Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 101 (Risks of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

b) Bebayané Pawartaning Injil (Matéus 10:16-25)


MATÉUS 10:21-23
21 Sadulur bakal masrahaké padha sadulur marang paukuman pati, samono uga bapa masrahaké anaké, lan anak-anak bakal padha nguwaneni wong-tuwané lan banjur dipateni. 22 Lan kowé bakal disengiti ing wong kabéh marga saka Aku; nanging sing sapa mantep tumeka ing wekasan, bakal slamet. 23 Manawa kowé dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyane; awit saémené Aku pitutur marang kowé: Sadurungé kowé ndlajahi kutha-kutha Israél kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.
(Mikha 7:6; Matéus 16:28; 24:9-13; Para Rasul 8:1)

Gusti Yésus nyethakaké papat sumber bebaya ing ngarepané para murid-Panjenengané kang sumber bebaya iku ngenténi para pandhérék Panjenengané. Sumber-sumber prekara iki yaiku wong akéh, pengadilan agama, panguwasa, lan keluwarga dhéwé. Kayangapa lara atiné nalika sedulur sengit marang sedulur awit kapiyandelané ing sajroné Gusti Yésus lan wong tuwa kang disihi malik grembyang dadi satru saka wong-wong kang katebus kang mbuka atiné marang Sang Kristus.

Sawijining wektu sawijining bapak kang iman, ing negara diktator nyawan anak lanangé ora njenjem ing amben papan turuné. Dhéwéké takon marang anaké kang wis riyip-riyip tangi, apa kang andadekaké goreh atiné. Anaké ménéhi jawaban yén pemimpin nom-noman ing papan iku wis meksa dhéwéké ngawasi wong tuwané lan ngrepotaké marang ketua nom-noman mau apa kang dirembuk nalika lagi mangan bengi.

Ana mahasiswi kesehatan nulis, yén bapakné wis sengit marang dhéwéké awit dhéwéké ninggalaké keyakinan bapakné nanging nalika iku uga bapakné uga ngasihi dhéwéké awit anggoné andhap asor, duwé katresnan lan patrap tulusé iya ana ngomah lan iya ana njaban omah. Kosok baliné bapaké asih karo sduluré lanang kang terus teguh ing keyakinan bapaké, nanging uga bapaké sengit marang seduluré lanang awit urip seduluré lanang kuwi kapikut ing laku kang kebak cemer. Mahasiswi iku njaluk aku sakanca nyengkuyung dhéwéké ing sajroné pandonga supaya dhéwéké bisa terus lumaku ing sajroné kasucén lan dadi seksi kang achtif senajané deweké meneng, awit dhéwéké dadi wanita, ora kena dedebatan utawa takon tinakon karo bapakné.

Rasa sengit para panguwasa lan masyarakat tekan titik bebayané nalika negara dikuwasani déning kang duwé ati wengis sengit marang Sang Kristus kang duwé media kanggo meksa wong mbangun turut marang dhéwéké lan balané. Kita ndeleng, ing sajroné sejarah gereja, akéhé panganiaya kang banget dené nggegirisi yaiku mateni wong akéh lan ngwutahaké getihé wong-wong kang ora luput, dadi bukti katresnané wong-wong iku marang Gusti Yésus, gustiné. Wong-wong mau rumangsa uripe mesti ora ana sakprekara waé kang bisa misahaké saka katresnan Panjenengané. Kita uga ngadhep mangsa – mangsa kang kritis, awit Sang Kristus palsu wis tambah cerak manunggalaké bangsa-bangsa lan agama kanggo lumawan Sang Kristus kang bener. Sasuwéné mangsa kang banget winates iki, dhéwéké bakal mbanda akéh wong kristen lan mateni wong-wong mau. Sebanjuré bakal timbul wong-wong kang setyo manunggal ing sajroné sang Kristus, lan sinau saka Sang Roh Suci, babagan sabar lan jejeg ing iman, kang bakal terus nresnani lan amberkahi para satruné lan kebak wih kawelasan marang wong-wong kang dianiaya karo si pengawak dursila iku.

