Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 095 (Two Blind Men and a Dumb Man Healed)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

11. Wong Wuta Cacah Loro lan Wong Bisa Disarasaké (Matéus 9:27-34)


MATÉUS 9:32-34
32 Saunduré wong-wong mau banjur ana wong bisa kapanjingan dhemit kang disowanaké ing ngarsané. 33 Bareng dhemite wus ditundhung, kang bisa mau bisa caturan. Wong-wong padha kaéraman kabéh, pangucape: “Kang kaya mangkono iku durung tau kalakon ana ing tanah Israél.” 34 Nanging ujar para wong Farisi: “Anggoné nundhungi dhemit iku kanthi panguwasané panggedhéning para dhemit”.
(Matéus 12:24-32)

Ora suwé sakwisé nyarasaké wong wuta loro, Gusti Yésus ketemu karo wong bisa kang kapanjingan sétan kang digawa déning sawetara wong pracaya marang Panjenengané. Bisa uga wong iku bisa awit dhéwéké ing uripe golék pitulungan kanthi sesambungan karo roh-roh ngramal.

Gatekna kaya ngapa Sang Kristus ora duwé rasa sayah ing sajroné nindakaké patrap kang becik. Kaya apa ceraké antarané tumindak becik karo tumindak becik liyané. Bandha sih rahmat, rahmat kang élok, ana ing sajroné Panjenengané kang tansah diparingaké, nanging ora bakal tau bisa enték.

Wong iki dikuwasani déning sétan, kanthi mengkono dhéwéké ora bisa ngomong. Gatekna kisruh kang ana ing jagat iki, lan kaya apa akéhé kangelan saka wong-wong kang ana ing sajroné kahanan kang angel iku! Sang Kristus lagi waé nguwalaké wong wuta loro, diwarasaké, Panjenengané banjur ketemu karo wong bisu. Kaya ngapa kita ngaturaké panuwun marang Gusti Allah atas kabisan kita ndeleng lan bisa ngomong! Delengen patrap ala Iblis marang manungsa, lan kaya apa akéhé cara iblis iku anggoné tumindak ala. Nalika roh ala bisa nguwasani uwong, mula uwong iku bakal dadi bisu kanggo kabéh kabecikan.

Wong kang apes iki digawa marang Sang Kristus, kang nampa ora mung wong-wong kang teka dhéwé karo imané nanging uga wong-wong kang digawa marang Panjenengané déning mitra kang duwé iman kanggo wong-wong kang mengkono iku.

Nalika ana wong pracaya utawa gereja nampa roh jaman iki, teologia liberal, utawa gagasan kadonyan kang nggedhékaké awaké, paseksen bab juru selamete bakal kapungkasi. Nalika kita maca layang kabar, buku-buku moderen lan panemu filsafat luwih saka kita anggegilut pangandikané Allah, kita ora prelu gumun manawa roh-roh iku sebanjuré nguwasani pikiran kita. Roh Sang Kristus ngersakaké dadi punjering urip kita kanthi cara kita anggegilut pangandikan Panjenengané. Yaiku sebabé panjenengan kudu bisa mbedakaké roh lan waspada. Teluk marang roh apa waé kajaba Roh sang Kristus bakal ngrusak katresnan panjenengan marang Sang Kristus.

Panyuwun kang golong gilik ing sajroné iman saka wong-wong pracaya kang nggawa wong kang kepanjingan dhemit iku ndadekaké keparengipun sang Kristus marasaké wong bisu iku. Awit saka iku Panjenengané nundhung roh ala saka wong iku lan nguwalaké cancangan kang agawé ilate kaku. Nalika donga kang tegen diunjukaké saka gereja panjenengané Sang Kristus bakal agawé ilat warga gereja lan masyarakat panjenengan ora dadi kaku ilate. Panjenengané nundhung roh-roh moderen, gumunggung lan mentingaké awak dhéwé, kanthi mengkono sakabéhé bakal ménéhi paseksen babgan gusti Yésus kanthi cetha lan patuladan ing sajroné tata laku. Nempela marang Gusti Yésus lan aja tau ninggalaké Panjenengané kanthi mengkono Panjenengané bakal nyarasaké wong bisu ing jaman kita lan agawé wong-wong mau suci ing sajroné panebusan Sang Kristus.

Sawetara wong duwé panemu yén wong bisu iku kaya kewan, nanging pikiran kang mengkono iku keliru. Wong iku padha karo kita, uga ditimbali ing sajroné kaselametan ing sajroné Sang Kristus. Ing sajroné Sang Kristus, ora ana patrap mbedak-mbedakaké, kabéh padha. Awit saka iku, kita kudu nggatekaké wong-wong lan ngajeni wong-wong iku dikaya Sang Kristus mirsané wong-wong mau lan kanthi tulus nresnani wong-wong mengkono iku.

Aja gumun babagan akibat kang lelawanan marang apa kang wis ditindakaké déning Sang Kristus. Wong-wong kang tulus ngluhuraké Sang Kristus awit Panjenengané wis nyuceni wong-wong pracaya lan mratélakaké panguwasa Panjenengané marang wong-wong mau. Nanging para juru mulang ing masyarakat lan para teolog nesu banget, awit tanpa juru mulang lan para teolog iku, wong ngrasakaké kewangun kasukmané lan nampani pitulungan kanthi cara kang ora padha karo wulangan tradisi juru mulang lan teolog iku. Para juru mulang lan para teolog iku nesu lan kandha yén Gusti Yésus iku panggedhéning para sétan. Dadi, rasa sengit lan ngigit-igit saka para ahli Taurat iku dadi jalaran wong-wong iku kelangan mripat kasukané ing sajroné nyawang kaélokan kang dumadi.

