Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 088 (Thousand Devils Cast Out)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

6. Sétan Cacah Ěwon Katundhung Saka Wong Loro Kang Kepanjingan (Matéus 8:28-34)


MATÉUS 8:28-34
28 Bareng wus mentas ing sabrang, yaiku ing tlatahé wong Gadhara tumuli dipethukaké wong loro kang padha kasurupan dhemit, tekani saka ing pakuburan sarta banget mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia sing wani liwat ing dalan kono. 29 Lah tumuli karoné padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka kagungan urusan punapa kaliyan kawula, dhuh, Putraning allah? Punapa rawuh Paduka badhé misakit kawula saderenipun mangsa?” 30 Ora adoh saka kono ana babi sapantha gedhé, kang lagi golék pangan. 31 dhemite nuli padha darbe panyuwun marang Panjenengané unjuke: “Manawi kawula sami Paduka dhawuhi kesah, keparenga kawula manjing ing babi sapantha punika. 32 Dhawuhé Gusti Yésus: “Padha lungaa.” Banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku kabéh nuli padha mlayu gumrudug medhun saka ing ereng-ereng jurang, ambyur ing sagara temahan padha mati klelep ana ing banyu. 33 Kang padha ngengon babi mau padha mlayu sara bareng wus tekan ing kutha, padha nyritakaké lelakon iku mau kabéh, uga bab wong-wong kang kapanjingan dhemit mau. 34 Lah ing kono wong sakutha padha metu methukaké Gusti Yésus lan bareng wus padha ana ing ngarsané padha nyuwun kanthi adreng, supaya Panjenengané karsaa nilar tlatahe.
(Markus 5:1-17; Lukas 4:41; 8:26-37; 2 Petrus 2:4; Yakobus 2:19)

Gusti Yésus Kristus iku Gusti atas jagat raya lan uga atas roh ala, awit roh ala ora duwé hak kanggo manggon ing papan, Panjenengané dilairaké saka Roh Allah iku mapan.

Para roh ala nuduhaké kekuwatan ing sajroné prahara kang bisa dadi jalaran pati ana ing telaga Tiberias, yaiku kanthi ndadekaké Gusti Yésus dalah para murid kasilep ing banyu sadurungé tekan ing daratan. Nalika Gusti Yésus ana ing perahu, ndukani roh-roh kang singidan ing sajroné prahara iku, nutup cangkeme para pambalela ing angkasa iku lan nyuwun kanthi iman kang wutuh saka para pandhérék Panjenengané kanthi mengkono para pandhéréké ngerti yén si pangawak dursila iku ora bakal duwé hak utawa kuwasa atas para pandhérék Panjenengané.

Gusti Yésus ngubengi 10 kutha kanthi nyabrang telaga ing laladan wétan. 10 kutha mau duwé hak luwih-luwih saka pemerintahan Romawi. Panjenengané arep nyepi ing kana ngedohi wong akéh kang mburu panjenengané lan ngedohi wong-wong Yahudi kang nganiaya Panjenengané. Wong-wong iku saya tambah-tambah.

Sepuluh kutha iku ora abudaya Yahudi, awit masyarakat ing kana ngingu Babi sawetara wong-wong Yahudi nganggep babi iku najis.

Nalika Gusti Yésus tindak menyang Kuta Gerasa, di derekaké para murid, Panjenengané nglewati kuburan kang kagawé saka guwa watu ing pereng gumuk. Wong loro padha kapanjingan sétan metu saka ing kono. Wong-wong iku katon wengis lan ora ana wong kang wani lewat kono. Asring wong loro iku dicancang, nanging wong loro mau gampang banget ucul saka cancangan senajana nganggo rante pisan. Saben wong lara amarga roh ala kang kuwat bakal ngursak jeroné wong-wong iku.

