Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 142 (Defilement Within and Without)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

e) Reged Ing Njero lan Ing Njaba (Matéus 15:1-9)


MATÉUS 15:1-9
1 Sakwisé iku banjur ana wong Farisi lan ahli Torét sawatara saka ing Yerusalém kang padha sowan marang ngarsané Gusti Yésus sarta matur: 2 “Punapa sababipun, dené sakabat Panjenengan kok sami nerak adat tatacaranipun para leluhur kita? Manawi badhé nedha kok sami boten wisuh tangan rumiyin?” 3 Nanging paring wangsulané Gusti Yésus marang wong-wong mau; “Yagené kowé kok uga padha nerak angger-anggeré Gusti Allah marga saka anané adat-tata-caramu dhéwé? 4 Sabab Gusti allah ngandika: Sira ngajenana bapa biyungira; lan manéh: Sing sapa ngipat-ipati bapa utawa biyungé kudu mati. 5 ewadené kandhamu: Sing sapa kandha marang bapa utawa biyunge: Punapa ingkang dados gadhahan kula, ingkang kaginakaké kanggé ngopeni panjenengan, punika sampun kanggé kurban katur ing Pangéran, 6 wong iku banjur wis ora kawajiban ngajeni bapakné utawa biyungé manéh. Dadiné kowé wis ngorakaké pepakoning Allah marga saka adat-tata-caramu dhéwé. 7 Heh, wong lamis, ceples temen pamecané Nabi Yésaya tumrap kowé: 8 Bangsa iki anggoné ngluhuraké Ingsun kanthi lambené dené atiné adoh karo Ingsun.9 Tanpa guna anggoné padha ngabekti marang Ingsun, dené piwulang kang diajaraké iku pepakoning manungsa”.
(Pangentasan 20:12; 21:17, Wulang Bebasan 28:24, Yésaya 29:13, Markus 7:1-13, Lukas 11:38, 1 Timotius 5:8).

Para pemimpin Yahudi dadi nepsu lan wedi marang panguwasa kasukman Sang Kristus, dadi wong-wong Yahudi golék-golék karingkihan para murid Panjenengané supaya bisa ndhakwa Panjenengané. Para ahli Torét ing Yerusalém nyawisaké panjiret kanggo nyekel Sang Kristus ing sajroné panjiret pangadilané wong-wong mau.

Para murid Panjenengané nerak sawetara adat tata cara kang di jupuk saka Kitab Suci. Para murid ora misuhi tangané sadurungé mangan roti. Awit iku para ahli Torét nyacad ora kang ana sesambungané karo karesikan, nanging sesambungan panerak marang adat tata cara kang mratélakaké yén sing sapa ora wisuh terus-terusan dadi wong-wong najis, lan donga uga paseksené ora ana gunané. Kanthi mengkono wong-wong mau gawé tafsiran kitab suci dadi luwih penting tinimbang Kitab Suciné dhéwé kang ora ngrembug sesambungan karo prekara iki.

Para ahli Torét lan wong-wong Farisi iku para pemimpin kasukman ing sajroné agama Yahudi, wong-wong kang kuduné unggul ing babagan kamursidan. Nanging wong-wong mau dadi satru gedhé Injil Sang Kristus. Wong-wong mau nutupi anggoné lumawan kanthi alesan kasetyan marang Paugeran Musa, sawetara sejatiné wong-wong mau mung nguwataké aling-alingé atas telenging atiné manungsa. Wong Ahli Torét lan Wong Farisi iku wong-wong kang gumunggung lan kebak petungan.

Adat tata cara saka leluhur yaiku wong kudu misuhé tangané lan tansah wisuh sadurungé mangan. Sebanjuré wong-wong mau luwih ngutamaké agama iku apa kang dadi tafsirané duwé panemu daging kang disenggol tanpa misuhi tangan luwih dhisi bakal ndadekaké najise. Wong-wong Farisi mratekaké prekara kuwi, lan kanthi teges meksa wong liya nindakake. Iki dudu pengadilan sipil, nanging gegayutan telenging ati lan dadi dosa lumawan Gusti Allah manawa ana wong kang ora gelem nindakaké adat tata cara iku. Rabbi Yoses kandha, “Mangan tanpa tangané diwisuhi dosané padha karo dosa laku jina”, Rabbi Akiba iku wong kang ana ing sajroné pakunjaran nanging dhéwéké isih kudu entuk banyu supaya bisa misuhi tangan lan ngombe nalika dhéwéké arep mangan daging. Sawijining wektu dhéwéké kanthi ora sengaja mutahaké sapérangan banyu kang dikirim marang dhéwéke. Rabi Akiba nggunakaké turahan banyu kang ana kanggo wisuh kanthi mengkono dhéwé ora manéh duwé banyu kanggo diombe, lan kandha dhéwéké luwih becik mati tinimbang nerak adat tata cara leluhure. Ora, wong-wong iku ora gelem mangan daging bebarengan karo wong-wong kang durung misuhi tangané. Adat tata cara kang kolot marang prekara kang katon banget sepele kaya mengkené katoné anéh banget, manawa kita ora ndeleng yén akéh prekara kang padha dumadi ing dina iki. Ana wong-wong kang ora mung gelem nindakaké adat tata carané dhéwé, nanging meksa wong liya nindakaké uga.

