Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 053 (Forbidding Murder)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS
1. Tanggungjawab Kita Tumrap Manungsa (Matéus 5:21-48)

a) Nyingkiri Pepati Ngudi Karukunan (Matéus 5:21-26)


MATÉUS :21-26
21 “Kowé wus padha krungu, yén para leluhur padha kaparingan pangandika mangkéné: Sira aja memateni, sing sapa memateni kudu diukum 22 Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa nepsu marang saduluré, kudu diukum; sing sapa ngunekaké sadulure: Kapir, kudu diukum déning pangadilan agama, lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthi kacemplungaké ingnaraka murub. 23 Mulané manawa kowé nggawa pisusung menyang misbyah, mangka banjur kelingan yén sadulurmu lagi sengit karo kowé 24 pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau, rukuna dhisik, sawusé banjur balia, nyaosna pisusungmu. 25 Endang rukuna karo lelawanamu nalika lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan,supaya kowé aja nganti diladekaké déning lelawaananmu mau maang jaksa, jaksa banjur masryahaké kowé marang pambantuné temahan kowé dilebokaké ing pakunjaran. 26 Satemené pituturKu marang kowé: kowé ora bakal metu saka ingkono,saderungé kowé nyaur utangmu nganti sah.”
(Pangentasan 20:13; Markus 11:25; Matéus 18:23-35; Lukas 12:58-59; 1 Yokanan 3:15)

Sang Kristus, nganggo panguwasa Panjenengané mbuktekaké Paugeran nabi Musa. Panjenengané nuntun kita ing sajroning pepadhangé kang sumunar, ngatonaké apa kang siningitan ing sajroné ati kita. Panjenengané ora mentingaké marang tafsiran kang sah atas prenatan Krajan Allah, lan ora nyethakaké watonan-watonan pangakon iman, nanging Panjenengané andadekaké katresnan Ilahi Panjenengané dadi ukuran kang bener saka panguripan saben dina kita. Katresnan Panjenengané iku kelakoné paugeran lan kamursidan kang dhasar kanggo Krajan Surga.

Wong kang gawé raja pati pantes nampani pengadilan kang pantes lan paukuman kang abot ing donya iki. Dhéwéké uga bakal nampani bebenduné Gusti Allah ing pengadilan pungkasan lan urip ing sajroné kasangsarang salawase, manawa wong iku ora mratobat lan dibeneraké déning Sang Kristus.

Sang Kristus ngorehaké marang kita yén anggoné nesu kuwi tenanan mula dipadhakaké kaya gawé raja pati kang tuwuh saka jroning ati, kang nerak paugeran nomor enem. Kanepson iku rerasan kang lumrah lan bisa dimangerti, nanging bakal dadi dosa, nalika kita nepsu tanpa aja jalarané kang cetha. Ing wektu, contoné kita nepsu marang anak utawa rewang awit anggoné sembrono utawa luput kang sabeneré kita dhéwé uga bisa waé nindakaké kaluputan kang padha, mula iku jenengé kanepson kang tanpa jalaran. Nalika kanepson iku ngluwihi wates kang lumrah, nalika kita dadi keras lan peteng pandelengan ing sajroné kanepson kita, wengis lan tegel, kebablasen lan ngrusak, lan nalika kita mbudidaya nglarani wong-wong kang kita nepsoni, mula iku kalebu ‘kanepson kang tanpa sebab”. Iki panerak marang paugeran nomor 6, awit kanepson iki bakal dadi raja pati manawa ora ana akibat atas patrap iku. Raja pati kang ditindakaké Kain atas seduluré kawiwitan saka kanepson. Dhéwéké dadi wong kang mateni ing sajroné tetingalan Gusti Allah, kang pirsa ati kita, kang pirsa wiwitané dumadiné pati iku (Matéus 15:19).

Ngomong kanthi basa kang ngréméhaké sadulur kita, iku jenengé mateni krana ilat. Nalika gusti Allah ndadar ati kita, apa kang ditemokaké Panjenengane? Katresnan utawa rasa sengit? Nalika basa kang mengkono iku di kandhakaké kanthi alus lan kanthi tujuwan kang becik, kanggo ngyakinaké wong gegayutan kaluputan lan anggoné bodho, iku ora dosa. Malah Yakobus tahu kandha, “he, wong bodho” (Yakobus 2:20); lan Paulus kandha, “Hé wong bodho” (I Korinta 15:36); Lan Sang Kristus ngandika: “Heh kowé wong kang bodho” (Lukas 24:25). Nanging manawa iku metu saka kanepson lan saka rasa sengit, mula patrap mengkono sawijining keluk saka geni kang asale saka Suwarga lan kalebu golongan raja pati.

“Raca” yaiku tembung pameleh kang dibarengi karo rasa gumunggung. Nalika kandha, “Kowé wong kang ora duwé utek,” patrap ngréméhaké marang pepadhané ora mung kaanggep patrap kejem lan ora ngajeni, nanging uga ala lan ora duwé katresnan. Tembung-tembung kang kejem yaiku “wisa ing ilat” kang mateni meneng-menengan lan alon. Tembung-tembung kang nglarani ati dikaya panah kang banjur natoni (Jabur 64:3), utawa kaya pedang ing balung.

