Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
3. Menang Tumrap Kekarepan Ala (Matéus 6:19 - 7:6)
b) Precaya Marang Panjangkungé Rama Kasuwargan Panjenengan (Matéus 6:25-34)MATÉUS 6:25-34 Iki salah siji kotbah Sang Kristus kang banget ngedap-edapi! Simpenen iku ana ing ati panjenengan! Kaya ngapa agungé kotbah Gusti Yésus iki kang ngrembuk gegayutan keyakinan bab panjangkungé Rama Kasuwargan. Sing sapa kang krungu lan pracaya marang pangandikan iki, bakal ngrasakaké tentrem rahayu kang langgeng, kang ana ing sajroné atiné. Dikaya bayi kang pracaya marang pangrumate bapaké, mengkono uga Gusti Yésus ngersakaké nuntun kita marang iman sawutuhé marang Gusti Allah Sang Rama kita lan katresnan Panjenengané kang langgeng kanggo kita. Sing sapa kapenuhan karo sihé Gusti Allah, kauwalaké saka coban nglumpukaké dhuwit kanggo awaké dhéwé, lan terus terusan ngaturaké korban kanthi penuh kawicaksanan, nanging bakal digodha déning Iblis kanthi cara kang beda-beda. Iblis bakal mbisiki marang wong iku, “Dhuwitmu ora cukup kanggo kowé! Sapa kang bakal ngurus kowé manawa kowé lara? Sandhanganmu wis lawas, lan regané dhuwur. Undhak-undhakan ekonomi obah marang krisis kang siji menyang krisis liyané. Amana awakmu, sinau, gunaké kabéh cara, slametna dhuwitmu supaya kowé bisa urip kanthi tentrem.” Nanging Sang Roh Allah ngalahaké anggoné duwé kawigaten kang kebablasen marang awak dhéwé babagan rasa kuwatir lan nuntun panjenengan marang kawigaten Sang Rama kang mirsani panjenengan kanthi sempurna. Iki ora ateges yén panjenengan mung meneng waé tanpa nyambut gawé, ngenténi gusti Allah mbuka lawangé langit. Nanging, katresnan Sang Kristus paring kamardikan panjenengan supaya mbudidaya lan iktiar kanthi tentrem rahayu, tanpa ana rasa wedi utawa ngakali. Patunggalan panjenengan karo Sang Kristus bakal nguwalaké panjenengan saka rasa kuwatir lan sebanjuré nguwataké panjenengan supaya ngandel marang katresnan Sang Rama kasuwargan panjenengan, kang nitahaké kang Mahakuwasa. Panjenengan pirsani manuk-manuk nalika padha mangan apa kang ora ditandur lan gampang banjur mabur menyang ngendi waé nemokaké panganan. Luwih manéh Rama Kasuwargan panjenengan ngidinaké panjenengan sowan marang Panjenenganené awit Panjenengané piyambak bakal nggatekaké panjenengan lan njangkung panjenengan. Panjenengané ménggalihaké bab panjenengan lan bisa maringi panjenengan pagawéan kang cocok lan mitulungi panjenengan supaya tetap alaku sareh lan setia. Rama kasuwargan panjenengan maringi panjenengan raga kang ngedap-edapi, kebak karo panguripan, kang isih dadi kengkeran kang durung dimangérténi déning para ilmuwan. Apa tau panjenengan nggatekaké tuwuhing kembang, lan woh-wohan, kan nuduhaké kaagungan saka kang Nyipto? Panjenengan gatekaké tuwuhan kanthi nggunakaké mikroskop lan panjenengan sinaua. Ambuné kembang mawar lan sinaua yén kabéh kaéndahan lan tatanan alam jembar iki mung sunaring kaluhuran kang nitahaké kang agung kang mrenata lakuné lintang-lintang ing aluré lan ngerti gunggungé atom kang ngubengi ing sakiwa tengené sariné atom. Panjenengané uga wanuh panjenengan, nuntun lan nresnani panjenengan, awit Panjenengané iku Sang Rama kasukman panjenengan. Kabéh kang ana ing jagat iki dititahaké, nanging, mung panjenengan kang lahir saka Roh Panjenengané kang ora kaciptakake. Panjenengané wis ngorbanaké Sang Kristus kanggo panjenengan. Apa bisa Panjenengané nyupekaké panjenengan? Mokal kanggoné Sang Rama kasuwargan ora ménggalihaké panjenengan ing urip panjenengan