Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 091 (The Baptist´s Disciples Question)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

9. Pitakonan Saka Muridé Yokanan Pembaptis Ngenani Puasa (Matéus 9:14-17)


MATÉUS 9:14-15
14 Kacarita para sakabate Nabi Yokanan padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus, lan munjuk: “Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat Paduka kok boten?” 15 Paring wangsulané Gusti Yésus: Apa para mitrané temanten lanang bisa susah sajroning temantené isih ana? Nanging bakal ana wektuné temanten iku kapethal saka ing antarané, ing kono bakal pada pasa.
(Markus 2:18-22; Lukas 5:33-38)

Sang Kristus nuduhaké marang kita makna saka watek mursid kang bener lan kang luput, kanthi jawaban Panjenengané atas pitakonan saka para murid Yokanan Pembaptis, kang nalika iku Yokanan Pembaptis ana ing pakunjaran kahanané ora nyenengake. Anak Zakaria iku wis mulangaké babagan anggetuni tindak luput, mratobat lan pasa. Para kang melu dhéwéké duwé pikiran yén Sang Kristus uga mulangaké para murid Panjenengané bab ajuring ati lan panalangsa supaya Gusti Allah runtuh welasé marang patrap rasa wedi, pamratobat lan anggoné tegen ing sajroné kamursidan.

Katoné pasa iku pance ana sesambungané karo kamursidan. Wong-wong duwé pengarep-arep bakal nampani pangapuraning dosa lan berkah saka Gusti Allah lumantar anggoné pasa. Kaya ngapa nggegirisiné patrap mbeneraké awaké dhéwé iki! Nanging nugraha ora ditampa minangka pituwas, nanging sawutuhé peparing. Pasa ora nyucékaké dosa, lan tumindak ala panjenengan ora bakal diresiki kanthi ngaturaké pisusung. Panjenengan diselametaké krana iman panjenengan marang panebusané Sang Kristus. Sebanjuré pasa panjenengan bakal dadi atur panuwun lan ora kaya panjenengan ngedol apa marang Gusti Allah kanggo nampani apa-apa kang liyané anggon panjenengan manembah ora bakal dadi sarana kanggo mbayar pangapura. Nugraha, kaselametan, pangapura lan panebusan tekané marang kita ana ing sajroning pribadi Yésus Kristus. Panjenengané iku Cempening Allah kang andhap asor kang nyangga kabéh dosa kita lan nyuceni sawutuha kabéh kaluputan kita. Iman kang agawé kita bisa sowan marang Gusti Allah lan erus ana ing sajroné patunggalan kang diparingaké marang kita ing sajroné prejanjian Panjenengané kang anyar. Prejanjian sihing Allah mung ngrangkul wong-wong dosa kang dibenerake. Wong-wong mau dicancang bebarengan ing sajroné prejanjian sihing Allah. Gusti Yésus nampani wong-wong iku dadi mitra Panjenengané lan nyethakaké yén Panjenengané iku pengantin lanang kanggo wong-wong mau. Wong-wong mau bebarengan karo Panjenengané ing sajroné kabungahan kang gedhé! Wong-wong Kristen aja nganti prihatin kaya kaprihatinané wong-wong kang tanpa Gusti Yésus. Wong-wong Kristen aman ing sajroné kangelan lan wong-wong mau terus ana ing sajroné panglipuran kang saka Sang Roh Suci senajana wong-wong mau duwé prekara lan cobaning urip, awit Gusti Allah nganthi wong-wong mau lan Sang Kristus ana ing sajroné wong-wong mau. Sing sapa wanuh hak luwih-luwih kang banget ora ana bandhingané bakal ngluhuraké gusti Allah kanthi kabéh kekuwatané lan ngaturaké panuwun atas nugraha Panjenengané kang gedhé.

Para murid Yokanan nindakaké pasa, sapérangan awit kepéngin mbangun turut apa kang diwulangaké guruné awit guruné uga ora mangan lan ngombe. Wong-wong pakulinané niru apa kang ditindakaké para pemimpiné., senajana ora tansah dilandhesi marang watonan kang padha, sapérangan mung awit melu-melu wulangan pamratobat saka guruné.

