Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 090 (The Calling of Matthew)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

8. Timbalané Matéus, sang Juru Mupu Bea (Matéus 9:9-13)


MATÉUS 9:9-13
9 Bareng Gusti Yésus nglajengaké tindaké, banjur mirsa wong kang jenengé Matéus linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani: “Melua Aku!” Matéus banjur ngadeg lan ndhérékaké Panjenengané. 10 Kacarita nalika Gusti Yésus lenggah dhahar ana ing omahe, ana juru mupu beya akéh lan wong-wong dosa kang padha tekan ndhérék dhahar kalawan Gusti Yésus dalasan para sakabate. 11 Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagené gurumu kok mangan bebarengan karo juru mpu beya lan wong dosa? 12 Gusti Yésus mireng, nuli ngandaika: “wong waras iku ora butuh dhuku, sing butuh iku wong sing lara. 13 Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sukarsakaké iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”
(Hoséa 6:6; Matéus 10:3; Markus 2:13-17; Lukas 5:27-32)

Matéus ménéhi bukti babagan prekara kang penting ing uripe, kang disebutaké ing Injil kang irah-irahé nampani pangapura. Matéus nuduhaké owah-owahan ing uripe sakwisé lelakon anggoné diwarasaké wong lumpuh iku, kahanané awaké luwih ala tinimbang karo wong sing lara kang dosa iku. Juru mupu beya nggambaraké wong kang kebak kajuligan, apus-apus, ora adil, tumindak piala, dadi tangan tengené pemerintah kang njajah bangsa. Juru mupu beya dipadhakaké karo wong kang laku jina, maling lan wong kang gawé raja pati kang dilaknat déning paugeran. Gusti Yésus nalika nimbali Matéus, juru mupu beya supaya ndhérék Panjenengané ngowahi uripe sawutuhé lan yasa dhéwéké dadi murid Panjenengané kang sah ing bumi lan ing suwarga. Lelakon iki nuduhaké yén Gusti Yésus kagungan karsa lan kabisan nyucékaké malah wong dosa kang ala pisan. Sih Panjenengané uga kalebu awak panjenengan ing sajroné niat panjenengan atas dosa lan sebanjuré merdikaaké panjenengan sawutuhé saka dosa iku.

Kita ora nemokaké wacan yén Matéus nggoléki Sang Kristus, utawa duwé pepeinginan ndhérék Panjenengané senajana sawetara sedulur-seduluré mbok menawa ana kang tau krungu babagan Sang Kristus. Nanging Sang Kristus ngesokaké marang dhéwéké berkah ing sajroné kabecikan Panjenengané. Sang Kristus ngandika luwih dhisik nimbali Matéus lan ngandika marang Panjenengané “Melua Aku”, lan panguwasané Allah kang padha, panguwasa kang mahaluhur kang padha nganthi sabda iki kanggo nglebokaké urip langgeng ing sajroné uripe Matéus, kang ngrungokaké sabda iku, “Ngadega lan lumakua!”, dikaya pangandikan marang wong kang lumpuh iku.

Sang Kristus nggarap owah-owahan kang nylametaké ing sajroné nyawa, lan pangandikan Panjenengané iku sarana kang diagem Panjenengané. Injil Panjenengané iku “Panguwasa Allah kang nylametake” (Roma 1:16).

“Melua Aku”, iku panah Sang Kristus, kang ngantem lan nembus atiné Matéus. Jenengé sadurungé iku yaiku “lewi” lan sebanjuré dadi “Matéus, nugraha saka Allah”. Sabda kang nitahaké saka tutuk Sang Kristus luwih kuwasa tinimbang karo ewon buku manungsa kang ora ana tegesé. Saka pangandikan kang ora ana bandhingané iki, Injil Matéus disebaraké, saka juru mupu beya kang kulina nyatet kasunyatan kanthi teliti. Dhéwéké iku murid kang nguwasani sawetara basa. Dhéwéké leladi Gusti Yésus lumanta pisungsung saka apa kang dadi darbeke. Jenengé ing sajroné Injil iki mung metu sepisan yaiku ing sajroné lelakon iki, sawetara dhéwéké nyethakaké kanthi gamblang, jeneng, pakaryan lan pangandikané Sang Kristus kang ngadhut panguwasa.

Matéus seneng banget krungu timbalan Sang Kristus kanthi mengkono dhéwéké gawé pista ing ngomahé kanggo Gusti Yésus, dhéwéké uga ngulemi kabéh wong kang kepéngin nindakaké apa kang dikersakaké Gusti Allah. Ing antarané tamu kang teka ana kang maling, tukang ngapusi, kang laku jino lan wong-wong saka golongan asor. Wong-wong mau nyawang Sang Krtistus, yaiku sang pepadhang jagat iki kanthi permati, ngrungokaké pangandikané kang kebak sih rahmat lan nampa panglipuran Panjenengané kang mrasuk jeroné ati kang jero. Wiwit dhéwéké ndhérék Sang Kristus, Matéus dadi abdi lan rasul.

Wong-wong kang rumangsas bener lan duwé pendidikan uga wong-wong kang ngomong gegayutan kayekténé dhéwé ora ngakoni nugraha saka Sang Kristus. Atiné dadi wangkot. Wong-wong ngapusi awaké dhéwé lan duwé pikiran yén awaké becik ing sajroné iman lan nguwasani wahyu prasetyané Allah. Kasunyatané wong-wong mau lara kanthi cara kasukman. Wong-wong iku lara kang dosa bakal dadi sehat manawa mratobat lan sowan marang Sang Kristus. Nanging sing sapa kang lega karo awaké dhéwé bakal tiba ing njeroné neraka. Apa kang panjenengan pénggalih gegayutan awak panjenengan dhéwé? Apa panjenengan iku wong apik apa wong ala?

