Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 097 (Calling of the Twelve Disciples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)

2. Timbalan Murid Cacah Rola (Matéus 10:1-4)


MATTHEW 10:1-4
1 Gusti Yésus tumuli nimbali sakabate rolas sarta padha diparingi panguwasa nundhungi dhemit lan marasaké sarupaning lelara lan sarupaning memala. 2 Dené jenengé para rasul rolas mau mangkéné: Kang dhisi Simon kang karan Petrus, lan Andreas saduluré, Yakobus anaké Zebedheus, lan Yokanan saduluré, 3 Filipus lan Bartolomesus, Tomas lan Matéus juru mupubeya, Yakobus anaké Alfeus, lan Tadeus, 4 Simon wong Zelot lan Yudas Iskariot, kang ngulungaké Gusti Yésus.
(Markus 3:13-19; 6:7; Lukas 6:12-16; 9:1)

Sang Kristus paring dhawuh marang para murid Panjenengané sadurungé neguhaké para murid dadi para abdi Panjenengané. Para murid kudu ndedonga marang Gusti Allah supaya Panjenengané ngutus para wong kang nyambut gawé ana ing pategalan Panjenengané. Gusti nimbali panjenengan, sadurungé nindakaké apa-apa utawa gawé gerakan apa waé, kanggo ndedonga. Sapa waé kang ora ndedonga kanggo kang ilang, orang nresnani wong-wong iku, ora marani wong-wong iku, ora bisa dadi juru pawarto kanggo Sang Kristus. Talenta panjenengan utawa gelar panjenengan, ora bisa ndadekaké panjenengan nyukupi persaratan kanggo leladi Gusti. Mung donga kita, iman lan kawigaten kita waé, kang dadi jalaran keselametané wong akéh kang bakal miwiti kaujudané timbalan iku.

Nalika iku, Sang Kristus maringi wewengan 12 para murid itu mlebu ing mangsa pendadaran. Panjenengané pirsa apa kang ana ing sajroné atiné manungsa, lan senajana Panjenengané pirsa prekara iku, Panjenengané nggunakaké cara iki minangka dadi conto kanggo gereja Panjenengané.

Leladi kunjuk Gusti Yésus iku kapercayan kang gedhé. Cocok banget sawijining abdi kudu didadar sawetara wektu, sadurungé prekara iku dipitayakaké sawutuhé marang dhéwéke. Abdi iku kudu luwih dhisik didadar. Awit saka iku, aja kesusu numpangaké tangan atas sawijining abdi, awit “Dosané wong sawatara iku cetha banget, nganti kaya-kaya ndhisiki wong-wong mau menyang ing pengadilan, nanging dosané wong sawatara manéh lagi kacetha besuk (I timotius 5:22,24).

Sang Kristus nimbali para utusan Panjenengané saka ing antarané wong-wong kang wis mratobat atas pawarto Nabi Yokanan lan wong-wong kang wis ndhérék Gusti Yésus sukup suwé. Wong-wong wis ngrungokaké Panjenengané kotbah lan ndeleng Panjenengané marasaké uga nampa saka Panjenengané panguwasa kasukman. Sing sapa kepéngin nindakaké leladi kotbah tanpa ditimbali déning Sang Kristus, wong iku ménéhi wulangan kosong lan ngrugekaké awaké dhéwé uga gerejané dhéwé kanthi panemu kosong kang asale saka pikirané kang garing. Nanging sing sapa diutus déning Sang Kristus nampa panguwasa nuntun wong akéh marang pamratobat lan ati kang kaanyarake. Wong iku ora ngluhuraké jenengé dhéwé kanthi apa kang ditindakaké, lan ngaturaké kabéh kaluhuran kunjuk Sang Juru selamete Gusti Yésus Kristus, kang wis wungu saka séda, kang makarya lumantar wong iku minangka abdi Panjenengané kaya-kaya gusti Yésus piyambak rawuh lumantar wong iku.Para rasul marasaké wong lara, nangekaké wong mati lan nundhung roh-roh ala, ora kanthi panguwasa dhéwé, nanging ing sajroné asma Sang Kristus kang gesang.

