Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 143 (Evil Thoughts out of the Heart)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

f) Saka Ing Telenging Ati Tukul Pikiran Kan Ala (Matéus 15:10-20)


MATÉUS 15:10-20
10 Gusti Yésus banjur nimbali wong akéh, kang dipangandikani mangkéné: 11 “Padha ngrungokna lan mangretia: Kang njemberi wong iku dudu kang mlebu ing cangkem, nanging kang metu saka ing cangkem, iku kang njemberi wong.” 12 Ing nalika iku para sakabate padha sowan ing ngarsané lan munjuk” “Punapa Paduka mirsa, bilih pangandika Paduka wau dados sandhungan tumrap tiyang Farisi?” 13 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Sadhengaha thethukulan kang dudu tanamena RamaKu ing swarga iku bakal kabedhol saoyod-oyode. 14 aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. yén wong picak nuntun wong picak, loro-loroné mesthi padha kacemplung ing luwangan.” 15 Petrus tumuli munjuk marang Panjenengane: “Kawula mugi kaparingana katrangan bab pasemon punika wau.” 16 Dhawuh pangandikané Gusti Yésus: “Dadi kowé iya padha durung mangreti? 17 Apa kowé padha ora mangreti, yén samubarang kang lumebu ing cangkem, iku parané mnyang ing weteng banjur dibuwang menyang ing pakiwan? 18 Nanging samubarang kang metu saka ing cangkem iku asale saka ing ati sarta iya iku kang njemberi marang wong. 19 Amarga kang thukule saka ing ati iku kayata: Pkiran kang ala gawé pepati, laku jina, cabul, nyenyolong, sumpah palsu lan pitenah. 20 Yaiku kang gawé jembering wong. Nanging mangan ora nganggo wisuh iku ora njemberi”.
(Purwaning Dumadi 8:21, Markus 7:1-13, Para Rasul 5:38; 10:15, Rum 2:19, Titus 1:15).

Lelamisan kandha yén mangan lan ngombe jinis panganan lan inuman tartamtu iku dosa gedhé kang ora bisa diapura. Kanthi pambobot kang ala iki, wong-wong nuduhaké yén wong-wong durung mangerti kahanan cemer ing sajroné atiné.

Alkohol, ora perlu ditakokaké manéh, iku satruné manungsa. Nikotin iku sumber kanker. Televisi mbiyantu nyebaraké laku jina lan apus-apus. Daging babi disebut mbebayani kanggo kesarasan. Nanging Sang Kristus mratélakaké yén kabéh iku ora najisaké wong.

Sang Kristus ngandika yén dudu jinis utawa babagan pangan kita, utawa tangan kita kang duwé daya pengaruh marang nyawa lan agawé nyawa dadi reget utawa cemer, “Kratoné Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe” (Roma 14:17). Nanging, dosa iku kang nyemeraké manungsa lan agawé dosa ing ngarsané Allah. Anggoné ora gelem mratobat dianggep dadi panerak marang Panjenengané lan ora pantes ana ing sajroné patunggalan karo Panjenengané. Apa kang kita pangan, manawa kita mangan kanthi mlebu nalar lan satakeré, ora bakal nyemeraké kita. “Tumrpaping wong kang resik, samubarang kabéh iu resik” (Titus 1:15).

Kita cemer, ora déning daging kang kita pangan nganggo tangan kang ora kita wisuhi, nanging déning tembung kang asale saka ati kang cemer, lan kanthi mengkono “Kowé katuntun déning cangkemmu marang ing dosa” (Kohelet 5:5).

Wong-wong pracaya, senajan wis dianyaraké lan disucékaké, nemokaké ing sajroné atiné ana ora mbangun turute, ana pambalelané ana godha lan ana cemere. Ana ing atiné duwé pepinginan dhuwit kanggo panguripané utawa kepéngin ngedoh saka sedulur lanang lan sedulur wadoné. Mburu prekara-prekara kang mengkono bisa mlebu ing prekara lan kaluputan. Dhéwéké nemokaké awaké kadakwa déning telenging atiné kang sambat lan nguwuh bebarengan karo Paulus, “wong cilaka aku iki! sapa kang bakal ngluwari aku saka badan reh-rehané pati iki?” (Rum 7:24) Wong-wong kang mursid kudu mratobat luwih dhisik, lan ngakoni jeroné anggoné cemer supaya bisa dadi andhap asor ing ngarsané Sang Kristus, rumangsa ajur atiné lan mlarat kanthi cara kasukman. Sebanjuré wong-wong iku bakal tansah mburu pangapura lumantar rah Sang Kristus, lan nemokaké keselametan kang sempurna kang diwartakaké marang wong-wong kang duwé nurani. Nanging, emané akéh kang ora sumendhé marang pangapura padinan, utawa ing sajroné panyucen kasukman kang bakal ngalahaké watek gumunggung. Nanging, wong-wong lumawan, lumantar pengadilan kang cethek lan tradisi kang kolot, wong-wong kang nggolék keselametan ing astané Sang Kristus. Wong-wong nyegah wong sowan marang Panjenengané senajana ana akéh kang nemokaké kebangunan rohani.

Manungsa ora diselametaké utawa disucékaké kanthi mbangun turut pranatan, nanging kanthi iman mung marang Rah Sang Kristus waé. Gusti Allah dilegakaké kanthi roh kang ajur lan prihatin. Sang Roh suci nyurung kita nindakaké patrap andhap asor awit katresnan, kaya ngresiké rumah tangga kang lara, lan mbayar utangé tanpa kudu ménéhi ngerti marang dhéwéké utawa marang wong liya.