Wong-wong kang nampik Kitab suci nuduhaké yén bab 9 Injil Matéus nulis ceritané wong kang bisu kang kerasukan, bajur ing sajroné bab 10 dicethakaké gegayutan karo anggoné maringi panguwasa marang para murid kanggo nundhung roh-roh ala lan marasaké wong-wong lara, uga para murid diutus supaya nindakaké kaélokan. Banjur lelakon Gusti Yésus diluhuraké lagi ditulis ing sajroné bab 17. Lukas, malah, nulis bab anggoné maringi panguwasa marang para murid supaya nindakaké kaélokan ing sajroné bab 9, banjur lelakon Gusti Yésus diluhuraké, lan sebanjuré ing sajroné bab 10 lan bab 11 Lukas nerangaké bab sawetara kaélokan liyané. Sakwisé iku Lukas nyekeksaké sesambungan kaélokan anggoné marasaké wong bisu kang kepanjingan. Manawa kita mbandhingaké kitab loro iki, kita ora nemokaké keselarasan ing sajroné urutan lelakon.

Kita bisa ménéhi wangsulan yén salah siji kang nulis Injil ngunderaké kawigatené kanthi cara kang mligi marang kaélokan kang ditindakaké Sang Kristus kanggo wong-wong Yahudi. Dhéwéké nyebutaké prekara iku luwih dhisik lan nungka anggoné nulis piwulange, kaya kang ditindakaké Matéus. Kang nulis Injil kang liyané nulisaké piwulang lan khotbah Ilahi sadurungé kaélokan. Senajana mengkono, Sang Kristus nindakaké kaélokan kang akéh sadurungé lan sakwisé Panjenengané diluhuraké lan nundhung roh-roh ala ora mung ing sajroné wong bisu kang kapanjingan iku. Panjenengan ora bisa nemokaké kabéh kaélokan kang ditindakaké Sang Kristus ing saben Injil, awit kitabe bakal dadi kandel banget manawa mangkono.

PANDONGA: Dhuh Rama kang kebak rahmat, Paduka penuhi kawula kanthi roh Suci Paduka, kanthi makaten kawula saget ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, kanthi atur ingkang saget dipun mangertos awit nugraha pamireng lan wicanten kawula. Tebihaken saking kawula roh-roh awon kanthi makaten kawula saget ngaturaken dhumateng jagat menika paseksen kang cetha babagan Gusti Yésus Kristus, Juru wilujeng kawula kang gesang. Sarasaken tiyang kathah ingkang kapanjingan roh ateisme lan pikiran apur-apus lan ugi anggenipun sampun njegur ing tukang ramal lan roh-roh awon. Matur nuwun menawi gusti Yésus sampun nyarasaké tiyang bisu nalika semanten, kados dené ingkang badhé Paduka tindakaken dhumateng tiyang-tiyang ingkang kawula tuntun dhumateng Paduka dinten menika.

PITAKONAN

  1. Apa ta maknané saka anggoné waras wong bisu kan kapanjingan iku?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matius ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Apa sebabé Sang Kristus ora marengaké kita ngukumi wong-wong liya?
  2. Kepiyé kita kudu ngasihi lan ngladeni wong-wong kang ora gelem ngrungokaké pangandikané Allah?
  3. Apa sebabé Gusti Yésus dhawuh marang kita supaya kita tansah ndedonga kanthi tegen?
  4. Apa kang dadi wadi saka prenatan emas?
  5. Apa sebabé lawang lan dalan tumuju marang Sang Rama kita ing suwarga ciyut?
  6. Sapa ta tukang ngapusi iku?
  7. Sapa ta kang bakal mlebu suwarga?
  8. Apa kang dadi landhesan kang kuwat kanggo panguripan panjenengan?
  9. Apa sebabé Matéus nyethakaké warasé wong budhugen iki dadi kang kawitan saka mujijate Sang Kristus?
  10. Apa sebabé iman opsir mau kawestanan mingka iman kang gedhé?
  11. Apa maknané kang kakandhut ing sajroné warasé ibu mara tuwané Petrus?
  12. Nganti kaya ngapa Yésus tetep miskin ananing cukup?
  13. Apa sebabé gusti Yésus nyegah nonoman iku nekani panguburané bapake?
  14. Apa sebabé Gusti Yésus ndukani para murid ing tengahing bebaya iku?
  15. Apa kang panjenengan sinau saka anggoné gusti Yésus nguwalaké wong kang kapanjingan roh-roh ala ing sabrangé tlaga Tiberias iki?
  16. Kepiyé anggoné Gusti Yésus ngapura dosa wong kang lumpuh iku?
  17. Apa makna saka timbalané Sang Kristus marang Matéus?
  18. Sapa ta mitra lan penganten wanita lan kepiyé mitra lan penganten wanita iku nglakoni uripe?
  19. Apa sebabé mokal kanggo nglebokaké anggur anyar Injil ing sajroné kirbat lawas saka paugeran?
  20. Kepiyé gusti Yésus nangekaké bocah wadon iku manut tulisan Matéus?
  21. Apa kengkeran ing sajroné nyarasaké wong wuta loro iku?
  22. Apa ta maknané saka anggoné waras wong bisu kan kapanjingan iku?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 03:13 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)