Kaping pira panjenengan ngréméhaké manungsa kanthi nyebut kewan? Yakina yén panjenengan nindakaké mula panjenengan pantes nampani geni neraka sesambungan tembung kang kaya mengkono. Gusti Allah iku katresnan, lan sing sapa ora nresnani kaya Panjenengané nerak paugeran Panjenengané. Kabéh kekarepan kang ora dilandhesi déning katresnan Panjenengané bakal ambruk awit anggoné nresnani kinanthen karo patrap mentingaké awaké dhéwé iku. Sing sapa ora nresnani iku tukang raja pati ing sajroning atiné kang kudu nampani pituwas kanggo wong kang dadi jalaran raja pati. Aja duwé panemu yén tembung-tembung iku mung tembung falsafah utawa kayalan waé; kabéh mau keterangané paugeran ilahi saka Hakim kang bener iku dhéwé. Apa panjenengan ngerti yén panjenengan iku tukang raja pati ing pamirsané Gusti, lan ati duwé karep mateni ana ing sajroné ati panjenengane?

Kita prelu latihan kanggo awak dhéwé ing sajroning katresnan kristen lan kanthi ngati-ati njaga karukunan karo sedulur kita. Manawa saben-saben ana panerak, kita kudu mbudidaya supaya tetap bisa rukun, kanthi ngakoni kaluputan kita kinanthenan anuraga marang sedulur kita, njaluk pangapura saka sedulur iku lan mbayar ganti rugi, utawa ménéhi apa-apa minangka ganti saka kaluputan ing sajroning tembung utawa patrap, dikaya lumrahe. Kita kudu cepet mratobat awit ana loro jalarane:

Sadurungé kita kanthi setyo mbudidaya bisa rukun, mula sesambungan kita karo Gusti Allah ora lagi ana ing sajroné dalan kang suci.

Kita ora bakal ditampa déning gusti Allah, manwa kita tetap ana ing sajroning kanepson, meri, sengit lan kekejeman uga atindak tanpa katresnan. Dosa – dosa andadekaké sungkawané Allah, awit ora ana siji waé kang dadi keparengé Allah manawa prekara iku asale saka ati kang kebak rasa senigt lan sesatron. Donga kang diaturaké ing sajroné kanepson akéh-akéh ilang nggrana ora ana gunané (Yésaya 1:15; 58:4)

Apa panjenengan nresnani satru panjenengan? Manawa panjenengan ngandika iya, buktena. Nekani satru panjenengan lan rukun karo satru panjenengan iku. Aja lelamisan kanthi kandha iya, kaya-kaya ora ana prekara ing antarané aku lan panjenengané. Panjenengan nekani satru panjenengan, thok-thok lawangé lan endhangi satru panjenengan iku. Manawa panjenengan luput, malah mung sakpresen ing sajroné urusan karo satru panjenengan, panjenengan kudu andhap asor lan njaluk ngapura. Panjenengan ngajak wawuhan kang kawitan, awit ya iku pituduh katresnan Allah kang diparingaké marang panjenengan. Kepiyé panjenengan bisa ndedonga marang Allah manawa panjenengan urip ing sajroné rasa sengit kang jero marang pepadha? Pengadilan bakal luwih keras ditibakaké marang wong-wong pracaya kang duwé rasa sengit ing sajroné atiné tinimbang marang wong-wong dosa kang ora mretobat. Lelamisan ing ngarsané Allah luwih nistha tinimbang karo panerak. Cilaka panjenengan manawa memuji Allah nanging nalika iku uga sengit marang pepadha panjenengan! Nyuwuna supaya Allah ngapura gumunggung panjenengan lan nuntun panjenengan marang karukunan kang sampurna. Gusti Allah iku katresnan, lan manawa panjenengan kebak karo katresnan Panjenengané Panjenengané bakal agawé panjenengan kebak welas asih, koma-koma lan dadi putra Panjenengané kang andhap asor. Manawa panjenengan ora nanggapi tujuwan Gusti Allah iki, panjenengan bakal tiba ing sajroné roh sengit- kang dadi tukang mateni wiwit mulané. Apa panjenengan gelem yang gusti Allah yasa ati panjengan dadi alus ati panjenengan kang kaya watu iku? Endhangi lan rukuna karo satru panjenengan mumpung panjenengan karo satru panjenengan isih urip.

PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang suci, sinten ta kula menika? Ing manah kula ingkang paling lebet, kula menika tukang damel pepejah ingkang gadhah manah sengit lan remen nampik kayektosan. Paduka apunten piawon kula. Paduka sucékaken manah kula lan Paduka kumbah kanthi rah Putra tungal Paduka ingkang nresnani kawula ngantos séda sinaosa kawula menika satru Panjenenganipun. Kawula ndedonga supados Paduka kersa ngénggalaké manah kawula kanthi panguwaos Sang Roh Suci kanthi makaten kawula saget kapenuhan kaliyan katresnan lan tekad kanggé rukun kaliyan satru kawula ing salebetipun kawicaksanan lan gesang sesarengan satru ing salebetipun tentrem rahayu.

PITAKONAN

  1. Sapa ta para tukang mateni manut paugerané sang Kristus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:35 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)