Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 130 (Parable of the Sower)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

a) Pasemon bab wong Nyebar Wiji (Matéus 13:1-23)


MATÉUS 13:18-23
18 Mulané rungokna maknané pasemon bab juru nyebar iku. 19 Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangerti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan. 20 Dené wiji kang kasebar ing padhasan, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika sarta énggal-énggal nampani pangandika mau kanthi bungah, 21 nanging ora ana oyode ing batiné dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiya nyiya utawa pangandiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur énggal murtad. 22 Sebanjuré kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokaké pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe. 23 Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokaké pangandika lan mangerti, mulané iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel teluh puluh.
(Matéus 6:19-34, Markus 4:13-20, Lukas 8:6-15, 1 Timotius 6:9)

Pasemon Sang Kristus gegayutan karo kasunyatan kang umum, kang lumrah, dudu pratéla utawa bener orané filsafat, utawa gambaran alam kang ngedap-edapi. Sakabéhé bisa diterapaké kanthi gampang ditampa. Kabéh-kabéh mau dipundhut saka kasunyatan kang cetha dhéwé kang dideleng saben dina lan bisa ditampa malah déning wong-wong kang biasa pisan. Akéh-akéh saka pasemon iku dipundut saka prekara olah tetanen, dikaya wong kang nyebar iki, lan gegayutan karo alang-alang. Sang Kristus milih nggunakaké prekara iki supaya watonan-watonan kasukman bisa dadi gampang ditampa, lan kang kulina dideleng, bisa mlebu ing sajroné kang bisa ditampa kita. Kanthi cara iki, kabéh umum kang ditindakaké kang lumrah bisa duwé makna kasukman, lan kita bisa ndadekaké minangka wewengan, lan ndeleng prekara-prekara iku, kanggo anggegilut kanthi ayem dalan-dalan Gusti Allah. Dadi, nalika kita repot ing prekara-prekara saben dina, kita bisa, kanthi sinau lan wulangan iku, katuntun supaya ati kita kaalamataké marang suwarga.

Pangandikan Injil iku Pangandikan kraton. Pangandikan iku yaiku pangandikan Sang Raja, lan ing ngendi Pangandikan iku ana, ana kana panguwasa ana (Kohelet 8:4). Juru nyebar kang nyebaraké wineh yaiku Gusti Yésus Kristus- Panjenengané piyambak lan golongan peladen Panjenengané. Para peladen iku kanca nyambut gawéné Gusti Allah (I Korinta 3:9). Lemah kang dadi papan nyebar wineh iku yaiku ati anak-anak manungsa, kang duwé sipat kang beda, awit iku duwé tataran panampa kang beda babagan Pangandikan.

Ati manungsa kaya lemah, bisa diundhakaké supaya bisa ngasilaké woh kang becik. Eman banget yén tanah iku asring dijarna bera kaya tegalané wong kang keset (wulang Bebasan 24:3). Jiwa iku papan kang pas kanggé manunggale pangandikan Allah, lan makarya kanthi panguwasa. Pangandikan iku makarya ing sajroné ati manungsa supaya madhangi minangka pepadhang saka Gusti. Ati kita netepaké sepira akéhé pangandikan Allah utawa piala jagat kang bisa mlebu ana ing jeroné. Sawetara jinis lemah, nalika disebari wineh kang becik, ora metokaké woh babar pisan. Nanging lemah liyané lemah kang becik bakal metokaké woh kang ora kaetung akéhe. Dadi, gegayutan ati manungsa waé, beda watek wantu ing sajroné ati mau, kang dicethakaké kanthi patang jinis lemah kang endi telu ing antarané ala, lan siji waé kang becik.

Kepiyé undhak-undhakané woh Injil ing sajroné panjenengan, ora ana, sethithik, utawa akéh? Sinau pasemon iki kanthi ndeleng tafsiran Gusti Yésus supaya ngerti jinis lemah ing endi ati panjenengan. Nyuwun marang Sang Kristus supaya ndadekaké panjenengan lemah kang becik lan subur. Uga nyuwun marang Panjenengané supaya ngrubah pikiran panjenengan kanthi mangkono panjenengan bisa sinau pangandikané Allah kanthi kabungahan lan tegen. Kareben kawigaten panjenengan katujokaké marang pepinginan supaya tegen lan ngati-ati maca Kitab Suci kanthi mengkono panjenengan bisa atindak bener lan metokaké wong akéh.

