Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 138 (Feeding the Five Thousand)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

b) Ménéhi Mangan Wong Limang Ewu (Matéus 14:13-21)


MATÉUS 14:13-21
13 Bareng Gusti Yésus midhanget pawarto iku, banjur tindak sumingkir saka ing kono, nitih prau, arep miyambak menyang ing panggonan kang samun. Nanging bareng wong akéh krungu bab iki, tumuli padha nusul, lumaku ing dharatan saka ing kutha-kuthané. 14 Nalika gusti Yésus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akéh banget cacahe, panggalihé trenyuh marga saka welasé marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake. 15 Sorené para sakabate padha sowan ing ngarsané lan matur: “Panggenan punika samun tur sampun wiwit peteng. Tiyang kathah punika prayogi kadhawuhan kesah tumbas tedha dhateng ing dhusun-dhusun.” 16 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Ora usah padha lunga, kowé bae padha menehana mangan.” 17 Unjuké para sakabat: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih” 18 Dhawuhé gusti Yésus: “Gawénen mrené wenehna Aku.” 19 Wong akéh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sakwisé nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yésus banjur temanga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotiné dicuwil-cuwil diparingaké marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akéh mau. 20 Kabéh banjur padha mangan nganti wareg. Sakwisé mangkono cuwilan-cuwilan turahané diklumpukaké dadi rolas wakul kebak, 21 sing melu mangan mau cacahé wong lanang kira-kira limang ewu, iku wong wadon lan bocah-bocah ora kapetung.
(2 Raja 4:44, Markus 6:31-44, Lukas 9:10-17, Yokanan 6:1-13)

Para murid Sang Kristus dadi wedi nalika Yokanan Pambaptis dipateni, awit para murid dhisik iku para murid Yokanan pambaptis. Awit saka iku, gusti Yésus nyepi bebarengan karo para murid Panjenengané kanggo ndedonga. Panjenengané mulangaké marang para murid yén pakaryan kang asipat rasul para murid ora bakal mung ditindakaké ing antarané wong-wong pracaya, nanging tansah nuntut pratéla kayektén, senajana iku bakal agawé para murid kudu ngorbanaké nyawa. Nanging Sang Kristus ora bisa ngrasakaké ayem kesuwén. Wong akéh sebanjuré sowan marang Panjenengané nyuwun panglipuran, tuntunan lan panguwasa, mliginé sakwisé Yokhanan Pambaptis dipateni, kang dianggep minangka nabi misuwur. Saiki, luwih saka limang ewu nglumpuk ing sakiwa tengené ing ara-ara bebarengan karo keluwargané awit wong-wong mau ngorong marang pangandikané Allah.

Jagat ing sakiwa tengen panjenengan kepéngin sanget keselametan luwih saka kang panjenengan angen. Ana ngnedi ta sih kawelasan panjenengan marang wong-wong ku? Panguwasané Allah kang makarya ing sajroné panguripan panjenengan dados jalaran maringi kabisan dhumateng panjenengan leladi manawa panjenengan nresnani kang ilang. Paseksen panjenengan babagan Sang Juru selamet bisa agawé manungsa mretobat marang Sang Kristus.

Sang Kristus ora mung nresnani wong-wong mau, nanging uga mitulungi wong-wong mau. Akéh ing antarané wong-wong mau kang lara, lan Panjenengané rawuh ing sajroné jagat kanggé dados dhukung kang agung.

Embun soré iku wiwit bisa dirasakaké, lan pangandikané Gusti Yésus kang kebak panguwasa durung rampung. Para murid, ing pérangan liyané dadi bingung. Para murid wedi yén wong akéh dadi ngelih lan bakal nuwuhaké gegeran. Para murid nyuwun marang Sang Kristus nundhung wong-wong mau, nanging Sang Kristus ngandika, “Kowé kudu ménéhi mangan.” Para murid matur manawa dhéwéké ora duwé panganan. Nanging Sang Kristus uga ngandika marang panjenengané “Wenehana rotimu karo wong-wong mlarat, wartakna marang kabéh wong yén wong-wong bisa nampani kalegan lan wenehana apa kang kok duwéki marang wong-wong mau”

Ora ana prekara manawa panjenengan ngakoni, bebarengan karo para murid, yén panjenengan mung duwé sethithik waé gegayutan karo kabutuhan wong-wong ing sakiwa tengen panjenengan. Diberkahi panjenengan manawa panjenengan duwé malah sethithik waé sih rahmat Allah! Selehna iku ing panguwasané Sang Kristus supaya Panjenengan bisa amberkahi lan maregaké ewon wong kanthi sih rahmat.

Nanging panjenengan gatekaké apa kang ditindakaké Sang Kristus. Kawitan, Panjenengané nglumpukaken wong akéh menika, lan sebanjuré njupuk sethithik kang di duwéki banjur ngaturaké panuwun marang Rama kasuwargan Panjenengané sawutuhé ati. Iki wadi saka mukjizat. Panjenengané maringi atur panuwun atas apa kang sethithik lan dadi akéh. Sebanjuré Panjenengan nyuwil-nyuwil roti kanthi iman, lan sadurungé preka iku enték, kabéh wong kang teka wis ngrasakaké wareg. Para murid Panjenengané nglumpukaké roti dadi rolas wakul sisa-sisa sakwisé dipangan wong-wong mau.

Sang Kristus mirsani marang cuwilan roti kang turah lan ora kersa ngejaraké turah mengkono ana nglemah kaya kang ditindakaké wong-wong sugih kang mbuwang turahan panganané menyang papan larahan.

Cara kanggo bisa nemokaké panglipuran kita yaiku kanthi sowan marang Sang Kristus. Kabéh prekara disucékaké lumantar pangandikan lan ndedonga marang Panjenengané (I Timotius 4:5). Prekara-prekara kang kita aturaken marang Gusti Yésus bakal mundhak-mundhak lan nuntun kabecikan kanggo kita. Panjenengané bakal nindakaké karsa Panjenengané temtu bakal éndah kanggo kita. Apa kang kita aturaken kanthi katresnan, kudu kita gawa marang Sang Kristus luwih dhisik, lan Panjenengané bakal nampani saka kita, lan kanthi kebak rahmat amberkahi wong-wong kang bakal nampani.

Berkah Gusti allah bisa agawé kang sethithik ana mufangate akéh. Manawa Gusti allah amberkahi apa kang kita duwéki, kita bisa mangan nanging ora tau bisa nganti cukup lega (Hagai 1:6).

Apa panjenengan ngaturaké panuwun marang gusti atas apa kang diparingaké Panjenengané ing tangan Panjenengane? Pasrahna talenta, wektu, lan dhuwit panjenengan marang Gusti Yésus. Ngaturna panuwun atas anggoné Panjenengan nebus, lan sebanjuré panjenengan bakal éram déning kaya panjenengané akéh nguwataké kang sethithik kang panjenengan duwéki iku.

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula pekewet gegayutan alitipun iman kawula lan ringkihipun katresnan kawula. Paduka wucal kawula kanggé ningali keluwen ing salebetipun tiyang kathah babagan roti jasmani lan tetedhan kasukman supados kawula saget mitulungi sedhérék-sedhérék kanthi kasagetan kawula ingkang winates. Berkahi kawula lan berkahi pangorbanan kawula supados kathah tiyang kawilujengan lan nampani gesang langgeng. Paduka kiyataken iman lan katresnan kawula kanthi makaten panguwaos Paduka saget makarya ing salebetipun karingkihan kawula dinten menika.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta Gusti Yésus anggoné yasa roti kanggo wong limang ewu uwong?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:17 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)