Kang marakaké najis wong iku kang asale saka sajroné awake. Prekara iku asale saka ati kang kebak piala, awit ora ana dosa becik tembung uga patrap, kang ora asal saka ati luwih dhisik. Ing kana, ing sajroné ati, yaiki oyote rasa getir, kang “Ing antaramu iya aja nganti ana oyod kang nukulaké racun utawa butrawali” (pangandaring Torét 29:18). Pérangan batin wong iku kang dadi papan mapané piala. Kabéh tembung ala metu saka jeroné atiné wong. Saka ati kang ala metu patrap kang ala.

Sedulur, apa panjenengan ngerti yén ati panjenengan iku banget nistha? Ana kono sumber saka impen cemer panjenengan, tembung kang culika, lan tumindak ala. Apa panjenengan eling dosa-dosa mangsa kepungkur panjenengan? Kabéh iku hasil saka pribadi panjenengan kang cemer. Panjenengan kudu ngreti awak panjenengan lan ndeleng sumber saka cemer kang manunggal ing sajroné panjenengan. Pisusung awak panjenengan marang Gusti Yésus kanthi mengkono Panjenengané saget marasaké lan merdikaaké panjenengan uga nyucékaké dosa panjenengané. Panjenengan kang ana sajroné pepérangan kasukman, aja pasrah. Waspada lan ndedongaa supaya panjenengan aja tiba ing sajroné pancoban, awit roh iku mbangun turut, nanging daging iku ringkih.

Coban kang gedhé dhéwé tumrap patrap mursid yaiku lelamisan kang dilandhesi déning pikiran kang luput. Panjenengan ora bisa dadi luwih suci tinimbang Gusti Allah. Sang Roh Suci bakal njangkung panjenengan kanthi mengkono panjenengan ora bakal tiba ing sajroné coban kang mengkono.

PANDONGA: Gusti Yésus kang kebak rahmat, Paduka luwih pirsa nyawa kula lan mangsa kepengker kula tinimbang kula piyambak. Paduka selametaken nyawa kula saking lelamisan lan saka pakulinan awon tansah mikiraké badan piyambak. Paduka uwalaké kawula ing salebetipun kamardikan putra-putra Paduka kanthi makaten kula saget dipun sucékaken kanthi iman lumantar rah Paduka kang larang ajinipun, kanggo ngladosi tiyang-tiyang ingkang mbetahaken kanthi kabingahan. Sucékaké kawula ngantos lebeting manah kawula kanthi makaten manah kawula mboten malih dados sumbering dosa, nanging dados sumbering katresnan, kasaénan, lan pambangun turut.

PITAKONAN

  1. Apa iku pikiran lan tumindak ala kang ambanyu mili saka ing jroning ati lan apa iku woh-woh Roh suci?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matéus ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Apa sebabé ta para ahli torét ngrancang ngukum pati Sang Kristus?
  2. Apa pameca Sang Mesih gegayutan Gusti Yésus ing sajroné Para Rasul 42:1-4?
  3. Apa sebabé para pemimpin agama Yahudi ndhakwa Gusti Yésus nundhung roh-roh ala kanthi panguwasa panggedhéning sétan?
  4. Apa kang panjenengan mangerti babagan neraka lan kamenangan Sang Kristus tumrap iblis?
  5. Apa kang panjenengan mangerti babagan neraka lan kamenangan Sang Kristus tumrap iblis?
  6. Sapa kang disebut tedhak turuné ula bedhudak iku? Lan sapa ta wong-wong kang becik iku?
  7. Sapa ta kang kagolong ing sajroné turunan kang ala lan kebak rereged iku?
  8. Apa sebabé roh ala bisa bali karo pitu roh liya saka wong kang wis diresiki saka roh ala sadurunge?
  9. Apa bedané antarané wong kang murtad karo anggota keluwarga Allah?
  10. Tulisen pranatan gegayutan undhak-undhakan lan kendhoné kasukman lan sebanjuré cethakna.
  11. Apa kang dadi pepalang marang tuwuhing kasukman, lan apa kang dadi jalaran mangkotaké atiné wong-wong kang ora pracaya?
  12. Apa ta jinis papat ati kang nampa Injil iki?
  13. Kepiyé panenané Gusti Allah dumadi?
  14. Apa kang kita sinau saka pasemon babagan wiji sesawi lan ragi iki?
  15. Apa sebabé Sang Kristus dadi raja brana kang aji dhéwé ing jagat iki?
  16. Sapa ta Kang Dikersakaké Sang Kristus Supaya Panjenengan Tuntun Marang Kratoné-Panjenengane?
  17. Apa ta wulangan kanggo kita kang diwulangaké pasemon babagan jala marang kita?
  18. Sapa ta jeneng-jenenengé sedulur lanangé Gusti Yésus, lan pira gunggungé sedulur wadoné Panjenengané miturut tulisané Injil Matéus?
  19. Apa sing dadi alesan sédané Yokanan Pembaptis?
  20. Kepiyé ta Gusti Yésus anggoné yasa roti kanggo wong limang ewu uwong?
  21. Apa kakandhut ana ing sajroné pratéla “Iki Aku” ing sajroné kitab suci?
  22. Apa sebabé kok para rasul ngakoni yén Gusti Yésus iku Putra Allah?
  23. Apa sebabé sawetara wong pracaya, kang ndemek jubah Gusti Yésus saras kanthi sempurna?
  24. Apa iku dosa lelamisané wong Yahudi?
  25. Apa iku pikiran lan tumindak ala kang ambanyu mili saka ing jroning ati lan apa iku woh-woh Roh suci?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:31 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)