Kesalametan kita kawiwitan ing kayu salib, dipratélakaké ing sajroné kelahiran anyar lan dimurnekaké lumantar panandhang, dikaya kang dingandikaaké para rasul “kita kudu lumantar akéh coban sadurungé mlebu ing Kraton Allah”. Ing sajroné karawuhan Sang Kristus kang kaping pindho keselamaten kita bakal disempurnakaké kanthi nugraha.

Sang Kristus ora nimbali kabéh seksi Panjenengané supaya dadi martir. Panjenengané dhawuh marang para murid Panjenengané makaping-kaping supaya lunga menyang kutho liya manawa para murid dianiaya ing kutha kawitan, lan miwiti malih dadi seksi ing papan kang anyar iku. Gusti Yésus nerangaké marang para murid Panjenengané kang setya yén kutha-kutha kang bisa para murid ladeni iku ora bakal enték nganti karawuhan Panjenengané manéh. Awit saka iku, para murid Panjenengané ing mangsa-mangsa bebaya gedhé, bisa pindah omah utawa papan manggoné supaya awaké aman nalika gusti ing sajroné panjangkung Panjenengané maringi wewengan anyar kanggo leladi. Wong kang mlayu kabawah tuntunan Gusti Allah kudu leladi manéh. Ora sawijining bab kang mirang-mirangaké kanggoné abdiné Sang Kristus ninggalaké papan leladiné asal ora ngracut warnané. Para murid bisa uga nyingkiri saka bebaya, nanging para murid ora kena ngadoh saka tugas kang diparingake.

Panjenengan gatekaké kawigatené Sang Kristus marang para murid Panjenengané ing sajroné maringi papan kanggo ngaso lan ngayom kanggo para mruid. Panganiaya iku ora dumadi banget déning ngedap-edapi ing wektu kang bareng. Nalika kutha siji dadi panas banget kanggoné para murid, kutha kang liyané dicawisaké kang bisa dienggo lan ora kena dianggep remeh. Panjangkungé gusti iki, kudu dumadi kanthi cara kang ora ndadekaké dosa, kang ora ngerak pranatan, awit manawa mengkono mula sabeneré dudu lawang kang wengakaké déning Gusti Allah Sang Kristus arang ngandikan gegayutan pati lan wunguné Panjenengané sadurungé kotbah iki miturut Matéus. Nanging saiki Gusti Yésus nyethakaké marang para murid babagan anggoné bakal Rawuh manéh, tujuwan pungkasan saka sejarah manungsa, lan mapanaké ing ngarepe para murid, luwih dhiwik, sawijining pangarep-arep kang gedhé. Panandhang, pati lan wunguné nanging dadi pengarep-arep wong-wong Kristen, nanging rawuhé Gusti Yésus ing sajroné kamulyan nalika Panjenengan nelukaké kabéh pemerintahan lan andadekaké para satru Panjenengané dadi pancikan suku Panjenengané iku tujuan langgeng Panjenengané. “Rahayu wong kang andhap asor awit wong mengkono iku kang marisi bumi.”

PANDONGA: Dhuh Sang Raja ingkang Suci ingkang badhé rawuh. Paduka paring pangapunten atas karingkihan saking kekendelan kula, ingkang kirang kumandel lan mboten sabar. Paduka telukaken samukawis raos seningat ing salebeting manah kula. Paduka wucalaken dhumateng kula supados mangertos sadaya rancangan kawilujengan Paduka kanthi makaten kula saget cemawis ngadhepi panandang lan nyeksekaké asma Paduka kanthi tinarbuka. Tuntun kula ing wekdal kula kedah kendel utaw kedah nguwalaké badan kawula saking tangan para satru kanthi makaten kula saget nyesekaken asma Paduka ing papan sanés. Dadosa kula mbantun turut dhumateng kepemimpinan Paduka. Paduka berkahi tiyang-tiyang ingkang nyakiti kula lan nganiaya kula lan Paduka penuhi tiyang-tiyang ingkang senget kula kanthi sih rahmat Paduka. Énggala rawuh, Gusti Yésus. Paduka kiyataken saben tiyang pitados ingkang nandhang kasangsaran ing wekdal menika kanggé asma Paduka lan ingkang séda kanggi Paduka.

PITAKONAN

  1. Kepiyé anggon kita ngalahaké ombaking panganiaya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)