong bakal bisa ndeleng sapa Panjenengané sabenere. Nanging para murid Panjenengan iku ora paham apa kang dadi karsané Sang Kristus babagan anggoné wungu, nanging, para murid tetap ora nyaritakaké gegayutan prekara iku kaya kang dingandikaaké Gusti Yésus. para murid ora paham bab anggoné wungu gusti Yésus saka séda, awit Sang Roh suci durung manunggal ing sajroné panguripané.

Para murid Panjenengané krungu saka para ahli Torét yén nabi Elia bakal rawuh lan rawuhé nabi Elia bakal sesambungan karo timbule Sang Mesih. Para murid pracaya yén Gusti Yésus sebanjuré bakal neguhaké kraton Panjenengané lan ngudhunané geni saka langit, dikaya kang tau ditindakaké nabi Elia, lan nampani kamenangan atas para nabi Baal ing gunung Karmel nalika nabi Elia nyirnakaké para nabi palsu iku. Nanging, Gusti Yésus nyethakaké marang para murid Panjenenané yén kraton Panjenengané ora asipat politik lan para pandhérék Panjenengané ora bakal nampa kekuatan kang asipat politik.

Gusti Yésus nyethaké marang para murid yén Yokanan Pembaptis kotbah ing sajroné roh saka nabi Elia kang diprasetyakake. Panjenengané mbuka dalan kanggo Sang Kristus karo nimbali manungsa marang pamratobat, lan ora karo nganggo nglatih kanthi cara latihan prajurit marang para pandhérék Panjenengané ing ara-ara samun. Panguwuh ing ara-ara samun iki wis mati ing tangané Hérodhés, Sang Panguwasa kang wengis.

Kanggo njerokaké pangertén iki, Gusti Yésus mratélakaké sepisan manéh yén Panjenengané bakal dianiaya déning para pemimpin, ditinggalaké déning umat Panjenengané dipatrapi paukuman déning Gusti Allah lan séda kanggo dosa-dosa kita. Gusti Yésus ora nyurung para murid Panjenengané gawé gerakan politik lan undhaking ekonomi, nanging ngyakinaké para murid babagan anané karusakan, iku mesti bakal kedadeyan, lan gagal samukabéhé saka pangerep-arepe donyané.

Para murid dadi yakin babagan kaluhuran lan kasucén Panjenengané sakwisé ndeleng panguripan langgeng, kang bakal teka ing sajroné jagat kita. Sédané Gusti Yésus ora pungkasan sakabéhe. Wunguné Panjenengané ngrubah kita dadi mitra ing sajroné panguripan Allah. Apa pepinginan jagat lan pangarep-arep sawetara isih mapan ing sajroné ati panjenengan? Utawa apa panjenengan wis maju ing sajroné panguripan Allah kang dipratélakaké ing sajroné wong-wong pracaya gegayutan rawuhé Sang Kristus sang Juru Selamet? Ndedongaa supaya Panjenengan nganyaraké panguripan panjenengan lan ngalimputi panjenengan karo Sang roh suci kanthi mengkono panjenengan bisa cekelan kuwat nganti selawas-lawase.

PANDONGA: Dhuh Putra Allah ingkang suci, kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka sampun séda kanggo bebendhunipun gusti Allah nggentosi kawula lan nyangga sadaya dosa kawula. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka ngasta kawula dhumateng panggesanganipun sang Rama. Panggesangan Paduka mboten badhé nate pejah, awit Paduka menika Ingkang Maha Suci. Iman kawula manunggal ing salebetipun Paduka lan panguwaos Paduka ambanyu mili ing salebetipun karingkihan kawula. Paduka kemawon Ingkang Langgeng ing salebetipun manah kawula. Paduka jangkung kawula ing mangsa pati kawula kanthi makaten kawula saget gesang ing salebetipun Paduka, ingkang sampun pejah kanggo dosa-dosa kawula lan ngapunten kalepatan kawula. Paduka kemawon pepesthen pengajeng-ajeng lan kawilujengan kawula. Ing salebetipun Paduka kawula dipun luhuraken.

PITAKONAN

  1. Apa ta sesambungané antarané Yokanan Pambaptis karo nabi Elia?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:26 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)