Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 052 (Law of Moses in the Law of Christ)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
A - KUTBAH ING GUNUNG: BAB PRENATAN ING SAJRONĚ KRATON SUWARGA (Matéus 5:1 - 7:27) -- KUMPULAN KAWITAN NGNENI SABDANÉ GUSTI YÉSUS

c) Kayektén lan Paneteping Angger-Anggeré Musa ana ing Angger-Anggeré sang Kristus (Matéus 5:17-20)


MATÉUS 5:17-20
17 Kowé aja padha duwé pangira, yén tekaKu iku arep nyuwak Torét utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwan , nanging malah nindakake. 18 Awit satemené pituturKu marang Kowé: Nganti sirnané langit lan bumi iki, angger-angger ora bakalsirna saiyot utawa sacorek, sadurungé iku kabéh kelakon. 19 Mulané sing sapa ngorakaké salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhéwé, sarta memulang mangkono marang wong , iku bakal oleh papan kang asor dhéwé ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakaké lan mulangaké kabéh pepakoning Torét, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga.
(Lukas 16:17; Rum 3:31; 10:4; Yakobus 2:10; 1 Yokanan 2:7)

Do Aja martakaké Injil utawa kotbah kanthi semangat kang makantar-kantar manawa panjenengan ora yakin yén Sang Kristus nimbali panjenengan kanggo leladi, awit Panjenengané ora mung bakal mbobot tembung-tembung panjenengan, nanging panggawé panjenengan uga. Manawa panjenengan ora nindakaké apa kang panjenengan kotbahaké, mula panjenengan mung lelamisan lan apus-apus. Manawa panjengan ora njaga tata laku panjenengan ing sajroné kayektosan, mula paseksen panjenengan ora bakal ana tegesé. Kang panjenengan tindakaké dadi ukuran kanggo apa kang panjenengan omongake.

Sang Kristus waé kang dadi guru sempurna babagan paugeran nabi Musa lan Injil Panjenengané piyambak. Panjenengané ora mbatalaké senajana sethithik kang penting saka Paugeran Torét nanging nindakaké sakabéhé ing sajroné piwulang lan ngetrapaké kang kawahyuaké Prejanjian Lawas kaliyan pratéla-pratéla Panjenengané kang banget déning cetha. Sapa kang sebanjuré bisa kandha manawa Prejanjian Lawas lan Kitab para nabi dipalsu, kamangka Putra Allah wis netepaké kayektosan Panjenenganipun? Ora ana siji iyot kang cilik dhéwé utawa titik kang paling cilik saka wahyu ilahi Panjenengané kang wis ilang utawa rubah. Banget bodho ngréméhaké Prejanjian Lawas, Janji lan dhawuh kang diwartakaké marang para bapa Iman lan para nabi kapilih, saka Allah, wiwit jaman ndisik, kang ngandikan marang manungsa ing sajroné sejarah lan kahanané wong-wong mau. Pangandikané gusti Allah dudu kayalan ora nyata lan dudu uga sawijining pokok kang biasa-biasa waé. Gusti Allah kang suci wis milih wong-wong dosa lan agawé prejanjian karo wong-wong dosa mau, nuntun wong-wong dosa iku kanthi Paugeran Panjenengané lan paring paukuman wong-wong mau ing sajroné bebendhu Panjenengané. Wong-wong dosa kang nyerang lan nampik Prejanjian Lawas pancen apes, awit wong-wong mau nampik Pangandikané Allah lan ing gilirané nampik Gusti Allah piyambak.

Cilaka kanggo manungsa, kang ditimbali Gusti supaya martakaké kabéh pangandikané Allah, nanging ngrubah sethithik utawa nyelaki yén pangandikan iku wahyu Allah. Bakal luwih becik kanggo wong iku dikalungi watu gedhé ing guluné lan di jegurké segara. Kabéh wong kang ngrubah, malsu,utawa maido yén pangandikané Allah ana kaluputané wong iku luput ora mung marang awaké dhéwé nanging marang wong-wong kang lagi pracaya uga. Nalika Sang Kristus nimbali panjenengan kotbah, wartakna pangandikan Panjenengané tanpa wedi lan gunakna kawicaksanan kanthi mangkono panjenengan ora dadi jalaran anané ati kang wangkot ing sajroné awak panjenengan uga wong liya.

