Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 086 (Principles of Following Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

4. Watonan Ndhérék Gusti Yésus (Matéus 8:18-22)


MATÉUS 8:21-22
21 Wong liyané yaiku salah sijining siswané matur marang Panjenengane: “Gusti, kawula mugi Paduka parengaken kesah rumiyin badhé ngubur bapa kawula”. 22 Nanging Gusti Yésus ngandika: “Kowé melua Aku, dené wong mati cikben padah angubur wong mati.”
(Matéus 10:37)

Wong akéh sowan marang Sang Kristus, kadudut atiné déning pangandikan Panjenengané kang nguwataké lan panguwasa Panjenengané kang nyarasake. Akéh wong ndhérék Panjenengané supaya bisa krungu saben pangandikan kang dingandikakaké Panjenengané lan ndeleng kabéh kang ditindakaké Panjenengané. Wong-wong mau ngrasakaké sih lan panguwasa Panjenengané kang gedhé lan bisa ngrasakaké kamulyan sipat keallahané. Pangandika Panjenengané banget mrenani ati, awit Panjenengané untuk wong-wong mau marang pamratobat, kaprecayan lan tekad uga nuntut iman ingkang golong gilik saka wong-wong mau.

Salah siji saka kang mirengaké Gusti Yésus ora cemawis medhot gegayutané karo bapaké kang wis tuwa. Wong mau kepéngin tetep bebarengan karo bapakné nganti bapaké iku mati, lan lagi dhéwéké nderek gusti. Nanging sang Kristus pirsa yén wong iku bakal rubah pikirané manawa wong iku bali marang sedulur lan taleré, lan wong iku ora bakal sesambungan karo Gusti Yésus manéh. Awit saka iku Panjenengané dhawuh marang wong kang mangu-mangu iki supaya ndhérék Panjenengané lan ninggalaké bapake. Panjenengané nimbali wong iku saka tanggung jawab keluwargané marang leladi ing sajroné kraton suwarga.

Sawetara juru tafsir mratélakaké yén wong enom iku ujug-ujug krungu pawarta bab patiné bapaké, lan rumangsa yén anggoné ora teka ing upacara panguburané bapaké bakal dadi cacad lan asore. Nanging Sang Kristus nyethakaké marang wong kang prihatin iku yén para pandhéréké Sang Kristus ora ana sesambungané karo kahanan kang bisa cilaka, awit sing sapa ndhérék Putra Allah pindah saka pati marang urip lan saka kaprihatinan marang kabungahan. Kabawah paugeran Taurat, Imam agung lan wong-wong kang mligi leladi Gusti ora kaidinan nyerak marang layon, utawa najisaké awaké malah kanggo bapaké dhéwé awit wong-wong iku wong –wong nazir Tusti (Kaimaman 21:11; wilangan 6:6). Sing sapa kang pracaya marang Gusti Yésus ora kena dikuwasané déning pati utawa kaprihatinan. Wong iku kudu nyesekeaké bab Gusti Allah kang gesang ing sajaroné awaké kanggo bisa uwal saka cancangan keluarga kang agawé wong iku ora bisa nindakaké leladi marang gusti Yésus sawutuhé wektu kang agawé ambon-ambon kang sedhep panguripan kang asipat keallahan bakal mancar saka panguripané. Panyuwun saka murid iku katon mlebu akal nanging ora asipat kasukman. Wong iku ora kapenuhan karo semangat kanggo makarya kunjuk Gusti Yésus, lan awit saska iku nyuwun kanggo leladi keluwargané dhisik, kang katoné sawijining panyuwun kang mlebu malar kanggo dhéwéke.

Ati kang ora rila di dadekaké maneka werna alesan. Kita bisa ngira-ira yén panyurung kanggo panyuwun iki asale saka sih katresnan lan kurmat marang bapaké, nanging kuduné hak kang utama dhéwé diaturaké marang Sang Kristus. Ahli Taurat iku matur marang Sang Kristus, “Guru, kula badhé ndhérék Panjenengan” (Matéus 8:19). Marang pandhérék kang siji iki Sang Kristus ngandika, “Kowé melua Aku” (Matéus 8:22). Nalika mbandhingaké wong loro iku, katon yén kita dituntun marang Sang Kristus déning timbalan Panjenengané marang kita, ora awit janji kita marang Panjenengané “Dadi prekara iku ora gumantung marang kekarepan wong utawa pambudidaya wong, nanging marang sih kamirahan pénggalihing Allah (Roma 9:6). Panjenengané nimbali sapa kang dikersakaké Panjenengané.

Sang Kristus mirsani wong-wong kadonyan iku, wong-wong kang urip nanging mati, ora duwé urip ilahi. Kabéh kang ditindakaké nuntun marang pati, awit roh pati makarya ing sajroné pikiran lan apa kang ditindakake. Kabéh wulangan gegayutan budaya, ekonomi lan politik ora bakal nuntun manungsa marang urip langgeng, nanging kabéh iku mau bakal nuntun mlebu ing neraka. Ora ana pangarep-arep ana ing donya iki kajaba ana ing sajroné Sang Kristus kang gesang kang maringi marang kita urip kang ora ana pungkasané. Sing sapa ndhérék Panjenengané bakal nemokaké Sang Rama kang anyar lan sedulur lanang lan wedok kanthi cara kasukman. Kabungahan ing sajroné keluwarga Allah luwih gedhé tinimbang kasusahan ing sajroné keluwarga manungsa. Panjenengan pracaya waé marang Gusti kanthi golong gilik ing ati panjenengan lan aja cekelan marang ajining diri lan pikurmatan keluarga nganti marang tingkat tartamtu, prekara iku malangi panjenengan nindakaké karsané Gusti Allah.

Kareben kalungguhan kadonyan diiseni wong-wong kadonyan. Aja ngebot-eboti awak dhéwé karo prekara iku. Ngubur wong mati, lan mliginé ngubur bapak iku pagawéan kang lumrah, apik banget, nanging ing sajroe sawwetara wewengan prekara iku dudu tanggung jawab panjenengan. Bisa waé prekara iku ditindakaken déning wong-wong liya, kang ora ditimbali lan netepi persyaratan dikaya panjenengan kanggo leladi Sang Kristus. Panjenengan duwé babagan liyané kang kudu panjenengan tindakaké lan aja ninggalaké katetepan persyaratan iku.

PANDONGA: Dhuh Rama ingkang Suci, kawula manembah Paduka awit Paduka sampun maringi gesang langgeng ing salebetipun putra Paduka kanthi makaten kawula saget cepengan dhumateng Panjenenganipun lan mboten nate nilaraken Panjenenganipun. Paduka paringi pitulungan supados mboten gadhah pemanggih keluarga kawula langkung penting tinimbang Paduka. Paduka paringi pitulungan supados kalenggahan kadonyan kawula mboten ngirangi peladosan kawula dhumateng Paduka. Paduka uwalaken kawula saking raos ajrih bab pati lan dadosaken kawula sentosa ing salebetipun kabingahan panggesangn Paduka kanthi sadaya tiyang ingkagn madosi kalanggengan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé gusti Yésus nyegah nonoman iku nekani panguburané bapake?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:51 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)