Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 054 (Forbidding Adultery)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

b) Maleri Laku Jino Uga Ateges Luru Kasucén (Matéus 5:27-32)


MATÉUS 5:27-30
27 “Kowé wus padha krungu pangandika mangkéné: Sira aja laku jina! 28 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduwéni krenteg marang dhéwéké, iku wus laku jina sajroning atiné. 29 Mulané manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing neraka. 30 Lan manéh manawa tanganmu tengen dadi jalaraning piala, kethoken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining péranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungaké ing naraka.
(Pangentasan 20:14; 2 Samuel 11:2; Ayub 31:1; 2 Petrus 2:14)

Sang Kristus kang paring Paugeran ilahi ing sajroning Prejanjian Anyar. Panjenengané nyethakaké makna kang penting saka paugeran kang lawas lan njléntréhaké uga mekaraké sakabéhé kanthi kasucén katresnan Panjenengané. Panjenengané ora mbatalaké paugeran kang sadurungé nanging nglakoni sakabéhé kanthi piwulang lan panggawé Panjenengané. Panjenengané kagungan panguwasa ngandika, “Nanging Aku ngandika marang kowé”. Ing sajroné ayat-ayat iki, kita maca sawijining kang diunggulaké saka paugeran nomor pitu kang maringi yaiku tangan kang padha kang wis netepaké paugeran kang asli. Panjenengané kagungan hak lan kawicaksanan kanggé njléntréhake. Paugeran iki lumawan kabéh cemer dosa kang katut pageruan sadurunge. Paugeran kang lawas ménéhi wate marang patrap dosa, paugeran kang anyar marang niat kanggo nindakaké dosa. Karoné dosa iku kabawah akal budi lan telenging ati, lan manawa dituruti, padha-padha banget déning mbebayani.

Sang Kristus nresnani wong-wong dosa lan ngajak wong-wong dosa iku marang keselametan. Awit saka iku, kita aja ngréméhaké wong-wong dosa lan malah kudu nresnani wong-wong mau. Wong lumrahé nuding wanita kang ngandheg ing sajroné dosa lan nglairaké anak kang ora sah, ngipat-ipati patrape kang ala, tanpa ngerti yén awaké dhéwé sebeneré luwih ala manéh, awit sing sapa nyawang wong liya kanthi mata kebak hawa nepsu dianggep laku zina ing pamirsanipun gusti Allah. Manungsa kebak karo hawa nepsu,niat kang ora murni lan pepenginan kang cemer. Ora ana wong siji waé kang nindakaken apa kang bener (Jabur 14:3; Rum 3:12). Awit saka iku panjenengan ngati-ati karo patrap lelamisan lan aja nganggep awak panjenengan luwib apik uga sebanjuré nampik lan ngréméhaké wong kang tumindak jino. Akoni lan matura, “Dhuh Allah, kawula tiyang dosa mugi Paduka welasi” (Lukas 18:13).

Apa panjenengan ngerti yén kabéh manungsa dasaré wong dosa? Sang Kristus nyethakaké bab wong-wong dosa kang dicoba iku kanthi ngandika: “Yen mripatmu kang tengen nyasaraké kowé, cukilen lan buwangen”. Sang Kristus pirsa kekarepan ing sajroné ati, sumber piala. Kita mbutuhaké dokter kasukman kanggo nyarasaké lan nganyaraké ati kita kang kebak laku julig. Malah luwih manéh, Panjenengané bakal “Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka énggalaken klayan roh ingkang santosa.” (Jabur 51:12).

Manawa panjenengan ngethok tangan panjenengan kang tumindak dosa, ilat panjenengan isi bakal ana ing badan panjenengan, lan uga, isih kebak tembung-tembung kang ala lan nistha. Ora ana wong siji waé murid Sang Kristus kang nindakaken dhawuh Sang Kristus iki, nanging para murid nampa ati kang anyar, diresiki déning Sang Roh Suci lan nampani kasucén ilahi. Nalika Sang Kristus ngandika, “cukilen mripatmu” lan “Kethok tanganmu,” Panjenengané ora dhawuh kita sawanthah menkono kudu nindakaken mengkono iku, nanging Panjenengané karsa mratélakaké marang kita kahanan kita lan nuduhaké kaya ngapa bebaya, kang lagi ngenténi kita lan kang bisa nggawa kita ing sajroné neraka.

Daging kita cemer lan jiwa kita ala wiwit mula. Nanging rah Sang Kristus kagungan kuwasa ngresiki telenging ati kita saka sabet tumindak kang marakaké pati, lan Roh Suci Panjenengané mangun ing sajroné kita pepinginan kang anyar kang ngalahaké hardaning hawa nefsu kita kang ngalad-alad. Manawa panjenengan tiba ing sajroné dosa, aja terus gupak ing endhut iku. Panjenengan gumregah lan bali marang Gusti. Panjenengané pirsa rasa kapang panjenengan gegayutan karo kasucén, lan Panjenengané nyengkuyung panjenengan ing sajroné nggayuh kamenangan atas daging panjenengan. Manunggale Gusti Allah ing sajroné Sang Kristus, awit Panjenengané iku siji-sijiné dalan kanggo urip kang murni. Panjenengané iku Sang Juru selamet kang sejati, lan juru Pitulung panjenengan kang setyo kang ora ngipat-ipati panjenengan nanging kang tansah nresnani panjenengan. Panjenengané ngenténi panjenengan!

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang Suci, kawula katingal cemer wonten ing ngarsa kasucén Paduka. Paduka apunten kawula gegayutan sadaya pikiran cemer kawula, tembung-tembung reget, lan patrap lepat kawula. Paduka sucékaken kawula kanthi sempurna. Paduka yasa ing salebetipun badan kawula manah ingkang suci lumantar manunggalipun Sang Roh suci Paduka. Paduka apunten dosa-dosa kawula kanthi makaten kawula saget nindakaken tuntunan Paduka. Tulung kawula nyingkiri kahanan ingkang badhé nuntun kawula ing salebetipun cemer lan laku jina. Paduka sucékaken kawula sawetahipun kanthi makaten Paduka mboten badhé misahaké kawula saking Paduka.

PITKONAN

  1. Kepiyé kita dimerdikaaké saka coban kang bakal nggawa kita marang piala lan laku jina?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:37 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)