Gusti Yésus ora ngandika apa-apa nalika Panjenengané arep diserang déning wong loro kang kapanjingan roh iku, nanging ujug-ujug roh mau mandheg lan meneng awit roh kang ana ing wong mau wanuh karo Gusti Yésus. Banjur keprungu pambengoké wong mau kanthi seru, “Kenging menapa Paduka rawuh saderengipun wekdal pengadilan kanggé nyiksa kawula? Kawula wanuh kaliyan Paduka, Paduka menika Putra Allah”. Para roh ala iku, banjur ngerti yén Putra Allah kang Maha luhur ana ing ngarepe. Pancaring kasucén Panjenengané nembus wong loro mau lan ngipat-ipati roh mau. Roh-roh mau ngerti yén dhéwéké wis ditetapaké mlebu ing paukuman langgeng. Roh-roh mau nyuwun supaya Gusti Yésus marengaké tetap bisa ana ing jagat, senajana mung sawetara wektu, mapan ing sajroné babi-babi kang nalika iku lagi dingon ing laladan kono. Kanthi panyuwun iki, roh-roh mau ngakoni panguwasané Sang Kristus atas dhéwéké, yén tanpa ijin Panjenengané mula ora bakal bisa natoni babi iku senajana mung siji waé. pratéla banget déning nglipur kanggo kabéh manungsa. Senajana panguwasa roh ala iku pancen ngedap-edapi, nanging panguwasané winates lan ora seimbang karo patrap alané kang perlu ngerti, panguwasa roh iku kabawah panguwasané Gusti Yésus Kristus kita, mitra lan juru selamet kita. Iblis lan pirantiné ora bisa jumangkah luwih adoh yén ora ana idiné Panjenengane; “... nalika Ingsun ngandika: Tekan ing kené bae, aja kliwat, ana ing kené alunira kang gumunggung bakal padha katambak!” (Ayub 38:11).

Para roh ala nyethakaké asal mulané lan kang dadi sebab 2000 babi mlayu lan njegur ing sajroné tlaga. Nalika wong-wong kang angon babi ngreti apa kang dumadi, wong-wong mau mlayu menyang kutha ménéhi ngerti marang kang duwé badi, nyaritakaké lelakon iku. para pangon mau uga nyaritakaké marang kang duwé babi kepiyé wong-wong kang kapanjingan sétan mau kawarasake. Apa kang dadi critané ndudut atiné wong ing sajroné kutha mau, kabéh kepéngin ndeleng kaélokan kang dumadi ing kana. Nanging nalika wong-wong kutha mau ndeleng Gusti Yésus karo wong loro kang mauné kapanjingan sétan iku lungguh ana ngarsané Gusti Yésus lan wis waras, wong-wong kutha mau wedi marang kasucén Panjenengané lan ngrumangsani kepiyé cemeré urip kang ora bisa jenjem ana ing ngarsa Panjenengané. Awit saka iku, wong-wong ing kutha iku luwih milih budayané kang lawas lah gegayutané karo roh cemer uga nyuwun marang Gusti Allah KANG MAHA SUCI iku supaya ninggalaké wong-wong iku! Sang Kristus nganut panyuwuné wong-wong ing kutha iku lan ninggalaké wong-wong mau awit Sang Kristus ora bakal suwé ing papan ing ngendi Panjenengané ora ditampa, lan ora bakal manggon ing sajroné panguripan wong kang ora kepéngin ditunggali déning Panjenengané. Dadi, Panjenengané ninggalaké wong-wong iku ing sajroné panguwasané roh-roh ala lan sétan-sétan selaras karo kekarepan lan pepinginané (Matéus 5:1-20; Lukas 8:26-39).

Kita ora kena kesusu kandha yén wong iku kapanjingan roh ala. Nanging, manawa ana wong terus terusan nampik Sang Kristus iku Gusti Allah kang ngejawanthah lan kalungguhan Panjenengané minangka jejering Putra Sang Rama, utawa terus terusan sengit marang kasunyatan lan kayektén bab anggoné disalib, bisa uga yén wong iku kepanjingan roh kang lelawanan karo Sang Kristus ( I Yokanan 2:22-25; 4:1-5).

 Sawetara ana wong kang urip ing papan kang ora menakaké, papan kang dikupengi déning roh cemer lan tansah digodha déning roh-roh ala iku. Bisa uga dumadi karena dhek biyené asring gegayutan karo roh-roh mengkono lan asring njaluk tulung marang  roh-roh mau, utawa awit wong-wong mau njaluk pitutur saka tukang ngramal babagan mangsa tembené utawa njaluk pituduh supaya duwé keluwarga kang kasinungan kabejan. Tujuwané supaya urip keluwargané tansah ana ing kabejan njaluk tulung marang roh-roh mau.