Ngati-atia marang semangat kang cethek waé, awit wis ngrungokaké Injil nanging ora temen-temen mratobat. Kurang pamratobat kang bener bakal metokaké sipat lelamisan, kang bisa dibandhingaké karo wong kang mbangun omah ing wedhinan tanpa nggunakaké pondasi kang kuwat. Gusti Yésus milih pra rasul Panjenengané sapérangan saka antarané murid Nabi Yokanan, awit para murid nabi Yokanan bener-bener mratobat. Nanging wong akéh kang kesusu sowan awit kadudut atiné marang kaélokan kang ditindakaké Panjenengané ninggalaké Panjenengané nalika iku uga nalika tekané panganiaya, awit anggoné sowan marang gusti Yésus ora atas landhesan pamratobat lan keselametan, nanging mung awit kauntungan pribadi lan dudu kauntungan kasukman.

Luwih manéh, nyuwun marang Pangéran supaya mitulungi panjenengan ngalahaké rasa kuwatir lan was-was panjenengan, lan nguwalaké panjenengan saka mata dhuwiten kanthi mengkono panjenengan bisa ngluru kratoné Allah lan kayektén Panjenengané. Sebanjuré panjenengan bakal ndeleng yén Gusti Allah piyambak kang bakal nggatekaké lan amberkahi panjenengan.

Panganiaya digambaraké ing sajroné pasemon iku kanthi panas srengenge. Srengengé kang padha kang ngangetaké lan nuwuhaké wit kang oyote kuwat, ndadekaké alum lan mateni wineh kang oyote cethek. Pangandikané Sang Kristus, lan uga kayu salib Sang Kristus, iku kanggo sawetara wong “Nuntun marang urip” lan kanggo wong-wong liya “nuntun marang pati kanggo pati”. Coban kang agawé sawetara wong marang murtad lan cilaka langgeng, kanggo sawetara wong “nuntun marang kaluhuran langgeng kang ora bisa dipocapaké kanthi tembung”. Coban bakal ndoyongaké sawetara wong lan nguwataké wong-wong kang liyane!

Panjenengan gatekaké kaya ngapa cepete sakabéhé kajabut, malah dadi bosok sadurungé mateng. Leladi kang ditindakaké tanpa mikir dawa bakal tiba sanalika tanpa daya.

Pangandikan Panjenengané kang binerkahan ora prelu takon manéh babagan metokaké woh ing sajroné panjenengan, dikaya wineh kang tiba ing lemah kang becik bakal metokaké godhong kang ngrembuyung éndah tanpa ngrubah utawa kelangan sethithik waé saka watek wantuné. Awit saka iku, aja metokaké woh dhéwé awit saka pikiran lan pambudidaya pribadi, nanging kareben pangandikan Allah cepet mundhak-mundhak ing sajroné panjenengan. Luber-luber lan urip ana hasil pakaryan Panjenengané dudu pambudi daya kita.

Kang dadi jalaran bisa mbedakaké lemah kang becik saka lemah liyané dilahiraké manéh, yaiku “kabisané ngasilahé woh.” Kanthi mengkono, wong-wong Kristen kang sejati dibedakaké saka wong-wong kang lelamisan, yaiku yén wong-wong mau “ngasilaké woh-woh kayektén.”. “Ing sajroné prekara iki Rama-Ku diluhuraké, yaiku manawa kowé uwoh akéh lan kanthi mengkono kowé iku murid-muridKu (Yokanan 15:8). Panjenengané ora ngandika yén lemah kang becik ora duwé watu, utawa ora ana grumbule, nanging kabéh iku ora malangi lemah iku ngasilaké woh. Wong-wong suci, ing jagat iki, dudu wong kang sempurna kang bebas saka dosa, nanging kanthi sukarena dimerdekaaké saka panguwasané dosa iku.

PANDONGA: Dhuh Rama, manah kula wangkot, rendhet lan awon. Paduka remukaken gumunggung kawula, kawonaké niat manah kawula ingkang mboten migunané lan Paduka bikak talingan kawula supados mireng pangandikan Paduka. Paduka paringi kawula pepinginan saben dinten ing salebetipun kitab suci Paduka ingkang madhangi manah kawula lan neguhaken kawula kanthi iman ingkang leres, katresnan ingkang makarya lan pengajeng-ajeng ingkang gesang.

PITAKONAN

  1. Apa ta jinis papat ati kang nampa Injil iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:55 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)