Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 089 (Christ’s Authority)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

7. Panguwasa lan Kawenangan Sang Kristus kanggo ngapura lan marasaké (Matéus 9:1-8)


MATÉUS 9:1-8
1 Gusti Yésus tumuli minggah ing prau banjur nyabrang lan rawuh ing kutha palerebané. 2 Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanaké menyang ing ngarsané. Bareng Gusti Yésus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.” 3 Lah tumuli ana ahli torét sawatara sing padha ngunandika: “ Wong iku nyenyamah Gusti Allah.” 4 Nanging Gusti Yésus mirsa kang dadi panggraitané wong-wong mau, mulané banjur ngandika: “Yagené kowé padha duwé panggraita kang ala ana ing adimu. 5 Gampang endi kandha: dosamu wus diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua? 6 Nanging supaya kowé padha sumurup, yén Putraning Manungsa duwé panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki,”-banjur ngandika marang kang lumpuh-“Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”! 7 Wongé iya banjur ngadeg lan mulih. 8 wong akéh bareng padha ndeleng bab iku, padha wedi lan banjur padha ngluhuraké Gusti Allah, kang wus paring panguwasa nganti samono marang manungsa.
(Pangentasan 34:6-7; Jabur 103:3; Markus 2:1-12; Lukas 5:17-26)

Sang Kristus menang atas penyakit, donya lan roh-roh ala. Panjenengané uga duwé panguwasa ngapura dosa. Ing sajroné lelakon-lelakon ndhisik, kita nemokaké yén dosa, umume kang dadi jalaran saka lelara, rerusuh lan pati, awit dosa misahaké kita saka Gusti Allah lan misahaké saka tentrem rahayu Panjenengané. Sing sapa urip adoh Gusti Allah patrap mangkono iku kliru. Paulus, Sang Rasul, nyethakaké yén manungsa wis tiba ing sajroné dosa lan kelangan kamulyani Allah (Roma 3:23).

Sang Kristus nggatekaké wong-wong kang nalangsa telenging atiné lan wong-wong lara ing ngarsa Panjenengané. Panjenengané ora bisa nyarasaké wong-wong iku sadurungé Panjenengané ngapura dosané nanging Panjenengané ora bakal ngapura dosa sadurungé wong dosa iku dhéwé mbuka awaké kanggo anggoné kapulihaké kanthi sempurna. Panjenengané mirsani iman saka wong papat kang dadi mitrané wong lara kang nggawa ing ngarsané iku. Anggoné nggawa kanthi mbongkar wuwungan omah, sebanjuré ngudhunaké wong iku ing ngarsa Panjenengané. Wong kang lara iku duwé keyakinan kaya wong-wong kang nggawa sowan ing ngarsané Panjenengané. Gusti Yésus ngandika marang wong iku gegayutan karo iman kapiyandelané ngapura dosané kanthi pangandikan kang kebak panguwasa nyucékaké wong iku saka kaluputané. Gusti Yésus ing sajroné panguwasa saka Gusti Allah duwé panguwasa kanggo ngapura dosa. Wong kang luput iku dadi ora luput lan dadi putrané Allah déning sih rahmat.

Sang Kristus dhawuh marang wong kang lara iku supaya paturoné diangkat, kanggo nuduhaké yén wong iku pancen bener-bener disarasaké, lan wong iku ora prelu manéh dipikul nganggo papan paturoné nanging wong iku malah kuwat ngangkat paturoné. Gusti Yésus dhawuh marang wong iku mulih, supaya dadi berkah kanggo keluwargané kang wis suwé nyangga momotan nalika dhéwéké lumpuh. Gusti Yésus ora mameraké wong kan wis waras iku kango nuduhaké anggoné ngedap-edapi, kaya kang asring ditindakaké wong-wong kang golék pikurmatan.

