Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 139 (Jesus Walks on the Sea)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

c) Gusti Yésus Tindak Ana Sakndhuwuring Banyu (Matéus 14:22-27)


MATÉUS 14:22-27
22 Sakwisé iku Gusti Yésus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya padha nunggang prau, ndhisiki tindaké mnyang ing sabrang, dené wong akéh padha kadhawuhan mulih. 23 Bareng wong akéh wis padha kadhawuhan mulih, Gusti Yésus banjur minggah ing gunung piyambakan, arep ndedonga. Bengi iku Panjenengané piyambakan bae ana ing kono. 24 Nalika iku lakuné prauné para sakabat wis sawetara stadi saka pinggir lan lagi montang-manting katempuh ing ombak, amarga anginé nampek. 25 Bareng wis jam telu bengi Gusti Yésus tindak nusul para sakabate, tindaké napak ing sagara. 26 Nalika para sakabat sumurup Panjenengané tindak ing sadhuwuring banyu iku, padha kagét lan alok: “Ana memedi!” banjur padha jerit-jerit, marga saka wediné. 27 Nanging tumuli padha dipangandikané déning Gusti Yésus: “ Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”
(Markus 6:45-52, Lukas 6:12; 24:37, Yokanan 6:15-21)

Dudu karsané Gusti Yésus menawa para murid bakal tiba ing sajroné coban kang padha karo kang dilakoni déning wong akéh kang diparingi mangan iku. Wong-wong mau ora maélu marang Kang Njangkung, nanging mung marang roti kang dicawisaké waé, mung duwé pikir sesambungan karo gampangé entuk panganan tanpa nyambut gawé. Ora ana owah-owahan ati kang temen-teman dumadi, lan awit iku wong-wong mung nresnani awaké luwih saka nresnani Putra Allah.

Gusti Yésus ngedoh saka wong akéh lan misahaké para pandhérék Panjenengané saka wong akéh iku, supaya para murid bisa anggegilut kaélokan iku lan ora mung kang ana sambung rapete karo rotiné. Sebanjuré Sang Kristus misahaké sarirané saka kabéh wong-wong liya kanggo ndedonga ing ara-ara samun lan ngaturaken panuwun atas kaélokan saka Sang Rama Panjenengané. Kanthi prekara iki Sang Kristus ngaturaken panuwun marang Panjenengané. Kepiyé panjenengan ngaturaken panuwun marang Gusti Allah atas kabéh berkah lan kabecikan kang diparingaké Panjenengané ing sajroné urip panjenengan? Kita bakal dimerdekaaké saka patrap gumunggung lan kemaki kanthi ngaturaken panuwun marang Gusti Allah lan manembah Panjenengané.

Ora suwé sebanjuré, para murid bali marang kasunyatan. Angin nempuh ing sakiwa tengené lan ombak mumbul dhuwur. Para murid durung nglakoni ngenggoni dalem Rama ing Suwarga, nanging malah nemokaké awaké ana tengah segara prekara tanpa Sang Kristus. Para murid duwé pikiran yén Sang Juru selamete adoh, awit para murid ora weruh Panjenengané. Kita, uga asring ngalami ombak kang gedhé kang nyerang kita, peteng lan ngalimputi kita, nanging “aja wedi marang pagiris kang tekané dadakan” (Wulang Bebasan 3:25).

Para murid mesti wis ndedonga kanthi nyebut asma Sang Juru selamet kang ora ana bebarengan karo dhéwéké, nanging wis maringi wulangan kang ora bakal dilalekake. Panjenengané rawuh marang para murid nalika wayah wis bengi nalika para murid nguwuh njaluk keselametan saka Gusti Allah. Para murid ora ngrei yén iku Gusti Yésus, awit para murid ora duwé iman nalika padha ndedonga. Para murid penemuné yén Panjenengané kuwi memedi, awit saka iku padha wedi lan bengok-bengok kalimputan rasa wedi lan giris.

Apa panjenengan pracaya yén donga-donga panjenengan bakal dijawab? Utawa panjenengan wedi marang roh-roh ala ing tengah-tengahé prekara lan kangelan panjenengan? Sang Kristus rawuh nyeraki panjenengan senajana panjenengan ora ndeleng Panjenengané. Pracaya marang Panjenengané lan panjenengan bakal dijangkung selawase.

Gusti Yésus ngarani para murid iku wedi. “Iki Aku”. Pangandikan iki para murid apal ing sajroné Prejanjian Lawas minangka dadi pratéla Gusti gegayutan sarirané piyambak (Pangentasan 3:13-14). Minangka tambahan kanggo ndadekaké roti kang sithik dadi akéh, Sang Kristus mratélakaké sarirané marang pandhérék Panjenengané minangka Gusti kang setya marang prejanjian, nundhung kabéh rasa wedi para murid lan nylametaké saka prekara lan nylametaké saja anggoné ora pracaya.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula ngluhuraké Paduka awit Paduka mboten kersa dipun sukani makutha minangka jejeripun raja, ingkang saget maringi tetedhan. Paduka terus milih margi asor kajeng salib supados nglebetaken kawula ing salebetipun pangapunten Paduka lan kayektosan ing salebetipun nugraha Paduka. Paduka ngersakaken kawula ndhérék Paduka mboten awit kepéngin roti utawi arta, nanging awit kaduduting manah namun dhumateng Paduka lan nresnani Paduka kanthi makaten kawula saget pitados bilih Paduka menika Gusti ingkang setya ingkang mboten nate nilaraken utawi mbucal kawula ing tengah-tengahipun kawula nglokro ingkang lebet.

PITAKONAN

  1. Kang kakandhut apa ing sajroné pratéla “Iki Aku” ing sajroné kitab suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on May 23, 2023, at 05:57 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)