Para murid Yokanan ngluputaké para murid Sang Kristus kang ora tahu pasa kaya dhéwéké, “...Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat Paduka kok mboten”?. Para muride Yokanan ora ngerti, yén Sang Kristus tahu mulang supaya kang pasa tanpa nuduhaké anggoné pasa, kanthi mengkono ora katon kaya wong-wong lagi pasa. Awit saka iku, banget ora pantes yén para murid Nabi Yokanan ndakwa para murid gusti Yésus ora pasa, awit para murid Gusti Yésus pancen ora nyaritakaké babakan pasané. Iki nuntun kita marang paugeran kang mratélakaké yén kita ora kena ngakimi kamursidan wong liya kanthi landhesan apa kang bisa kita deleng lan wawasan jagat waé.

Panjenengan gatekaké rerembukané wong-wong ing kana kang ana gandheng rentengé Sang Kristus (11) kang digawa marang para murid, lan pirembugan gegayutan para murid kang digawa marang Sang Kristus (ayat 14). Iki carané mecah belah lan mateni katresnan, ngedu-edu pasamuwan karo abdi gusti, abdi gusti karo pasamuan, lan mitra karo padha mitra.

Nalika wektu kang padha, Sang Kristus nimbali kita supaya dadi peladen Panjenengané. Sapa ta kang bakal nampani, nerusaké marang pepadhané lan ngulemi wong akéh supaya teka ing sajroné patunggalan ing sajroné

Sang Kristus? Apa ta kabungahané saka Sang Juru selamet panjenengan ing urip panjenengan nyurung panjenengan kanggo leladi, kotbah, sakuwat tenagané nyambut gawé kanthi tumemen? Utawa kanggo ngrebut kaya wis mendem banyu cuka kang pahit lan ora gelem nindakaké pegawéan iki kanthi golong gilik nanging mbombongaké awaké ing ngarepe mitra utawa nindakaké prekara kang liya? Kabéh iku kang ora ditindakaké kanthi karilan kanggo kamulyané Sang Kristus bakal agawé panjenengan kaancam nampa pemut bab dina pengadilan. Apa kang bakal panjenengan aturaké marang Gusti nalika panjenengan ngadeg ing ngarsa Panjenengané kanggo ngaturaké jawaban talenta kang wis dipitayaké Panjenengané marang panjenengan?

Gusti Yésus ngandika marang para murid Panjenengané manawa Panjenengané bakal ninggalaké lan mingkrad menyang suwarga. Panjenengané ngrasakaké yén para muride kaweden. Para murid sebanjuré bakal pasa, ndedonga lang sesambat nyuwun supaya Panjenengané énggal bali sacepete. Kanggo kita, kita urip ing sajroné patunggalan kang cerak karo Sang Kristus, awit Panjenengané wis ngesokaké Sang Roh Suci Panjenengané ing sajroné ati kita dadi tanda (bayaran wiwitan) saka sesambungan kasukman antarané penganten lanang karo panganten wadon. Kita ngenténi tekané penganten lanang ing ngarepe umum, kanthi mangkono patunggalan kang ana bisa dipratélakaké ing sajroné kabéh kaluhurané.

PANDONGA: Haleluya, Rama kawula ingkang suci, putra lan Roh suci, ingkang nimbali kawula saking kaprihatinan dosa ing salebetipun kabingahan patunggalan lan merdekaaken kawula saking momotan paugeran dhateng salebetipun prejanjian katresnan Panjenenganipun. Kawula manembah Paduka lan ngluhuraké asma Paduka ingkang suci. Paduka tulungi kawula supados nglantaraken kabungahan Paduka dhumateng para mitra lan para satru kawula kanthi makaten karsa Paduka badhé katingal ing jagat menika.

PITAKONAN

  1. Sapa ta mitra lan penganten wanita lan kepiyé mitra lan penganten wanita iku nglakoni uripe?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 03:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)