Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 096 (Christ's Great Compassion)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)

1. Sih Kawelasané Sang Kristus Kang Agung (Matéus 9:35-38)


MATÉUS 9:35-38
35 Gusti Yésus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sara nggelaraké Injil Kratoning Allah, apadené nyarasaké sakabéhing lelara lan memala. 36 Mirsa won gakéh iku, trenyuh banget panggalihé marga saka welas; awit wong-wong mau padha katon sayah lan ora kopen kaya wedhus kang ora ana pangoné. 37 Banjur ngandika marang para sakabate: “Panené gedhé nganging kang derep mung sathithik 38 Mulané padha nyuwuna marang Kang kagungan panen, supaya karsaan maringi won gderep kanggo panenané iku.”
(Yehezkiel 34:5; Markus 6:34; Lukas 10:2)

Gusti Yésus ngubengi desa ngadesa lan kutha-kutha karo para murid Panjenengané memulang lan kotbah. Panjenengané nggoléki wong-wong kang ilang, wong-wong kang luwe marang kayektén, kang durung duwé pangertén lan dikuwasani watek lelamisan, malah ing antarané para guru, ngrengkuh para guru mau ing sajroné kraton katresnan Panjenengané. Panjenengané mlebu menyang ngomah-ngomah, martakaké Injil ing ndalan, mulang ing papan-papan pangibadah, lan jejagongan marang wong-wong kang asipat pribadi. Panjenengané nggunakaké saben wewengan supaya bisa martakaké Injil Panjenengané ing sajroné pikiran wong akéh lan kanggo nyethakaké Prejanjian Lawas kanthi pepadang prejanjian anyar Panjenengané. Panjenengané ora mundur manawa ana pitakenan kang njiret, nanging ngalahaké panjiret iku kanthi kalimpatan kawicaksanan Roh Suci. Panjenengané martakaké kabar becik keselametan Panjenengané lan nimbali kabéh wong ing sajroné kraton Kasuwargan, martakaké karsana Rama Panjenengané kang dipratélakaké ing sajroné pakaryan Panjenenganipun ingkang ngandhut panguwasa. Kanthi kaélokan Panjenengané ingkang nggumunaké, Panjenenganipun mbuktekaké kayektosan timbalan Panjenenganipun, malah tiyang-tiyang ingkang mboten mangertos babagan panguwasané Allah ing jagat iki kang dipratélakaké ing sajroné Sang Kristus, lan katresnan lan kayektosan Allah kang dadi manungsa ing ngarepe wong-wong kang kuwawa ndeleng kanthi cara kasukman. Kempalan ageng tiyang ngrasosaken kawiwitanipun sadaya mangsa énggal lan kempal ing sakiwa tengahipun Gusti Yésus.

Sang Kristus banget nandhang sengsara ing sajroné pénggalih Panjenengané awit Panjenengané mirsani kathah panandang lan jalaran wong dadi dosa, panguripan dosa, anggoné ora ngreti, rusaké ekonomi, kahanan orang adil ing sajroné panindhesan. Gusti Yésus kanthi cara mligi prihatin atas iman ingkang ringkih, patunggalan kaliyan pikiran jagat, bombongan pribadi, kapanjingan roh ala, lan panguwasané pati atas kabéh manungsa. Sang Kristus ora ngedoh saka manungsa dosa, lan ora sengit wong kang lumawan dikaya kang ditindakaké déning sawetara tukang syair, lan filsuf. Panjenengané mirsani wong-wong kang ditindaké kaya ibu nyawang anaké kang lara lan ngrasa duwé welas kang gedhé. Yaiku sebabé Panjenengané ninggalaké suwarga, mati ing kayu salib lan dadi pantaran kanggo kita. Welas asih Sang Kristus iki hakikat saka manah Panjenengané.