Kaya ngapa gedhéné sihé Sang Kristus cetha banget ing sajroné anggoné ngapura dosa. Apa bisa Sang Kristus merdikaaké panjenengan saka kabéh dosa panjenengan kanthi pangandikan Panjenengane? Jawaban atas pitakonan iki luwih penting kanggo urip panjenengan tinimbang karo kabéh diploma, gelar utawa biji ujian panjenengan. Supaya duwé pepesthen babgan pangapura dosa panjenengan, panjenengan sowan marang Sang Kristus kang disalib, kang ngresiki kabéh dosa panjenengan lan séda dadi korban karukunan nggenteni panjenengan. Sing sapa pracaya marang Panjenengané dibeneraké, lan sing sapa mbuka awaké marang sih Panjenengané bakal ngrasakaké keselametan ing sajroné atiné.

Nalika Sang Kristus ngapura dosa wong kang lumpuh ing ngarsané para ahli Torét rumangsa runtik atiné atas apa kang dingandikaaké Panjenengané dadi nesu lan ndakwa Panjenengané nyenyamah Gusti Allah. Ahli torét iku ora pracaya marang kalungguhan Panjenengané minangka Allah lan wong-wong mau duwé panemu Panjenengané nerak paugeran kang pantes di rajam. Sang Kristus banjur pirsa apa kang ana ing sajroné pikiran wong-wong mau. Panjenengané kagungan kawruh kang sempurna babagan apa waé kang kita pikiraké lan kita kandhakaké ing sajroné ati kita. Pikiran iku wadi lan mung satléraman, nanging tinarbuka blak tumrap Sang Kristus, pangandikan kang langgeng iku. lan Panjenengané pirsa malah saka kadohan pisan. Sebanjuré Sang Kristus ora mratélakaké marang ahli torét mau yén Panjenengané iku Putra Allah kang Maha kuwasa. Panjenengané mestani sarirané “Putra Manungsa”, supaya ahli torét mau wiwit duwé pikiran bab panjenengané kaélokan kang agung dhéwé. Daniel 7:13-14, nyethakaké yén Putra Manungsa iku Hakim kang langgeng lan Gusti jagat raya, kang kanthi ngawur didakwa déning para ahli torét.

Sang Kristus ora nampik satru Panjenengané nanging mbuktekaké marang para satru yén Putra Manungsa kagungan hak lan panguwasa ngapura dosa, yaiku kanthi mratélakaké yén wong kang lumpuh iku diwarasake. Nalika Sang Kristus mirsani marang wong kang lara iku, ada kasekten kang metu saka pangandikan Panjenengané kang asipat Allah lan mlebu ing sajroné awak sing lara lan sing lara iku banjur ngrasakaké kepenak lan karubah dadi waras. Wong lumpuh mau mlumpat, mlayu lan nggawa papan paturoné kang dadi lambang panguwasané Sang Kristus.

Mangga kita nuntun wong liya marang Sang Kristus supaya Panjenengané njangkung wong-wong mau, ngapura lan marasaké kang lumpuh kasukmané. Kanthi mengkono panguwasa saka kang sinalib iku bisa nangekaké kita ing sajroné urip kang kebak semangat lan leladi, uga kita bisa leladi Priyayi Nazaret iku kanthi nyesekaké kaagungan panguwasa Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh kanjeng Rama, kawula ngluhuraken Paduka, awit Putra Paduka sampun ngapunten dosa kawula lan nyirnakaké sadayanipun lumantar séda Panjenenganipun ing kajeng Salib. Kawula ngluhuraken Paduka lan manembah sih Paduka, nyuwun supados Paduka milujengaké tiyang-tiyang ingkang ical ingkang dereng wanuh kawilujengan ing salebetipun Kraton Paduka. Kawula ngangkat dhumateng Paduka tiyang-tiyang ingkang ngorong kayektosan ing salebetipun papan manggenipun, lan kawula ngangkat nami sawetawis tiyang ingkang lumawan katresnan Paduka. Kawula ngaturaken panuwun bilih Paduka midhangetaken pandonga kawula lan nyarasaken, milujengaken lan amberkahi kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiyé anggoné Gusti Yésus ngapura dosa wong kang lumpuh iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)