Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 085 (Principles of Following Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

4. Watonan Ndhérék Gusti Yésus (Matéus 8:18-22)


MATÉUS 8:18-20
18 Bareng Gusti mirsa wong akéh padha ngrubung Panjenengané banjur dhawuh nyabrang. 19 Nuli ana sawijining wong ahli Torét kang sowan sasrta munjuk: “Guru, kula badhé ndhérék Panjenengan dhateng pundi kemwon anggen Panjenengan tindak.” 20 Gusti Yésus ngandika: “Asu wawar padha duwé rong, lan manuk ing awang-awang padha duwé susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwé panggonan kanggo nyelehaké sirahe.”
(Lukas 9:57-60; 2 Korinta 8:9)

Sang Kristus iku sumber panguwasa karukunan kang maringi kasugihan katresnan Panjenengané marang kabéh wong pracaya, ngrubah ati lan madhangi pikiran. Senajana panjenengané wis maringi kesarasan, Panjenengané tetep sederhana, malah tanpa kagungan pedaleman lan papan kanggo ngaub, awit Panjenengané ora nampa bandha kanggo kasugihan kadonyan lan ora mburu kasenengan donya iki. Panjenengané nyarasaké wong-wong lara kanthi ora susah mbayar lan ora njaluk bayaran awit saka anggoné leladi.

Sang Kristus tetap nyukupaké sarirané kanthi apa kang ana ing sajroné karsa Panjenengané. Kang dadi karsané yaiku paring kamardikan para pandhérék Panjenengané saka pengarep-arep kang luput yaiku pangarep-arep yén para pandhéréké bakal nampa pegawéan, dhuwit, utawa kasugihan manawa para pandhéréké mau manunggal karo Panjenengané. Manawa ana Gereja Kristen kang kasugihen ing sajroné deduwékan kadonyan lan dhuwit, gereja iku ora bakal dadi gereja kang bener, awit katresnan Allah nyurung kita ngagem apa kang kita duwéki lan ora mburu kasugihan. Manawa panjenengan ndhérék Gusti Yésus, aja ngarep-arep bakal sugih, utawa bakal entuk bayaran, utawa bakal entuk kalungguhan, nanging ana ing sajroné panguwasané Allah ing sajroné karingkihan panjenengan, katentreman saka Sang Roh Suci ing sajroné ati panjenengan lan katresnan Panjenengané kang ambanyu mili bakal mancar lumantar panjenengan kanggo wong-wong kang kapencil. Ya iku hal luwih-luwih wong Kristen.

Kita ndeleng ing kené Sang Kristus maringi jawaban marang loro jinis watak kang beda, kang kawitan yaiku wong kang rikat lan semangat, kang kaping loro alon lan duwé ati kang aras-arasen, dawuh Panjenengané diselarasaké karo rong jinis watak iku lan karancang kanggo kita uga.

Wong kang kawitan kang gampang ngumbar janji. Wong iku yaiku ahli taurat, wong ahli lan pinter, wong kang sinau lan tegen anggoné sinau Paugeran Taurat. Ahli Taurat iku nuduhaké anggoné kepéngin kanthi golong gilig arep ndhérék Sang Kristus. Wong iku matur, “Rabbi, kula badhé ndhérék Panjenengan, dhateng pundi kemawon Panjenengan tindak”. Ora ana kang bisa mbandhingi pratéla anggoné duwé niat ndhérék gusti iki. Anggoné nyawisaké pasrah awaké marang Sang Kristus cetha lan tulus banget. Wong iku ora diperintah déning Sang Kristus, utawa déning para murid, nanging atas pepinginané dhéwé, wong iku kepéngin dadi pandhéréké Sang Kristus kang cerak karo Panjenengané. Wong iku wong kang ora njaluk bayara. Anggoné ndhérék kanthi sukarena. Wong iku ora kandha mengkené “Aku pikir kuduné aku ndhérék Panjenengan”, nanging matur, “Kula sampun damel putusan, ingkang kula badhé tindakaken, kula badhé ndhérék panjenengan”. Pratélané iki ora ana watasé lan ora nganggo syarat. Wong iku matur, “Rabi, kula badhé ndhérék Panjenengan, dhateng pundi kemawon panjenengan tindak”. Pratélané iki ora ana watesé lan ora nganggo syarat. Wong iku matur, “Rabi, kula badhé dherek Panjenengan, dhateng pundi Panjenengan tindak,” ora mung “Menyang pérangan liya” saka negara iku, nanging malah nganti tekan pojoké donya pisan. Bisa uga kita bakal duwé anggepan wong iku cocok dadi murid kang setyo, nanging katon banget, saka jawaban Sang Kristus, yén tekade iku kesusu, landhesané cethek lan mung asipat daging waé. Ahli Taurat iki wis ndeleng kaélokan kang digawé Sang Kristus lan duwé pangarep-araep dhéwéké bisa dadi pérangan saka sawijining kraton kang asipat sawetara, lan dhéwéké duwé pangarep-araep bisa ngrasakaké kabungahan ing sajroné kraton iku.

