Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 149 (Peter’s Decisive Confession)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

j) Pangakoné Petrus Kang Wigati Banget Ngenani Sipat Ilahiné Gusti Yésus (Matéus 16:13-20)


MATÉUS 16:13-16
13 Bareng Gusti Yésus rawuh ing laladan Kaesarea Filipi, banjur ndangu marang para sakabate: “Kandhané wong-wong, Putraning Manungsa iku sapa?” 14 Atur wangsulane: Wonten ingkang cariyos: Nabi Yokanan Pambaptis, wonten uga ingkang mastani: Nabi Elia; wonten malih ingkang mastani: Nabi Yermia utawi salah satunggaling nabi.” 15 Gusti Yésus banjur ndangu: “Nanging tumpraping kowé, Aku iki sapa?” 16 Atur wangsulané Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!”
(Matéus 14:2; 17:10, Markus 8:27-30; 9:18-21, Lukas 7:16, Yokanan 6:69).

Sakwisé wong-wong Galilea mungkur Sang Kristus wedi marang pemimpin agama Yahudi, Gusti Yésus ngajak para murid Panjenengané menyang krajan tanggané yaiku Filipi, salah siji anaké Hérodhés Agung. Ing kana Panjenengané bisa ayem lan tentrem, adoh saka wong-wong kang nindhes Panjenengané. Panjenengané terus nglatih para murid Panjenengané supaya para murid bisa kotbah, mulang, lan neguhaké Kratoning Allah sakwisé Panjenengané séda mengkoné.

Sang Krisuts ora ndangu, “Manut wong-wong Farisi lan Ahli Torét, sapa Aku iki?” wong Farisi lan ahli Torét wis duwé jubriya atas sarira Panjenengané lan kandha yén Panjenengané iku wong kang dora kang sekuthon karo Iblis. Gusti Yésus ndangu, “Kandhané wong Aku iki sapa?” Panjenengané apa tanggapané wong-wong lumrah, kang diculikani déning wong-wong Farisi. Sang Kristus ndangu babagan iki ora dadi jejeré wong kang ora ngreti, awit Panjenengané mesti pirsa apa kang dipikiraké manungsa, luwih saka apa kang dikandhakaké wong iku! Wong-wong lumrah luwih akéh jejagongan karo para murid tinimbang karo Guru para murid, lan awit saka iku Panjenengané ngersakaké nuntun para murid supaya ngandhakaké kanthi tinarbuka, apa kang dadi jejagongané kang kanthi wisik-wisik. Sang Krsitus durung ngandikaaké kanthi cetha sapa ta sarira Panjenengané nanging wong akéh ndeleng alandhesan pakaryan Panjenengané (Yokanan 10:24-25). Saiki Panjenengan ngersakaké tinabuka apa kang dadi panganggepe wong-wong sakwisé wong-wong ndeleng pakaryan Panjenengané lan kaélokan kang ditindakaké déning para murid Panjenengané ing sajroné asma Panjenengané.

Kang asring ditindakaké Sang Kristus, Sang Kristus nyebut sarira Panjenengané Anak manungsa. Iki ateges Sang Kristus iku manungsa kaya para murid Panjenengané lan kaya kita. Nanging, gelar iki nyakup mukjijat kang gedhé dhéwé; Gusti Allah mratélakaké sarirané ing sajroné rupa manungsa kanggo nekani kita lan ngalahaké pancoban lan karingkihan ing sajroné awak kita. Sebutan iki uga nuduhaké yén Gusti Yésus iku Hakim kang langgeng kang lenggah ing dhampar lan kang bakal rawuh manéh ing sajroné kaluhuran Rama Panjenengané. Panjenengané kaampingan déning malaikat kang ora kaetung akéhé kang bakal diutus Panjenengané supaya nindakaké karsa Panjenengané. Wong-wong ing mangsa Prejanjian Lawas ngreti yén tembung kang banget ndudut ati iku, “Putra Manungsa”, dijupuk saka tembungé nabi Daniel, bab 7, kang tumuju marang Sang Kristus kang bakal rawuh ing sajroné kaluhuran kang agung ing sajroné wujud manungsa kasuwargan. Penginjil Matéus nyebutaké asma Gusti Yésus iki makaping-kaping bebarengan karo kekarepané ing sajaroné bab 8, 9, 10, 11, 12, 13, 16, 17, 19, 20, 24, 25 lan 26. Kita maca asma Yésus iki wolung puluh kaping ing sajroné Prejanjian Anyar, kaping telung pulung ing sajroné Injil Matéus waé.

Lumantar pakaryané Sang Rama, Gusti Yésus kanthi sabar nuntun para murid Panjenengané ing sajroné pangreten babagan hakikat Ilahi Panjenengané lan nganti ing titik tartamtu Petrus sebanjuré ngadeg lan kanthi tegas mratélakaké kayekténé Kitab suci. Petrus nyebutaké Gusti Yésus saka Nazaret iku “Sang Kristus” kang diprasetyakaké marang Sang Prabu Daud déning Allah sewu tahun sadurunge, lan kang dienteni sasuwéné mangabad-abad déning para nabi. Kanthi pengumuman para murid Panjenengané iki, Gusti Yésus wis tekan titik kang banget déning penting ing sajroné Panjenengané leladi bebarengan para murid. Wiwit nalika iku, Panjenengané ngunderaké kawigatené marang kepiyé andadekaké murid lan mbangun para murid Panjenengané ing sajroné kayektén kang banget agung iki.

Petrus mratélakaké paseksené kanthi kendel nyebut Putra manungsa, Putra Allah, dilahiraké déning Sang Roh Suci, kebak karo sih rahmat lan kayektén. Kanthi nyebutaké gelar loro iki marang Gusti Yésus, “Sang Kristus” lan “Putra” dhéwéké pantes nampai paukuman pati saka Makamah Agama Yahudi. Iki nuduhaké yén pangakon Petrus iki pancen temen-temen ngundang bebaya kang nyata kanggo Gusti Yésus lan para pandhérék Panjenengané manawa prekara iku dibuka marang umum.

PANDONGA: Gusti kawula Yésus Kristus, kawula ngluhuraken Paduka lan nresnani Paduka awit Paduka menika Putra manungsa lan ugi Putra Allah. Paduka rawuh kanggé nebus kawula saking dosa, pati lan Iblis, lan kanggé adamel kawula saéstu-estu dadi putra-putra Allah ing salebetipun katresnan. Kawula manembah Paduka, abingah-bingah, lan nyariosaken dumateng sadaya ingkang badhé mireng bilih Paduka menika Sang Kristus, Putra Allah lan Juru wilujeng jagat menika. Paduka paringi kawula paseksen ingkang cetha lan wicaksana kanthi makaten sing sinten sampun cemawis mirengaken badhé mangertos bilih Paduka menika Sang Kristus, Putra Allah lan nampeni Paduka kanthi bingah.

PITAKONAN

  1. Apa ta kang kakandhut ing sajroné paseksené Petrus, “Paduka menika Sang Almasih, Putra Allah ingkang gesang?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)