Sing sapa duwé pepinginan uwal saka panguwasané roh-roh ala lan saka cancangané roh-roh mau, kudu ngakoné kabéh dosané marang gusti Allah lan medhot sesambungané karo roh-roh kang nyilakakaké iku. Sebanjuré wong iku kudu sowan marang Gusti Yésus, Putra Allah, kang ngapura dosa lan ngalahaké kabéh roh ala lan cemer, kanthi kasucén lan panguwasa kelanggengan Panjenengané. Sang Kristus bakal ngesokaké Roh Suci ing sajroné atiné wong-wong kang wis diapura, supaya wong-wong mau bisa kalipur lan dikuwatake. Nalika wong dimerdekakaké saka roh-roh ala terus maca pangandikané Gusti ing sajroné Injil, anggegulut pangandikané Sang Kristus sing sajroné atiné melu patunggalan kasukman lan ndedonga bareng karo para abdi gusti, wong kang mauné dikuwasani roh-roh ala bakal sawutuhé lan sing mesti bakal uwal saka kabéh roh-roh mau. Sasuwéné wong iku tetap ana ing sajroné patunggalan karo Sang Kristus lan duwé tekad mbangun turut dhawuh lan pangandikan Panjenengané wong iku bakal terus ana ing sajroné kamardikan!

Wong kang nampik Kitab suci kandha, Matéus 8:28 nyebutaké yén nalika Gusti Yésus tekan ing pinggir telaga Tiberias, ing laladan Gerasa, ing kana Panjenengané ketemu karo wong loro kang kapanjingan sétan, metu saka kubur guwa mau; sawetara ing Markus 5:2 lan Lukas 8:28, nyebutaké yén ing kana Panjenengané ketemu karo wong siji kang kapanjingan roh ala.

Kita bisa ménéhi jawaban yén Markus lan Lukas mung nyethakaké yén mung siji saka wong kang kapanjingan iku kang kasar dhéwé lan panguwasané Sang Kristus anggoné nyarasaké banget déning nyata. Iki uga cetha saka tulisané markus lan Lukas yén wong iku kasar, wengis pancen ditulis kanthi cetha kanggo nuduhaké kaagungané kaélokan kang ditindakaké Gusti ing sajroné marasaké wong-wong kang kapanjingan roh ala iku. Anggoné marasaké kanggo kang sijiné kurang ngedap-edapi mula ora dadi kawigaten awit saka iku Markus lan Lukas ora nyaritakake.

Coba manawa ana wong loro mlebu menyang Rumah Sakit jiwa lan ketemu karo wong edan loro. Bisa uga wong loro mau bisa critané kaya Matéus lan Lukas, ceritané dhéwé, lan wong ora mangu-mangu beneré apa kang diceritakaké senajan sing siji mung nyaritakaken salah siji wong kang kapanjingan sétan iku ora sing liyané Matéus nyritakaken loro-loroné pisan. Apa bisa kita kandha yén wong loro iku gawé cerita kang lelawanan? Ora, nanging manawa salah sijiné pancen kabukti nampik cerita saka kancané utawa kosok baliné iku kang disebut lelawanan. Ing sajroné lelakon iki, kita bisa ndeleng cetha tegesé saka tembung lelawanan iku. nanging pinuji asmané gusti! Wong kang kepanjingan sétan iku kamardikaake. Gusti Yésus kang paring kamardikan.

PANDONGA: Dhuh Rama kang suci, kawula abingah-bingah lan ngluhuraken kamimpangan gusti Yésus atas roh-roh awon ing Gerasa lan paring kamardikan tgiyang ingkang kapanjingan roh-roh ingkang manjing ing gesang tiyang menika. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka nguwalaken tiyang-tiyang ingkang kapanjingan utawi ingkang sakit jiwa ing jaman sampunika ing salebetipun asma Sang Kristus. Kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka paring kamardikan dhumateng kawula saking si pengawak dursila lan sadaya pirantinipun ugi nylametaken kawula ing salebetipun patunggilan kaliyan Sang Kristus. Gusti, Paduka sokaké Roh Suci Paduka dhumateng kawula, kanthi makaten kawula saget manunggal ing salebetipun Paduka,kaayoman déning asma Paduka ingkang langgeng. Kawula nyuwun dhumateng Paduka, gusti kawula, kanggé merdikaaken tiyang-tiyang ingkang kapanjingan roh-roh awoh ing sakiwa tengen kawula, kanthi makaten kraton Putra Paduka baka kaluhuraken.

PITAKONAN

  1. Apa kang panjenengan sinau saka anggoné gusti Yésus nguwalaké wong kang kapanjingan roh-roh ala ing sabrangé tlaga Tiberias iki?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:56 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)