Sang Kristus ndadar apa kang dadi aturé iku supaya bisa mirsani, apa kang diaturaké iku tulus apa ora. Panjenengané nuduhaké marang ahli Taurat iku yén “Putra manungsa,” kang ahli taurat iku duwé semangat ndhérék Panjenengané sabeneré ora duwé papan kanggo nyelehaké mestakané. Katarangan gegayutan anggoné Sang Kristus mlarat iki, kita ndeleng anané prekara kang anéh atas Putra Allah, nalika Panjenengané rawuh ing jagat iki, mapanaké sarirané ing kahanan kang asor, kanthi mengkono Panjenengané malah ora duwé papan kang ayem kanggo nyelehaké mestakané sawijining kabutuhan kan utama kanggo titah kang urip. Manawa Panjnengané kersa njupuk hakikat kita marang Panjenengané mula manungsa bakal ngira, Panjenengané kuduné netepaké kahanan lan kaayeman kang apik dhéwé, nanging Panjenengané malah netepaké kahanan kang ala dhéwé!

Titah kang asor uga kajangkung. Asu awar-awar duwé erong kanggo singitan, senajana kewan iki orang migunané kanggo manungsa. Gusti Allah njangkung, erongé yaiku kratoné kewan-kewan mau. Manuk-manuk iku, senajan manuk-manuk ora bisa njaga awaké, tetap kajangkung lan duwé susuh.

Nalika gusti kita Yésus Kristus ing jagat iki, Panjenengané mapanaké sarirané ana papan kang asor lan ing kahanan kangelan lan mlarat, “Panjenengané mlarat krana kita”. Panjenengané ora kagungan pidaleman, ora kagungan papan kanggo ngaso, ora kagungan omah pribadi lan bantal kanggo nyelehaké mestakané. Panjenegané lan para murid urip saska dedana kang dipisusungaké marang Gusti Yésus dalam para murid Panjenengané. Sang Kristus mbangun turut ing prakara iki, ora mung supaya Panjenengané bisa ing sadengah prekara ngasoaraké sarirané lan ngujudi pameca kitab suci, kang nyethakaké kahanan Panjenengané minangka wong kang mlarat, nanging supaya Panjenengnaen bisa nuduhaké marang kita kayangapa ora gunané kasugian donya lan mulakaké kita goli kacukpan suci, kanthi mangkono Panjenengané bisa maringaké prekara kang luwih becik marang kita, lan kanthi mengkono andadekaké kita sugih kanthi cara kasukman.

Banget anéh yén pratéla kang mengkono dikandhakaké ing sajroné lelakon iki. Nalika ahli torét nawakaké awaké arep ndhérék Sang Kristus, wong bakal duwé pikiran yén Sang Kristus apiké nyurung wong iku lan ngandika, “Ayo, kowé ndak tampa kanthi becik! Aku bakal nggatekaké kowé”. Ahli Taurat mesti duwé kabisan luwih ing sajroné leladi Panjenengané tinimbang karo 12 murid kang asale saka amek iwak iku. Nanging Sang Kristus mirsani atiné lan paring jawaban marang apa kang ana ing pikirané wong iku lan kanthi mengkono mulangaké marang kita cara kepiyé sowan marang Sang Kristus.

Sang Kristus bakal agawé kita, lungguh lan ngetung regané nalika kita ndhérék Gusti mung dadi persyaratané agama waé. Kita nindakaké minangka pandereké Gusti Yésus kanthi akéh tetimbangané. Kanggo milih dalan mursid, ora awit kita ora paham dalan liya, nanging awit kita ngerti ora ana kang luwih becik tinimbang iku. Babar pisan ora ana untungé kanggo agama, manawa ndadeké wong mutusaké sawijining prakara sadurungé tenan-tenan paham. Wong-wong kang nampa sawijing prakara kanthi kesusu bakal cepet ngrucat prakara mau nalika ana bab kang ngganggu wong-wong mau. Kareben wong-wong kang gelem ndhérék Sang Kristus nerti apa pérangan alané lan cemawis ngadhepi maneka werna kangelan.

Gusti mbikak bedané antarané sarira Panjenengané karo para ahli lan ulama biasa, kanthi ngandika yén Panjenengané luwih mlarat tinimbang kewan lan luwih ora duwé papan ngaub tinimbang manuk. Jagat iki dudu dalem Panjenenganipun. Panjenenganipun menika priyantun manca wonten ing jagat, katundung déning manungsa lan disalibaken déning umat kagunganipun lan sing sapa ndhérék Panjenengané badhé bakal dadi wong manca lan mlarat dikaya Panjenengané.

Apa panjenengan gawé putusan ndhérék Gusti Yésus senajana ngadhepi kangelan lan pambengan kang nglarani ati?

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, griya kawula wong ing salebetipun Paduka. Dosa lan arta nguwasani jagat. Kawula tiyang-tiyang manca ing mriki. Paduka paring pitulungan kawula supados mboten mburu kasugihan utawi raos ayem kanggé badan piyambak. Paduka uwalaken kawula saking sadaya pangangen kadonyan kanthi makaten kawula saget karibah dadi para abdi lan kersanipun kawruh badhé kawilujengan kawula ambanyu mili saking kawula dhumateng tiyang-tiyang ingkang madosi.

PITAKONAN

  1. Nganti kaya ngapa Yésus tetep miskin ananing cukup?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:49 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)