Sang Kristus ora paring wangsulan pitakonan lan pandakwa panerak kang kandhaké déning para panggedhé iku, nanging ménéhi penadilan gegayutan wong-wong mau yén wong-wong mau dhéwé wis nerak dhawuhé Gusti Allah lumantar tafsirané. Kanthi cara iki, Panjenengané ngersakaké ngelekaké mripate supaya wong-wong mau bisa bali marang Panjenengané. Panjenengané nyethakaké marang wong-wong mau kepiyé wong-wong mau wis ora nggatekaké katresnan marang wong tuwané kanthi ora ngopeni wong tuwané. Wong-wong mau ngunderaké kawigatené kanggo nglumpukaké dhuwit, nanging kandha yén prekara iku ditindakaké kanggo nyukupi anggoné leladi babagan agamané dhéwé. Kanthi mengkono wong-wong mau lali gegayutan wadi dhawuhé Allah babagan katresnan.

Sang Kristus mestani wong-wong Farisi lan ahli-ahli Torét iku minangka “wong lelamisan”. Tembung iki ndadekaké kanepsoan lan sengite, nanging Sang Kristus melehaké wong-wong mau awit anggoné lelamisan iku. Anggoné melehaké iki saka kitab Yésaya 29:13, mratélakaké yén donga-dongané mung tembung-tembung kang dibolan-baléni ing lambené kang ora duwé katresnan marang Gusti Allah. Wong-wong mau ngetokaké tembung tanpa dipikir kanthi becik babagan apa kang bakal diwetokaké ing tembunge. Wong-wong mau reka-reka mursid, sawetara wong-wong mau sabeneré gumunggung lan gemedhe, dadi jalaran anggoné manembah ora ana gunané lan tanpa panguwasa kang nylametake. Wong-wong mau ngapusi awaké dhéwé lan ngapusi uga wong-wong kang melu, mulangaké adat tata cara kang mati tanpa katresnan. Wong-wong mau meksa tanggung jawab kang asipat agama kang ngluwihi apa kang diwulangaké Kitab Suci. Sang Kristus nyethakaké loro sipat saka wong-wong lelamisan iki:

Ing sajroné kang diketokaké anggoné manembah lumantar agamané wong-wong mau lelamisan anggoné nindakaké nyerak marang Gusti Allah lan katoné ngurmati Gusti Allah, nanging atiné adoh saka Gusti Allah. “wong-wong Farisi lunga menyang Pedalemané Allah, lan ndedonga”. Wong iku ora gelem ngadeg adoh kaya kang ditindakaké déning “Urip tanpa Gusti Allah ing jagat”. Wong iku mimpin umate nindakaké maneka adat tata cara kang asipa agamané lan tanpa nyawang kepiyé nganut cara kang bisa ngluhuraké Gusti Allah. Nanging, anggoné padha nindakaké pangibadah mung lairé bae, nanging luguné padha ora nganggep marang sawabe. (2 Timotius 3:5).

Wong-wong kang lelamisan, “Mulangaké wulangan manungsa”. Wong-wong Yahudi sebanjuré, kaya kang tau ditindakaké wong-wong Katolik, ménéhi pikurmatan marang adat tata cara lisan kaya wong-wong mau ngurmati pangandikané Allah. Wong-wong mau mulangaké perintah manungsa kanthi patrap kang pdha anggoné ngurmati marang pangandikané Allah.

Wong-wong mau ora ngerti yén kayektén keselametan yaiku alandhesan marang rahmat lan sih rahmat Allah, lan ora ngrasakaké atinya kang dianyarake. Nanging wong-wong mau mbudidaya mbeneraké awaké dhéwé kanthi patrap tanpa katresnan. Senajana akéh donga lan pisusunge. Gusti Allah nampik anggoné manembah, awit tanpa katresnan.

Manawa agama kita ditindakaké ing sajroné tatanan lan patrap kang kothong, lan pisusung kang ora ana ajiné kaya ngapa ora ana gunané prekara iki! Kaya ngapa anggoné prihatin urip ing sajroné budaya lelamisan ing papan ndedonga lan kotbah, lan sakramen kang ditindakaké mung “ndhupak angin” kanthi nglaha tanpa guna. Iki kang dumadi manawa atiné wong ora mbangun turut marang Gusti Allah. Manembah mung ana lambe waé dudu sawijining leladi (Yésaya 1:11). Wong-wong munafik “Sarehné padha nyebar angin, mulané bakal ngeneni prahara (Hosea 8:7). Wong-wong mau pracaya marang kang ora ana gunané lan kang ora ana gunané iku kang dadi pituwase.

Panjenengan kuduné kanthi cara mengkono, ndadar donga-donga panjenengané. Apa panjenengan duwé ati kang anyar, kang dimurnekaké kanthi rah Sang Kristus, kebak karo katresnan? Apa panjenengan wis dimerdekakaké saka anggoné ngawula marang adat lan tata cara lan mlebu ing sajroné leladi kang bener marang Gusti Allah? Apa panjenengan mung lelamisan waé anggoné mursid? Apa panjenengan temen-teman nresnani Gusti Allah golong gilik lan kanthi kekuwatan panjenengan?

PANDONGA: Rama kasuwargan, Paduka pirsa donga-donga kawula lan pikiran kawula, Paduka apunten kawula babagan anggen kawula lelamisan lan ugi anggen kawula wuta, senajana kawula ing salebetipun cemer lan ala manawi tinimbang kaliyan kasucén lan katresnan Paduka. Paduka sucékaké kawula ing salebetipun manah kawula, lan titahaken ing salebetipun badan kawula manah ingkang kebak kaliyan katresnan Paduka, kanthi makaten kawula saget ndedonga kanthi pikiran ingkang dipun kendaleni kanthi cara kasukman lan sanés micanten tanpa suwanten telenging manah.

PITAKONAN

  1. Apa iku dosa lelamisané wong Yahudi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)