Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 150 (True Faith is a Gift)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

k) Iman Kang Bener Iku Sih Rahmat Saka Sang Rama (Matéus 16:17-20)


MATÉUS 6:17-20
17 Pangandikané Gusti Yésus marantg Petrus: “Rahayu kowé! Simon bin Yunus, amarga kang nglairaké iku marang kowé dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga. 18 Lan Aku iya pitutur marang kowé: Kowé iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani déning pati. 19 Kowé bakal dakpasrahi soroging Kraton Swarga. Apa kang koktaleni ana ing donya bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya, bakal kauculan ana ing swarga.” 20 Gusti Yésus banjur ngawisi para sakabate, ora diparengaké martak-martakaké marang wong sij-sijia, yén Panjenengané iku Sang Kristus.
(Matéus 11:27; 18:11; 17:9, Yokanan 1:42, Efesus 2:20, Galatia 1:15-16)

Gusti Yésus ora nyelaki yén Panjenengané iku Sang Mesias kang sejati lan nyethakaké pangakoné Petrus uga kanthi resmi amberkahi Petrus. Panjenengané entuk pangertén iki ora saka pikiran utawa pengalamané dhéwé, nanging lumantar wahyu kang langsung saka Sang Roh suci. Kabéh kawruh kang bener iku pakaryané saka Roh Allah kang ngluhuraké Sang Kristus, lan kabéh iman kang bener iku sih rahmat saka Gusti Allah, lan dudu asumber saka panalitian nalar utawa angen-angen kita dhéwé. Kanthi nampani sesebutan “Putra Allah”, Gusti Yésus nyebut Kang Nitahaké minangka jejeré Rama, nanging dudu Rama ing pangertén gegayutan jasmani kaya kang dipikiraké wong akéh. Sang Kristus iku Putra kasukman saka Allah sadurungé kabéh jaman. Sang Kristus iku Sang Putra wiwi kelanggengan. Anggoné panjenengané miyos saka putra perawan Maryam dudu wiwitan saka anané Panjenengané Panjenengan manjalma dadi manungsa kanggo ngrukunaké kita karo Sang Rama Panjenengané.

Apa panjenengan pracaya yén Sang Kistus iku Putra Allah, bilih panjenengan bisa urip langgeng? Apa panjenengan kala-kala ngakoni prekara iku ing ngarepe umum, yén panjenengan bisa urip ing sajroné kabungahan? Lumantar pangakon iki, kang diwisiki déning Sang Rama lan lumantar pakaryan Sang Roh suci, yén gereja tuwuh ing kabéh jaman. Gereja ora diedegaké kanthi landhesan pribadi kang ringkih lan ora teguh kaya Petrus, nanging ing sajroné pangakoné kang kendel yén Gusti Yésus iku Sang Mesih lan putra Allah kang suci.

Paseksen iki luwih kuwat saka neraka, lan luwih kuwat saka dosa. Ora ana roh lan ora ana kekuwatan ala apa waé kang bisa lumawan kasunyatan ilahi iki. Jenengé “Putra Allah”, Panjenengané nguculi cancangan dosa lan nguwalaké wong-wong dosa nganti selawase. Sing sapa pracaya Sang Krisus mula bakal mlebu ing sajroné gereja kang urip. Sing sapa dadi seksi kanggo Panjenengané bakal nylametaké tawanan neraka. Sing sapa nampik asma kang ora ana bandhingané iki bakal tetap kabawah bebenduné Allah nganti selawas-lawase.

Pangakon babagan Gusti Yésus minangka Sang Mesih, Putra Allah kang gesang, iku kunci kang ngengakaké lawang Swarga. Sing sapa pracaya marang tembung iku lan ngakoni tembung iku bakal diselametake. Sing sapa kang nampik bakal cilaka. Kudu dimangerti yén ora ana wong siji waé, malah Petrus pisan, kang bisa ngengakaké lawang swarga nganggo kekuwatan dhéwé. Nanging paseksen loro yén Gusti Yésus iku Sang Mesih kang diprasetyakaké, lan yén ana ing sajroné Panjenengané manunggal kapenuhan Allah sawutuhe, manunggal karo kita ing sajroné kamanunggalan Tritunggal kang suci. Sing sapa ndhérék Panjenengané bakal dibeneraké, lan sing sapa mratélakaké asma Panjenengané bakal nylametaké wong akéh.

PANDONGA: Rama kang Suci, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka nuntun Petrus supados ngakeni lumantar pamisikipun Sang Roh Suci Paduka. Paduka nuntun piyambakipun kanggé ngaturaken pangakon ingkang mboten mlebet nalar babagan Sang Kristus minangka Putra Allah. Paduka bika manah lan pangertosan kawula supados kawula saget mireng swara Paduka, tepang kamanunggalan ing salebetipun Rama lan Putra, lan wantun nyeksekaké kayektosan Paduka, kanthi makaten kathah tiyang saget dipun wilujengaken saking dosa-dosanipun.

PITAKONAN

  1. Apa ta landhesan dhasar saka gereja lan kunci tumuju ing swarga?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)