Wadi anggoné kasil ing sajroné Para Rasul ditemokaké ing sajroné katarangan gegayutan timbalan Sang Kristus. Dadaren awak panjenengan dhéwé. Apa panjenengan temen-temen ditimbali déning Sang Kristus supaya leladi Panjenengané utawa panjenengan kepéngin leladi awit panjenengan ora bisa nguwasani pagawéan liyane? Sing waspada, awit gusti ora kepareng marang wong-wong kang mlebu ing sajroné jagating leladi kamangka sejatiné ora ditimbali. Dndeonga supaya panjenengan nampani tuntunan lan timbalan saka gusti, awit penenan panjeng akéh, nanging kang nyambut gawé sethitik. Ndedongaa marang Gusti kang kagungan panenan, saiki, kanthi iman, supaya Panjenegané ngutus wong kang nyambut gawé ing pategalan Panjenengané. Sang Kristus yaiku Raja kang ngawasi krajan Panjenengané. Panjenengané milih utusan lan ngutus para duta selaras karo rancangan Panjenengané. Panjenengané ndadar para utusan mau, ora kanthi cara manungsa, nanging kanthi kawicaksanan kang luwih-luwih saka lumrahe. Panjenengané , kang disawang ngedap-edapi déning jagat, ana ngarsané Gusti Allah iku asor, lan gusti Allah bakal nyawisaké wong-wong kang katon lugu kanthi panguwasa ilahi Panjenengané.

Para murid Sang Kristus asale ora saka wong-wong kang duwé pendidikan utawa duwé budaya dhuwur. Para muride Sang Kristus padha karo wong-wong liyané. Sawetara ing antarané para murid iku juru amek iwak kang pengalaman kanthi rekasa lan kesel nyambut gawé abot ing tengahé ombak lan bebaya segara jembar ing urip kang nyata. Kita wis nampa panganan kasukman saka panguwasa Sang Kristus lumantar para murid Panjenengané nganti dina iki awit para murid wis nggawa Injil lan panguwasa Panjenengané ing saindhengé jagat. Kita wis diselametaké minangka kasil saka anggoné leladi para murid lan urip kanthi paseksen lan pangorbanané.

Para murid iku bebarengan karo Sang Kristus dadi wong kang lagi sinau, lan Gusti Yésus mulang para murid kanthi cara pribadi, kajaba para murid uga ngrungokaké Gusti Yésus mulang wong akéh. Panjenengané nyethakaké isi kitab suci marang wong-wong lan ngengakaké pangerténé supaya bisa ngerti isining kitab suci. Marang para murid diparing pangertén gegayutan wadi kratoning Suwarga, lan kanggoné para murid prekara iku dadi cetha.

Sing sapa gelem dadi guru kudu luwih dhisik dadi murid. Wong-wong kudu nampa supaya bisa ménéhi. Injil kudu dikuwataké ing sajroné ati wong-wong mau, sadurungé wong-wong mau ditugasé leladi Injil. Ménéhi hak supaya mulang wong liya kanggoné wong, kang ora duwé kabisan, iku ngréméhaké Gusti Allah lan gereja. Iku kaya “ngutus piweling kanthi pantara wong kang bodho” (Wulang Bebasan 26:6). Sang Kristus mulang para murid Panjenengané sadurung Panjenengané ngutus para murid. Para juru kotbah iku diutus senajan kanthi panemuné wong njaba para murid iku ora pantes di wenehi tugas iku. Para murid ora wong sugih, utawa wong sekolahan, utawa duwé gelar lan pikurmatan, lan blegeré para murid ora ndudut ati. Awit saka iku dibutuhaké banget kanggoné para murid panguwasa kang ora kanalar kang agawé para mruid ngluwihi para ahli Torét kang ana.

