Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 070 (Seeking Reconciliation)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
2. Tanggung Jawab Kita Tumrap Gusti Allah (Matéus 6:1-18)

d) Golék-Golék Karukunan Kang Ora Bisa Kaselaki (Matéus 6:14-15)


MATÉUS :14-15
14 Sabab, manawa kowé padha ngapura kaluputaning wong, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura marang kowé. 15 Nanging manawa kowé ora ngapura marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura kaluputanmu”
(Markus 11:25)

Kaya ngapa anggoné ngisin-isinaké yén nganti gusti Yésus nyethakaké marang kita mbolan-mbaléni babagan katresnan kang ngapura iku kelakoné saka paugeran. Manawa kita kanthi sengaja ninggalaké katresnan Allah, kang Maha Kuwasa iku bakal dadi anéh kanggo kita, lan manawa kita mangkotaké ati kita marang Panjenengané kita bakal nampani pengadilan.

Dadaren awaké panjenengan dhéwé, sedulur. Apa Gusti Allah wis nganyaraké badan panjenengan lan ngalimputi panjennegan karo rahmate? Lan kepiyé carané anggoné nganyaraké kang anyar iku.

Rama kita ing suwarga wis nimbali panjenengan supaya nyebaraké tentrem rahayu kasuwargan marang wong ing sakiwa tengen panjenengan, awit para putra Allah iku kang nggawa rukun. Apa panjenengan ana sedulur sing panjenengan sengiti? Iki bakal dadi wong kang penting dhéwé ing sajroning urip panjenengan, awit Gusti Allah wis ngutus wong iku kanggo ndadar panjenengan lan mawas ati panjenengan, apa kanepson lan pangigit-igit isih ana ing sajroné awak panjenengan. Roh kang Maha kuwasa iku ngersakaké nyirnakaké rasa sengit panjenengan, ngalawahaké lara ati panjenengan uga mulangaké marang panjenengan koma-koma, ngapura,ngati-ati, sabar lan alus bebuden kanthi mengkono panjenengan bisa nampa wong kang angel iku, temen-teman nresani dhéwéké, abungah-bungah saben ketemu dhéwéké, ngajak wong iku menyang omah panjenengan lan agawé wong iku rumangsa ditampani ing ngomah panjenengan. Pangapura Gusti Allah diwartaké marang kabéh manungsa, lan pangapura kita antarané siji lan sijiné yaiku saka landhesan Prejanjian Anyar iku. Manawa landhesan iki ora dingreteni, panjenengan ora bakal manunggal ing sajroné Kratoné Allah. Katresnan marang satru panjenengan iku woh saka kapiyandelan panjenengan. Ing sajroné kurang pangapura iku panjenengan lumawan pakaryané Sang Roh suci ing sajroné lan ing sakiwa tengan panjenengan. “Tresnanana satrumu, berkahi satrumu kang ngipatai-ipati kowé, tumindaké becik marang wong-wong kang sengit marang kowé lan ndedongaa kanggo wong-wong kang mupangataké kowé lan nganiaya kowé”. Tindakna dhawuh kang kebak rahmat iki, lan panjenngan bakal dadi putra-putra Allah lan panjenengan ing sajroné Sang Kristus. Nanging manawa panjenengan tansah mangkotaké ati panjenengan, males dhendem, nepsu marang satru panjenengan, duwé patrap marang para satru kanthi kebak rasa sengit, kasar lan ngungkuraké Sang Kristus. Kabéh donga lan kamursidan panjenengan iku mung lelamisan lan apus-apus thok.

Nalika rasul Paulus dilebokké ing pakunjaran bebarengan karo mitrané Silas, wong loro iku memuji Gusti Allah, senajana sikile dirantai nganti getihé netes saka sikile. Nanging, wong loro mau ngresnani wong-wong kang nganiaya dhéwéké lan wong-wong kang njaga pakunjaran di dongakaké karo wong loro mau. Dumadi lindhu gedhé, akéh ati kang dirubah, wong-wong jaga pakunjaran iku mratobat. Nalika Stefanus dibalangi watu, Stefanus ndedonga kanggo wong-wong kang mateni dhéwéké, awit kabéh putra Allah nuladani panguwuh saka Kang sinalib iku “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangertos punapa ingakng dipun tindakaken” (Lukas 23:34).

Katresnan Gusti Allah ngapura kita saka kabéh dosa kita. Sing sapa mangerti prekara iku lan ngwengakaké ati kanggo para satruné ndeleng kasuwargan tinarbuka, dikaya Stefanus, lan ngrasakaké pangwasané Gusti Allah makarya kaya Paulus lan silas nalika kanthi ati sabaré nuntun wong akéh marang pamratobat lan nuntun wong akéh wanuh marang Gusti Allah minangka jejeré Rama. Dadaren awak panjenengan dhéwé. Apa panjenengan ngidinaké Sang Roh Allah manunggal lan makarya ing sajroné urip panjenengan?

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula mratobat sawetah manah kawula lan kanthi niat ingkang golong gilik. Paduka apunten kawula gegayutan kalian anggen kawula gumunggung lan Paduka wucal kawula bab kasucén, pangapunten lan alusing bebuden putra Paduka. Paduka tulungi kawula babagan ngapunten sadaya tiyang atas kalepatan tiyang-tiyang kalawau kados dené Paduka sampun ngapunten kawula, awit Paduka sampun angluberaken dhumateng kawula kasaaenan, rahmat, lan kamirahan. Ribah raos sengit kawula kagantos katresnan lan rahmat Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang kudu ana ing urip kita supaya ana gegayutan ing sajroné patunggalan karo Sang Rama kita ing kasuwargan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 01:26 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)