Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 102 (Risks of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

b) Bebayané Pawartaning Injil (Matéus 10:16-25)


MATÉUS 10:24-25
24 Mungguh sakabat iku ora ngungkuli guruné utawa abdi iya ora ngungkuli bandarané. 25 Tumraping sakabat wus cukup, yén nganti nemu lelakon padha kaya guruné lan tumrap abdi, yén nemu lelakon padha kaya bandarané lan tumrap abdi, yén nemu lelakon padha kaya bendarané. Manawa kang duwé oamah disebut Beelzebul, apa manéh brayate saomah.
(Matéus 12:24; Lukas 6:40; Yokanan 13:16; 15:20)

Ndhérék Sang Kristus ateges nuladhani Panjenengané ing sajroné katresnan, kabungahan lan patrap andhap asor Panjenengané lan kanggo leladi panguwasa Panjenengané. Iki ateges kita kudu cekelan marang Panjenengané ing sajroné panandang, pati lan tangi saka pati. Panjenengané nuntun kita marang Panjenengané lan ora tah ninggalaké kita nganti kita mlebu ing sajroné kamulyan Panjenengané. Sang Kristus ora bakal masang pasangan utawa momotan kang abot kang durung tau dipikul Panjenengané piyambak. Manungsa sengit marang Panjenengané lan sadulur-sadulur Panjenengané nampik Panjenengané. Wong-wong iku nyurung Panjenengané supaya tiba ing sajroné jiret para satru Panjenengané. Panjenengané rawuh ing ngarepe pengadilan agama lan dipilara lan dipecuti. Wong-wong mau ngidoni Panjenengané lan Sang Prabu Hérodhés ngréméhaké Panjenengané. Sebanjuré Panjenengané ditibani paukuman déning panguwasa romawi awujud dipecuti manéh, lan sebanjuré disalib. Kang duwé kuwasa ing Romawi nyalibaké Panjenengnae, senajan kaping telu kabukti Panjenengané ora luput. Para satru Panjenengané ngadhili Panjenengané kanghi culika kang kapungkasi ing sédané Panjenengané. Katon malah kanggo Gusti Yésus yén Sang Rama nyingidaké praupan Panjenengané marang Gusti Yésus. Nanging Panjenengané tetap setyo ing keyakinan Panjenengané teguh ing sajroné katresnan Panjenengané kuta ing sajroné pangarep-arep Panjenengané. Nyangga panandang ing badan Panjenengané paukuman dosa saka Gusti Allah nggenteni kita, lan si pengawak dursila ora duwé panguwasa utawa hak apa waé atas Panjenengané.

Kita ora bakal nyangga apa kang Gusti Yésus sangga, awit kita ora nyangga kabéh dosa jagat, lan bebenduné Gusti Allah ora bakal ngesokaké atas kita, nanging para satrue kayektén nylusup kanggo nyiksa kita lan mbudidaya ngedohaké kita saka Sang Juru selamet kang kebak rahmat iku. Kita ringkih, nanging Gusti Yésus nuntun tangan kita lan nyengkuyung kita. Kita ora mbangun mangsa tembe kita atas kekuatan kita dhéwé kit atas kekuwatan kita dhéwé nanging atas rah Gusti Yésus kang larang.

Salah siji kang utama lan kang penting saka anggoné martakaké Injil iku mati marang rasa panggraita pribadi lan mentingaké awak dhéwé, awit anak-anak penasaran bakal ngandhakaké kabéh kang ala marang panjenengan lan nyenyamah Gusti Allah awit panjenengan. Wong-wong Yahudi nyebut Gusti Yésus panguwasa neraka. Wong-wong iku padha nampik pangwasané Panjenengané senajan mukjizat Panjenengané murni lan adoh saka apus-apus. Wong-wong ndhakwa Gusti Yésus mimpin pasukan sétan kang akéh benget kaya laler, awit jeneng “Beelzebul” iku saka bahasa Aram kang ateges “dewe laler”. Nanging, Gusti Yésus ora nampik para satru Panjenengané nanging tetap teguh sendhenan kaagungan Rama Panjenengané lan Roh Suci, awit Panjenengané ngasoraké badané kanthi ora ngegungaké awak lan asma Panjenengané nganti pungkasan.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, maturnuwun awit sampun nyangga kathah cecamah, pandakwa, pitenah, lan apus-apus. Tiyang-tiyang menika ngesokaké dhumateng Paduka samukawis tembung awon. Nanging Paduka terus nedhakaken katresnan lan kasaénan Paduka lan ngandikan wong ing salebetipun kayektosan lan kawicaksanan. Paduka mboten mbudiaya males tiyang-tiyang menika, nanging ndhérék margi Paduka piyambak supaya ngujudi tujuwan Paduka, ngantos séda ing kajeng salib. Matur nuwun awit maringi wewengan dhumateng kawula panguwaos kanggé nyangga sadaya tembung awon lan kanggé terus ngasihi. Tulung kawula supados kanthi kawicaksanan mratélakaken kayektosan,malah menawi saupami prekawis menika badhé nuntun kawula dhumateng pati. Ampingi kawula kanthi makaten kawula saget ngluhuraken Paduka, awit kawula mboten saget tahan lan nglajengaken tanpa pitulungan Paduka. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa tegesé nalika Gusti Yésus ngandika, “Murid ora bakal luwih saka gurune?”

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)