Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 140 (Peter Sinks Down)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

d) Petrus Kasilep ana ing Tlaga (Matéus 14:28-36)


MATÉUS 14:28-33
28 Petrus banjur munjuk kalawan mbengok: “Gusti, manawi saéstu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyan lumampah ing nginggil toya”. 29 Dhawuhé Gusti Yésus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yésus. 30 Nanging bareng kena angin gedhé, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun tulung!” 31 Gusti Yésus énggal-énggal mulung astané nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagené kok mangu-mangu?” 32 Banjur padha munggah in prau, anginé tumuli mendha. 33 Wong saisiné prau padha sujud ana ing ngarsané lan matur: “Paduka punika saéstu Putraning Allah.”
(Matéus 16:16, Yokanan 1:49).

Petrus krungu pangandikané Gusti Yésus Panjenengané iku Gusti piyambak. Panjenengané pirsa apa kang dikarepaké Petrus, lan percaya marang Petrus. Nanging, dhéwéké mangu-mangu atas pengalaman lan rerasané njaluk bukti yén dhéwéké bisa yakin keilahiané Sang Kristus kang lagi mlaku ing sakndhuwuré banyu. Dadi Petrus nyuwun marang gusti supaya Panjenengané dhawuh marang awaké mlaku bebarengan Panjenengané sakndhuwuré banyu. Sang Kristus ngandika mung siji tembung: “Mrenea”. Tembung iku yaiku tembung timbalan kang uga dadi darbek panjenengan lan aku. Tekaa marang patunggalan ing sajroné Sang Kristus. Aja milih tujuwan liya kanggo awak panjenengan dhéwé, lan panjenengan bakal dadi luwih kuwat tinimbang karo kabéh unsur liyané ing jagat raya iki.

Petrus nyoba manek-manekaké awaké senajana isih ana karingkihan lan mangu-mangu. Dhéwéké jumangkah metu saka prahu lan mlaku ana ing segara kang ombaké mawalikan, lan nyawang kanthi gumun marang Sang Kristus, sawetara banyu ing kang ditapak sikile kaya-kaya dadi padhet nyangga jangkahe. Imané agawé dhéwéké kuwat kanthi panguwasa saka Gusti Allah kang nitahaké jagat saisiné.

Sawetara isih lumaku ing sakndhuwur banyu, pengalamané minangka juru amek iwak ujug-ujug agawé dhéwéké kelingan yén dhéwéké dikupengi bebaya, eling bab jeroné segara iku. Petrus pikirané ora manéh ana Sang Kristus, luwih nggatekaké bebaya kang kudu diadhepi. Dhéwéké ora nyawang marang tujuwané yaiku Sang Kristus, nanging marang ombak kang mawalikan ing sakiwatengené lan dhéwéké wiwit kasilep.

Sumitra, kabéh kang agawé panjenengan ngungkuraké Sang Kristus lan agawé panjenengan kuwatir bakal nguwasani lan nyemeraké panjenengan. Pracaya waé marang Sang Kristus, lan anggep yén kabéh manungsa lan panguwasa, menawa tinimbang karo Panjenengané ora ana apa-apané. Sawangen Panjenengané lan aja tau ngalih panyawangé panjenengan saka Panjenengané.

Nalika Petrus wiwit kasilep, dhéwéké nguwuh kaweden, “Gusti, nyuwun tulung.” Petrus nyawang manéh marang tujuan lan ora ndeleng apa waé kajaba Sang Kristus waé kang lagi lumampah ing sakndhuwuré banyu. Gusti Yésus mulungaké asané nyekel Petrus lan nylametake. Sang Kistus ora ninggalaké para murid kang kaweden, utawa nampik para murid kang gagal ing sajroné iman, nanging nyekel tangané nylametaké sadurungé kasilep, lan agawé banyu ing sikili atos manéh kang bisa nggawa wong kang pracaya marang Gusti Yésus. Sang Kristus nylametaké nalika iku uga tanpa mangu-mangu.

Sakwisé Petrus mlebu ing perahu manéh, Gusti Yésus melehaké awit anggoné Petrus mangu-manggu, awit Petrus luwih pracaya marang pengalamané dadi juru amek iwak tinimbang marang Gusti lan kudu sumarah sawutuhe. Kanthi iman kang sakwutuhé waé panguwasa Panjenengané bakal menang ing sajroné panguripan kita. Apa panjenengan arep masrahaké awak panjenengan marang Putra Allah, pracaya yén Panjenengan iku Gusti kang sejati?

Sewelas murid kang liyané mbuka talingané lan mlongo kanthi kaweden nalika wong-wong mau ndeleng lan krungu lelakon iku. Nalika Gusti Yésus mlebu ing sajroné perahu, ombak mau ujug-ujug mandheg, lan sing ana mung rasa sepi kaya-kaya ana ing suwarga. Para murid ngadeg ing perahue, ndungklukaké sirahé manembah marang Panjenengané kang menang atas prahara, lan kanthi gemeter ngakoni, “Paduka punika saéstu Putraning Allah”. Iki tembung kawitan tembung-tembung kang mengkono dikandhakaké déning para murid, sakwisé para murid ndeleng kaélokan nglipetaké roti, krungu Gusti Yésus ngandika, “Aku iki”. Lan wis ndeleng Panjenengané lumampah ing saknduwuré banyu. Para murid entuk pepadhang sakwisé wanuh dedelengan Allah ing tengah-tengahé wong-wong iku lumantar Putra Panjenengané.

Lumantar kekuwatan Sang Kristus kita diangkat ngluwihi jagat, ndadekaké kabisan kita ngalahaké jagat, diangkat supaya ora kasilep ing sajroné lan diparingi panguwasa supaya ora dikalahaké déning jagat. Wong-wong liya, kaya Paulus, ndhérék patuladan petrus ing sajroné laku imanep-ing sajroné gegambaran lumaku ing sakndhuwuré banyu karo Gusti Yésus lan dadi luwih ssaka kang menang lumantar Panjenengané. Jumangkah nglewati ombaking jagat kang wis dadi kaya kaca, dadi atos lan bisa nyanga momotan, lan wong-wong mau kang wis nampani kamenangan ngadeg teguh ing sakndhuwuré karo ngaturaké pepujian (Wahyu 15:2-3).

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka sampun ngutus Sang Kristus dados Gusti atas sadaya jagat raya. Paduka apunten kawula, Gusti, manawi kawula dadi ajrih dhumateng lindu, prahara, pepérangan, lan kapeneting saking unsur alam, lan mboten ningali Paduka kemawon. Paduka paringi kekiyatan iman kawula kanthi makaten kawula mboten ningali dhateng kanan utawi kering, lan Paduka damel kawula ngunderaké kawigatosan dhumateng putra Paduka ingkang kinasih supados kawula saget nampi saking Panjenenganipun panguwaos, tentrem rahayu, lan rumaos mantep gegayutan pangayoman awit panjenenganipun nganthi kawula. Nanging nalika kawula kasilep ing salebeting pancoban lan prekaws, tulung kawula supados tansah nguwuh dhumateng Paduka, “Gusti, tulungi kawula, lan cepengi tangan kawula” supados kawula saget ngraoasaken asta kanan Allah nyepengi kawula lan ngangkat kawula medal saking bebaya pati. Paduka tuungi kawula supados ndhérék Paduka lan cepengan dhumatang Paduka, ndhérék patuladan Panjenenganeipun, lang kangkeni kayektosan bilih Paduka menika Putra Allah ingkang gesang.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé kok para rasul ngakoni yén Gusti Yésus iku Putra Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:16 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)