Gusti Allah nresnani kita, senajan kita mlarat lan ilang ing donya iki, kaya wedhus kang kesasar lan diserang déning asu ajak, kaya-kaya kita ora duwé pangon. Nanging Sang Kristus iku Gusti Allah Pangon kita kang njangkung panjenengan, mirsané nalika panjenengan ing sajroné kangelan, ngrasakaké panandhang panjenengan lan énggal-énggal mitulungi panjenengan. Gusti Yésus wis nyethakaké marang para murid Panjenengané babagan kahanan manungsa kang upamané pakebonan kang wis kuning lan cemawis dipanen. Kangelan gedhé banget ing antarané bangsa iku kanthi mengkono ana kurang pangan kang gedhé tuwuh ing jiwa manungsa gegayutan kayektén, disiplin, lan kaujudan, lan jagat dadi cemawis kango disebari Injil. Lindu gedhé lan banjir ing jaman kita iki ndadekaké gonjang-ganding manungsa lan ngangekaké manungsa mau saka turu kanthi cara kasukmané. Nalika rasa ayem iku ilang mula akéh wong ngrasakaké bingung. Kita bener-bener kepranggul ing jaman kita iki anané gonjang –ganjingé moral kang luar biasa ngedap-edapi kang nempuh bangsa kita, saka ngendi-endi, ngrusak pakulinan becik kita lan ngilangi rasa ayem kita. Dadi wektuné wis cemawis kanggo panen ilahi, nalika manungsa mburu bobot urip kang anyar lan landhesan kang kuwat kanggo uripe. Para abdi Allah kuduné nyambut gawé dadi dadi abdi ing pategalané Allah. Pegawéan leladi iku pegawéan kang kudu dilakoni mengkono. Leladi iku pegawéan ngeneni, pegawéan kang banget déning penting, pegawéan kang prelu ditindakaké kanthi kabéh cara kang dadi jalaran ing titimangsané kanthi tegen lan pepak.

Ana ngendi para abdi Gusti kang duwé putusan kang gumathok, kang nindakaké kabéh pambudidaya kanggo mbangun wong-wong kang tiba lan mulang wong-wong mau kang ora ngerti kepiyé ngenthengaké kasusahan kasukmane?

Sang Kristus nimbali panjenengan supaya ndedonga lan nyuwun marang Gusti Allah kanthi tegen supaya ngutus ing jaman kita iki wong-wong pracaya kang nindakaké leladi keselametan saka Panjenengané. Donga iki yaiku tugas kang suci alandhesan dhawuh Sang Kristus. Sang Kristus ora mung pasrah marang leladi kang ngluwehi wates kamanungsan, nanging paring dhawuh supaya kita ndedonga marang Gusti kang kagungan undhuh-undhuhan, kanthi tegen, supaya Panjenengan bakal ngutus, ing jaman kita wong-wong kang nyambut gawé kang duwé kabisan lan setiya nglumpukaké panenan Panjenengané. Awit saka iku melu cawe-cawe ing sajroné pandonga supaya Gusti Allah ngutus para abdi Panjenengané menyang kutha utawa ndesa panjenengan uga. Apa panjenengan duwé sih kawelasan marang wong-wong kang lagi kesadar lan kepéngin supaya Gusti Allah ngapura wong-wong mau? Apa panjenengan rumangsa mesakaké marang bocah-bocah duraka kang ora tepun gustine? Ndedongaa marang Gusti supaya ngutus wong-wong kang nyambut gawé ing jaman kita, awit jaman iki yaiku jaman panen.

Inggih menika pakaryan Gusti Allah ngutus wong-wong kang nyambut gawé. Sang Kristus andadekaké kitga para abdi Panjenengané. Tugas iki yaiku dipilih déning Panjenengané syarat nindakaké pegawéan Panjenengané lan timbalan Panjenengané iku yaiku kanthi pangorbanan. Wong-wong ora bakal dibayar kaya abdi kang diopahi, “Lan kepriye anggoné padaha bisa aweh pawarta bab Panjenengané manawa padha ora kautus?” (Roma 10:15).

Apa panjenengan wong kang tinimbalan? Nyuwuna marang Gusti Allah mbuka kuping panjenengan supaya panjenengan bisa krungu tinimbalan Panjenengané kanthi mengkono Panjenengan bisa nuntun panjenengan ing sajroné leladi lan panjenengan bisa ngeneni akéh kanggo kaluhuran asma Panjenengané kang suci. Manawa panjenengan tinimbali, aja nungka utawa mangu-mangu. Nyuwuna marang Gusti paring kabisan nindakaké timbalan panjenengan inggih wekdal ingkang saé ugi wekdal ingkang awon.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula nyawisaken badan kula kanggé lelados ing pategilan Paduka. Menawi Paduka ningali kawula migunani kanggé Paduka. Agem kawula. Kawula ngakeni anggen kula mboten kasil lan mboten pantes medamel ngeneni. Paduka sucékaken kawula kanthi rah putra Paduka lan piranteni kawula kanthi panguwasos Sang Roh Suci Paduka. Paduka kintunaken kathah tiyang ingkang nyambut damel ing salebetipun pategilan Paduka, ing saindhengé negari kawula lan kebaki donya menika kanthi peladosan Paduka kanthi makaten kraton Paduka badhé énggal dumugi.

PITAKONAN

  1. Apa dhawuhé Gusti Yésus babagan sawijining prekara kang kudu kita suwun kanthi tegen marang Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)