Manawa kita nggatekaké jeneng-jeneng para murid lan sesambungané para murid karo Gusti Yésus, kita nemokaké telu bunderan kang antarané bunderan siji karo bunderan liyané ana sambungané. Kang kawitan yaiku anggoné milih 4 jeneng kang banget déning cerak karo Gusti Yésus, kang ditepungaké Panjenengané marang wadi kasukman lan wadi ati Panjenengané. Kang kaping pindho yaiku kelompok papat murid kang kita ngreti patrape lan pakulinané. Uga Matéus nggolongaké awaké ing kené lan nyebut awaké juru mupu beya. Kelompok kaping telu yaiku kang adoh dhéwé saka titik punjer, ana wong papat kang ora pati misuwur, lan saka Kitab Suci, mung kita ngreti jenengé waé, kajaba Yudas Iskariot, kang mbalela iku. Ngandhut kawicaksanan ing sajroné nimbali 12 uwong iku, awit jeneng iku nglambangaké papat kaping telu, nuduhaké marang kamanunggalan antarané suwarga karo jagat. Sang Kristus tansah nuntun rolas jeneng murid Panjenengnae ing ati Panjenengané dikaya Imam Agung nuntun 12 taler bangsané ing sawijining plakat ing dadané. Dadi, Sang Kristus nggawa jeneng panjenengan uga ing wektu iki. Manawa ati panjenengan wis dijur lan sebanjuré dipulihaké, Gusti bakal ngutus panjenengan menyang Pategalan Panjenengané.

Yudas Iskariot tansah disebutaké pungkasan lan kanthi sesebutan kang peteng ing jenengé mburi, “Kang ngulungaké Panjenengane”. Iki nuduhaké yén wiwit wiwitan Sang Kristus wis pirsa kayangapa atiné Yudas sing wis bengkong lan Yudas tundhoné dadi wong kang ngulungaké Panjenengane! Nanging Sang Kristus andadekaké salah siji saka murid Panjenengané kanthi mengkono ora prelu gereja Panjenengané dadi kagét, manawa, ing sawijining wektu, sawijing lelakon kang nggegirisi bisa timbul ing kelompok masyarakat kang banget kinurmatan. Titik kang kaya mengkono ana ing sajroné kelompok kita, alang-alang ing antarané gandum lan asu ajag ing antarané wedhus. Nanging ana dina ing titiwanciné bakal kawiyak lan bakal dumadi dipisahaké, wong-wong kang lelamisan bakal kawiyak lan ditinggalake. Panguwasa saka para rasul ora bakal kurang mung awit Yudas ana ing kono. Sawetara tumindak ala kasingitan saka mripate para mruid kang liyané Gusti Yésus pirsa yén Yudas bakal ngulungaké Panjenengané.

Kanggoné Sang Kristus, Panjenengané nawani Yudas timbalan Ilahi supaya leladi Panjenengané. Panjenengané makaping-kaping maringé wewengan satru Panjenengané iki bisa ninggalaké patrap alané eling lan mratobat saka dosa-dosané. Iki nuduhaké yén Sang Kristus nresnani kabéh manungsa malah wong-wong kang duwé karep ala marang Panjenengané lan lagi ngenténi wewengan kanggo nyedani Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Rama Kasuwargan, matur nuwun awit Paduka nimbali kawula lumantar Injil ing salebetipun Paduka ngangkat putra, nyucékaké manah kawula kanthi rah Sang Kristus lan ngalimputi kawula kanthi katresnan Sang Roh Suci. Timbalan Gusti Yésus andadosaken kawula ningali tiyang-tiyang ingkang ical. Putra Paduka nuntun kawula lumantar donga syafaat Panjenenganipun ing salebeting pangibadah kawula. Awit saking menika kawula nyuwun tuntunan Sang Roh Suci Paduka. Paduka paringi kawicaksanan, pembangun turut, panguwaos lan katresnan ingkang tanpa mandheg dhumateng sadaya utusan Paduka, ing jagat menika kanthi makaten kawula saget sesarengan nglempakaké panenen ing salebetipun Gusti Yésus.

PITAKONAN

  1. Apa panguwasa kang diparingaké Gusti Yésus marang para muridé Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 07:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)