Timbalan Sang Kristus marang Matéus terus dumadi, awit Matéus nanggapi timbalan itu kanthi cepet. “Matéus banjur ngadeg lan ndhérékaké Panjenengane”. Dhéwéké ora nyelaki, lan ora nunda anggoné mbangun turut atas timbalan iku. Panguwasané nugraha ilahi banjur njawab lan ngalahaké kabéh kabotan. Ora ana kang nahan Matéus, iya kalungguhané uga kauntungan kang digayuh, nalika Sang Kristus nimbali dhéwéke. Matéus ora rungingan dhisik karo sanak keluwargané. Dhéwéké banjur ninggalaké papan pegawéané lan pengarep-arepe kanggo urip kang luwih becik. Senajana dhéwéké nyawan yén para murid kang liyané uga tukang amek iwak kang makaping-kaping bali golék iwak, nanging ora tau pisan-pisan kita ngerti Matéus bali dadi juru mupu beya.

Sakwisé matéus nampa timbalan lan ndhérék Sang Kristus, dhéwéké ngulemi Gusti Yésus menyang omahé bebarengan karo para juru mupu beya lan wong-wong dosa liyané. Tujuan Matéus yaiku kanggo nyambungaké kanca-kanca lawasé karo Sang Kristus. Dhéwéké ngerti saka pengalamané babagan apa kang bisa ditindakaké sesambungan karo nugraha Sang Kristus, lan nulungi supaya para mitrané kuwi ora kelangan pengarep-arep.

Wong-wong kang wis ditimbali déning Sang Kristus, ora bakal ora duwé pepinginan yén wong-wong liyané uga bisa dituntun marang Panjenengané lan kepéngin nindakaké prekara iku kango diwujudake. Nugraha kang bener ora bakal kanthi ayem mangan bageané dhéwé, nanging bakal ngajak wong-wong liyané uga.

Sang Kristus karo anggoné cecedhakan karo para juru mupu beya uga wong-wong dosa ndadekaké muring-muringé wong-wong Farisi. Anggoné cerak karo wong-wong ala iku sawijining panerak marang paugeran Allah (Jabur 119:115). Bisa uga kanthi ndakwa Sang Kristus sesambungan karo prekara iki ing ngarepe para murid Panjenengané wong-wong Farisi duwé pengarep-arep para murid bakal ngedohi Gusti Yésus, agawé Panjenengané ora disenengi lan awis saka iku agawé awaké luwih disenengi lan duwé akéh murid, awit wong-wong iku srawung karo wong-wong becik, awit wong-wong mau “mlaku ing daratan lan lautan kanggo menangaké wong siji”

Gusti Yésus nggawa owah-owahan gedhé ing sawijining watonan kang asipat agama, awit Panjenengané nyebutaké wong-wong kang dibobot mursid lan mbangun turut dadi wong-wong kang bakal cilaka ing sapérangan, lan pérangan liyané nimbali wong-wong dosa kang mratobat minangka wong-wong dosa kang diberkahi. Sing sapa duwé panemu awaké iku wong bener lan ditampa déning Allah lan manungsa yaiku wong-wong kang bener-bener dosa, nanging sing sapa rumangsa isin babagan pialané lan ngakoni nyenengaké Gusti Allah lan ditampa déning Panjenengané. Wong iku bakal krungu lan nanggapi timbalan Sang Kristus, “Melua Aku”

Wong kang nampik Kitab suci Kitab suci ora bisa nampa saka apa kang ditulis ing Matéus 9:9 kang kandha yén wong kang ditimbali déning Sang Kristus saka pakaryan juru mupu beya yaiku Matius. Ing sajroné Markus 2:14 wong iku jenengé Lewi anaké Alfeus, lan ing sajroné Lukas 5:27 jenengé mung disebut Lewi waé.

Kahanan ing ngendi wong iku ditimbali, dikaya kang disebutaké déning saben kang nulis Injil, nuduhaké yén wong iku yaiku wong kang padha. Saben Injil nyebutaké lungguh ing papan mupu beya lan yén Sang Kristus nimbali wong iku supaya ndhérék Panjenengané.

Sawijining pakulinan jaman semana duwé jeneng loro, jeneng semitis lan jeneng Yunani. Mengkono uga, Petrus diarani Kefas. Uga kita kelingan yén ana wong nggenti jenengé manawa wong iku pindah saka sawijining kahanan marang kahanan kang liyané (upamané ganti agama) dadi tandha anggoné nyingkur kahanan kang lawas.

Sawetara para priyayi kang nulis Injil nyebutaké jenengé waé tanpa nyebutakaké jenengé bapaké, awit jaman semana babagan pagawéané lan kahanan tartamtu, awit dhéwéké lagi lungguh ing papan juru mupu beya, lan iku wis dianggep cukup. Puji Gusti Matéus ndhérék timbalané gusti lan Kang andarbeki dhéwéke.

PANDONGA: Dhuh kanjeng Rama ing Suwarga, kula tiyang awon lan sadaya dosa kula Paduka sampun pirsa. Kula ngaturaken gunging panuwun awit timbalanan Putra Paduka dhumateng kula. Paduka mboten nampik kula. Paduka sucékaké kula saking sadaya dosa, watek gumunggung lan kajuligan supados kula mboten nuruti kekajengan kula kang lami, nanging dados tiyang ingkang dipun énggalaken ingkang wonten sambung rapetipun lan manunggal kaliyan Putra Paduka Gusti Yésus lan leladi katresnan Paduka ing salaminipun, sesarengan kaliyan sedhérék-sedhérék dosa ingkang sampun mretobat.

PITAKONAN

  1. Apa makna saka timbalané Sang Kristus marang Matéus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 03:01 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)