Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 141 (Peter Sinks Down)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

d) Petrus Kasilep ana ing Tlaga (Matéus 14:28-36)


MATÉUS 14:34-36
34 Sakwisé nyabrang, padha mentas ana ing tanah Genesaret. 35 Bareng wong-wong ing panggonan kono wis padha ora pangling marang Gusti Yésus, banjur padha aweh weruh marang ing wewengkon kono kabéh. Wong-wong banjur padha ngirid sakéhing wong lara, kasowanaké ing ngarsané 36 kalawan matur, kepareng amung ndemek gombyoking jubahe, dené sapira kang ndemek, padha dadi waras.
(Matéus 9:21, Markus 6:53-56, Lukas 6:19).

Panguwasané Putra Allah tambah mratélakaké sarira Panjenengané. Asma Panjenengané panon Panjenengané lan Rahmat Panjenengané laladan kono banjur wanuh marang Panjenengané. Wong-wong ing Genesaret pracaya yén ndemek jubahé waé, panguwasané Allah bakal marasaké awake. Gusti Yésus paring wangsulan wong-wong iku, lan wong-wong iku diwarasaké lumantar iman tanpa ngandika senajana saklimah. Wong kang krungu Pangandikané Allah-becik lumantar pamflet, buku, utawa cetakan – lan dadi pracaya bakal urip selawase.

Wong-wong kang wanuh marang Sang Kristus dhéwé, kudu nindakaké sakabéhé supaya nuntun wong liyané wanuh Panjenengané uga. Kita aja nganti mangan panganan kasukman iku dhéwékan. Ana Sang Kristus kang cukup kanggo sakabéhé ing sajroné panguripan kita, kanthi mangkono ora ana gunané babar pisan nyimpen Panjenengané kanggo awak kita dhéwé waé. Nalika kita duwé wewengan kanggo nyegeraké jiwa kita, kita kudu ngedumaké sakakéh-akéhé marang wong-wong ing sakiwa tengen kita. Akéh wong sebanjuré kang bakal mikir kanggo nanggapi wewengan iku, manawa waé wong-wong mau ditimbali lan diulemi supaya sowan marang Sang Kristus.

Sang Kristus iku Pribadi kang pas dituju déning wong-wong kang ngalami sakit penyakit. Menyang ngendi wong-wong mau lunga manaa ora marang dokter atas dokter kang nggumunaké iku, marang “padhanging srengengé kabeneran kang nggawa kawarassan ana ing swiwiné.” (Maleakhi 4:2)

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, Putra Allah ingkang gesang, kawula manembah Paduka awit Paduka menika Gusti atas sadaya unsur alam. Angin lan toya mbangun turut dhumateng Paduka. Panyakit mengker saking ngarsa Paduka. Paduka paring pangapunten atas aliting iman kawula, lan Paduka wucal kawula supados lumampah dhumateng Paduka tanpa nyimpang kanthi makaten kawula mboten kasilep ing salebetipun seganten prekawis, nanging manunggal wonten ing salebeting panguwaos Paduka. Paduka cepeng tangan kawula ing wekdal kawula nembé emeng lan dhawah, awit kita mboten gadhah Juru selamet kajawi Paduka.

PITAKONAN

  1. Kena apa sawetara wong pracaya, kang ndemek jubah Gusti Yésus saras kanthi sempurna?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)