Sang Kristus ngundang panjenengan ora mung marang Prejanjian Lawas, nanging uga marang sarirané piyambak. Ing sajroné Panjenengané pangandikanipun Allah kang dadi manungsa. Panjenengané iku Paugeran kang makarya ing antarané kita, manjalma dadi manungsa saka katresnan Sang Rama. Dadi ayo kita ngurmati ora mung tulisan kang ora urip iku nanging marang Putra Allah kang gesang. Panjenengané wis nglakoni Paugeran Tauret kanthi pakaryan Panjenengané ing jagat iki. Panjenengané saiki nyempurnakaké sakabéhé ing sajroné kasetyan donga Panjenengané lan bakal nglakoni sakabéhé ing sajroné rawuh Panjenengaen kang kaping pindho. Sebanjuré, kepentingan saka Paugeran Taurat iku kapungkasi, awit nalika iku langit lan bumi bakal kepungkur; gusti yasa langit lan bumi kang anyar ing kono wong-wong kang dilairaké manéh saka Sang Roh Suci bakal mapan ing sajroné kayektén.

Nanging sasuwéné kita isih ana ing jagat iki, Sang Kristus ngandika marang para murid Panjenengané “Kowé padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowé padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowé, kowé iya padha tresna-tinresnanana uga.” (Yokanan 13:34). Kanthi pangandikan iku, Sang Kristus ngringkes kabéh paugeran Nabi Musa lan Paugeran Panjenengané ing sajroné siji ukara, andadekaké sarira Panjenengané ukuran kanggo katresnan kita. Dadi , Panjenengané iku Paugeran kang manjalma, awit Panjenengané nguripaké apa kang dingandikaaké Panjenengané.

Putra Manungsa pirsa yén ora ana wong kang bisa nglakoni Paugeran Panjenengané kanthi sempurna; awit saka iku, Panjenengané neguhaké lumantar anggoné nebus tumrap anggoné mbeneraké kanthi pepak lan maringaké marang para pandhérék Panjenengané panguwasa kanggé nglakoni dhawuh Panjenengané. Aja kita leladi Allah lan manungsa kanthi nggunakaké kabisané kita dhéwé nanging tetep leladiya kanthi tuntunan panguwasa nugraha Panjenengané dikaya kang dingandikaaké Paulus, sang Rasul, “Sang Roh, kang paring urip, wus ngluwari kowé kabéh ana ing Sang Kristus, saka angger-anggering dosa lan angger-anggering pati” (Rom 8:2). Kanthi mengkono, becik Paugeran Nabi Musa uga Paugeran Kristen ora bakal bisa nuntut kita awit sakabéhé wis dilakoni déning Sang Kristus kanggo kita.

Paugeran nabi Musa diparingaké marang kita kanggo nglatih kita ing sajroné Pamratobat lan kanggo ngadhili kita kanthi cara kasukman, nanging Sang Kristus rawuh kanggo nglakoni paugeran iku nggenteni kita. Sang Roh Suci rawuh marang kita minangka paugeran lan uga dadi kasekten bisa nglakoni paugeran iku. Panjenengané nyurung kita supaya mbangun turut paugeran kanthi cara manunggal ing sajroné kita.

Panjenengan gateké panjangkungé gusti Allah sesambungan karo Paugeran Panjenengané malah tekan pérangan sing cilik dhéwé dikaya kang kacathet kaya dené “sakiyot utawa saktitik”, awit apa waé kang dadi kagungané gusti Allah lan dicap déning Panjenengané senajana cilik banget, bakal dijangkung déning Panjenengané. Paugeran manungsa ora sempurna, nanging gusti Allah bakal nganthi lan bakal jangkung saben iyot lan saben titik saka paugeran Panjenengané.

Sawetara uwong kandha yén kitab-kitab ing Prejanjian Lawas wis dipalsu. Nanging ing sajroné ayat-ayat iki kita maca katetepan kang ora ana bandhingané gegayutan anggoné Taurat ora ana lupute, Jabur lan kitab para Nabi saka Putra Allah Piyambak. Apa waé panyaruwe tanggapan kang kapratélakaké ora ana ajiné kabandhing karo panguwasa Gusti Yésus kang dadi kayektén iku dhéwé.

PANDONGA: Dhuh Kanjeng Rama, kawula ngaturaken panuwun lan ngluhuraken Paduka, awit Sang Kristus sampuan nglampahi paugeran kanthi katresnan lan panandhang Panjenenganipun; Panjenenganipun menika paugeran kang manjalma. Paduka paring pangaksami kawula atas kalepatan lan dosa-dosa kawula. Paduka wucal kawula mbangun turut lan sih rahmat ing salebetipun panguwaos Roh Suci, supados kawula saget ndhérék Sang Kristus lan gesang kabawah panguwaos Panjenenganeipun selaras kaliyan paugeran Sang Roh ingkang punjeripun ing salebetipun manah kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané kita netepi Paugerané Gusti Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2022, at 12:29 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)