saben dinané. Rasa kuwatir lan kaprihatinan panjenengan nuduhaké iman panjenengan kang cilik, lan pasambat panjenengan iku patrap nyingkur bab kasaénan Panjenengané. Katresnan Allah luwih jembar lan luwih jero tinimbang segara. Rahmat Panjenengané kaya langit. Panjenengané ngandika marang panjenengan: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganinSun” (Yésaya 43:1) Gateké lan wawasen pangandikané Gusti Allah lan sinaunen keselametan Panjenengané. Mlebua ing sajroné wulangan Sang Kristus lan layani Kratoné Allah ign sajroné obah mosiké panjenengan. Panjenengan buwang kabéh rasa ora pracaya, rasa kuwatir, rasa panalangsa lan pasambat panjenengan, lan kumandela marang Sang Rama kasuwargan panjenengané kang nggatekaké panjenengan kanthi setyo. Sang Kristus ngangkat panjenengan saka rasa kuatir panjenengan, lan Sang Roh suci bakal paring kabisan panjenengan supaya ora gojang-ganjing ing mangsa pandadaran. Wong-wong kang ora pracaya golék prekara kajasmanen, nanging panjenengan tinimbalan déning gusti Allah. Ngungkurna saka prekara kadonyan lan panjenengan cekelan marang asta Panjenengané kang nuntun lan uripa ing sajroné Panjenengané ing sajroné urip kang langgeng. Badan panjenengan mesti bakal mati ing titi mangsané mengko, nanging iku dudu pungkasan, awit urip kasukman panjenengan karo Sang Kristus bakal ana ing sajroné Gusti Allah. Aja ngidinaké rasa wedi lan rasa kuwatir, becik sing gedhé utawa sing cilik kang ngalahaké iman panjenengan, tetap cekelan teguh marang panjangkungé Sang Rama panjenengan, awit Panjenengané cemawis maringi apa kang dibutuhaké lan sacukupe kanggo urip panjenengan supaya leladi Panjenengané lan tansah ngluhuraké Panjenengané kanthi keyakinan panjenengan. Underna kawigaten panjenengan marang gusti Allah lan watonan Panjenengané lan panguripan panjenengan mengkoné bakal tumata dhéwé, awit anané Gusti Allah bakal nyucékake. Disinau urutan saka panyuwun ing sajroné donga wulangané Gusti lan panjenengan bakal sinau makna lan tujuwan saka kraton Ilahi ing sajroné panguripan panjenengan lan kadudut saka Sang Rama ing sajroné urip panjenengan. Panjenengan sucékaké asma Panjenengané , pikiren Kraton Panjenengané lan wartaké Injil lumantar tembung, donga, ing sajaroné leladi lan pangorbanan. Aja nguwatiraké awak dhéwé luwih saka kang liyané nanging luhurna kayektén Ratu kasuwargan lan panguwasa Kraton Panjenengané kanthi mengkono wong-wong kang ilang bisa mlebu ing sajroné panguwasané keselametan. Sebanjuré sang Ratu bakal nggatekaké kawigaten panjenengan, nanggung panjenengan lan amberkahi panjenengan ing saben pérangan panguripan panjenengan. PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, atas kasaénan Paduka minangka jejeripun Rama, kawigatosan Paduka ingkang mboten nate telas kanggé kawula lan atas pangapunten dosa kawula. Kawula ngaturaken panuwun atas pitulungan Paduka ing salebetipun kangelan lan maringi kwula sacekapipun ing salebetipun gesang lan kelanggengan. Tebihna kawula saking pasambat lan saking kekirangan iman. Paduka paringi kekuatan kawula kanthi keyakinan ingkang ageng ing salebetipun katresnan Paduka, lan Paduka uwalaken kawula saking raos kuwatos ingkang langkung-langkung babagan badan kawula piyambak kanthi makaten kawula saget saéstu-estu madosi kraton Paduka lan martakaké kayektosan Paduka langkung rumiyin ngantos pungkasan. PITAKONAN
KUISPara maos kang kinasih,
Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku: Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |